Anda di halaman 1dari 2

Asal usule reog ponorogo

Rikala jaman samana ing klanah ponorogo ana pawongn loro padha sektine.
Wong loro iku sak peguron ora tahu rukun ing babakan apa wae, arane singo
barong lan kalana sewandono.
Singo barong lan kelana sewandana iku wong loro sak piguron nanging dadi
mungsuh bebuyutan. Memungsuhane kalorone saya nemen prikolo kalorone
bebarengan ngleboni sayemboro sing sarate ono telu sapa sing menang
sayemboro iku bisa nikah karo putri ayu saka Kediri yaiku dewi
sanggalangit.Dene sarate yaiku :
1. Jaran satus patang puluh papat kembar lan sing nunggangi pisan
2. Janmo aneh sing endase loro
3. Lan tontonan anyar sing durung nate ono.
Sengite singo barong soyo dadi banget bareng weroh mungsue bisa oleh
jaran satus patang puluh papat ora mung kembar nanging duwe buntut
warno emas. Kanthi licik singo barong kongkonan uwong kepercayaane
supoyo ngrebut syarat sing nomer siji wau marang kelana siwandono.
Akhire dadi perang rame banget sing gowo korban akeh ing kaloro lorone
mbanjur singo barong lan kalana sewandana adep adepan perang. Singo
barong meh wae menang ananging wis para isuk srengenge wis metu iku
njalari singa barong kekuatane entek.
Wektu sing kaya ngono iku di werui dene kelono sewandono mulo terus singo
barong di sabdho dadi makhluk aneh sing endhase loro endhas sing nomer
siji singo sing nomer loro merak, kewan sing dadi ingon ingone singo
barong sak lawase manggon ing endhase singo barong mangani tumo.
Sapa nyana, singo barong sing uwes awujud singo lan merak dadekake
kelono sewandono kasil ing syarat kaloro. Syaray katelune kelono sewandono
ngarak singo barong sing wis rubah wujud dadi singo karo diiringi gamelan
aneh sing digawe saka kayu lan pring iku dadi tontonan sing aneh.
Wusanane ing carito kelano kelandono dadi pemenange terus nikah karo
dewi songgolangit lan dadi panguasa kediri, deweke uga marisi kesenian

arak arakan singo lan gamelan sing tumekan saiiki di jenengi reong
ponorogo.

Anda mungkin juga menyukai