Anda di halaman 1dari 2

Asal Usul Tlaga Lipan

Ing kecamatan Muara Kaman kurang luwih 120 kilo meter saka hulu
Tenggarong ibukota Kabupaten Kutai Kartanegara Kalimantan wetan ana daerah
sing dikenal kanthi jeneng Tlaga Lipan. Daerah kuwi kawujud padang amba sing
kebak semak lan suket. Jaman dhisik kutha Muara Kaman lan sekitare ngrupakne
segaran kang jembar. Ing jaman kuwi ana siji kerajan sing pelabuhane ramai
banget amarga kawasane ing pinggiran segara.Ing wektu kuwi ing kerajan
kesebut an sawong putri sing ayu jelita ugo terkenal. Sang putri nduwe jeing
Putri Aji Bedarah putihAyu lan keanehan Putri Aji Bedarah putih iki krungu uga
ana ing raja Cina sing banjur cepet-cepet mangkat kanthi kapal gedhe lan
prajurit tekan ing segara ngarep istana Putri Aji Bedarah putih. Raja Cina banjur
cepet-cepet munggah menyang darat kanggo nglamar Putri kui mau.Sadurung
raja Cina ngendikakake lamarane, saka Sang Putri dhisik raja kuwi dijamu kanthi
mangan bareng. Ananging malang kanggo raja Cina kui mau, piyambake ora
meruhi menawa piyambake nembe diuji saka Putri sing ora wae ayu ananging
uga pinter lan wicaksana. Ana ing saktengahe mangan ing jamuan kuwi, puteri
rumangsa jijik ndeleng cara mangane. Raja Cina kuwi jebulna mangan kanthi
cara ngokop, ora nggunakne tangan anangig langsung kanthi tutuke kaya
segawon. Jelas wae Putri Aji Bedarah putih ngrasa jijik lan piyambake rumangsa
tersinggung, seolah-olah raja Cina kuwi ora ngajeni piyambake. Sawise rampung
dahar lamaran raja Cina banjur disampeke dening Putri, Sang Putri nolak
lamaran raja cina.
Hinaan sing linuwih kuwi tentu wae mbangkitke kemurkan linuwih uga
saking raja Cina kuwi. Wis lamarane ditolak mentah-mentah, hinaan uga sing
ditampa. Amarga isin banget lan nesu, piyambake banjur cepet nuju menyang
perahune kanggo bali kanthi sagenep prajurit sing kuwat kanggo ngalahake
kerajan lan nyulik Putri.Perang gedhe banjur kedadeana antarane prajurit Cina
sing teka kaya gelombang pasang saka segara mungsuh prajurit Aji Bedarah
putih.Kenyatakane prajurit Aji Bedarah putih ora bisa naha serbuan prajurit Cina
sing ngamuk. Putri sing ndeleng peperangan sing ora seimbang kuwi rumangsa
sedhih campur marah. Piyambake wis mbayangke menawa peperangan kuwi
bakal dimenangna saka prajurit Cina.
Putri banjur nginang kanthi celethu, "yen bener aku iki titisan saka dewa
kang sakti, mula dadia sepah-sepahku iki lipan-lipan sing bisa ngalahke raja Cina
serta kabeh bala tentarane.". Kanthi sakedheping mripat, sepah suruh putri mau
malik dadi ewonan lipan sing gedhe-gedhe, nuli kanthi galake nyerang bala
tentara Cina sing lagi ngamuk. Prajurit Cina sing perang kanthi gagah kuwi
mboko siji pada mati merga cokotan lipan. Prajurit sing ngerteni serangan lipan
sing ora bisa dicegah cepet mlayu menyang kapale. Mangkana uga sang raja,
dekne kabeh nduwe niat kanggo cepet mungkur saka Muara Kaman merga lipanlipan sing akeh lan galak kuwi, ananging dekne kabeh ora diwenehi kesempatan
saka lipan-lipan kuwi kanggo mungkur saka Muara Kaman. Amarga lipan-lipan

kuwi wis diucap kanggo membinasakan raja lan prajurit Cina, mula kanthi sak
akeh-akehe lipan pada nyerbu terus ana kapal Cina. Raja lan para prajurit Cina
ora bisa lungo meneh banjur pungkasane dekne mati kabeh. Kapal saka cina iku
ugo angslep saka lautan merga serangan lipan. Putri Aji Bedarah putih langsung
ngilang kanthi gaib, embuh nengendi.Kapal raja Cina sing kelem lan segarane
sing banjur dadi cethek dadi daratan kanthi padang amba kuwi sing banjur
diarani nganti saprene kanthi jeneng Tlaga Lipan.

Anda mungkin juga menyukai