Anda di halaman 1dari 3

Umat Hindu Nindakaken Upacara Melasti

Gunungkidul,Dungkap Dinten Riyaya Nyepi, warsa enggal Saka 1935, tanggal 12


Maret benjing, atusan Umat Hindu saking wewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa
tengenipun nindakaken upacara Melasti, ing Pesisir Ngobaran, Gunungkidul.
Ancasing upacara kangge sesuci dhiri utawi buwana alit, lan buwana agung utawi
jagat raya.
Upacara Melasti kangge mahargya Dinten Riyaya Nyepi, tandha gumantosing
warsa enggal Saka 1935, dipun tindakaken ing Pura Segara Wukir, Pesisir
Ngobaran, Saptosari, Gunungkidul dinten Senen (25/2) siyang. Upacara Melasti
dipun estreni dening atusan Umat Hindu sawewengkon Ngayogyakarta lan sakiwa
tengenipun, kalebet Umat Hindu saking 15 pura ing Gunungkidul. Umat Hindu
katingal tumemen nindakaken upacara dipun pandegani dening Pendheta Puja
Bratha Jati. Miturut Ketua Persatuan Hindu Dharma Indonesia (PHDI)
Gunungkidul, Purwanto, Upacara Melasti mengku werdi sesuci dhiri lan jagat raya,
kangge manunggalaken trihitakarana, sarta minangka rerangkening upacara lan
brata penyepian ingkang badhe dhateng. Kajawi punika, Melasti ugi mengku ancas
kangge sesuci asil pertanian, kanthi nyawisaken sesaji utawi banten, pekuluh,
tumpeng, sarta gunungan.
Upacara Melasti, dipun pungkasi kanthi nglarung sesaji dhateng seganten, kangge
mbucal enem watak manungsa ingkang awon, kama utawi nafsu biologis, srakah,
murka, mada, utawi wuru, bingung sarta drengki lan srei.

Proyek Rel Ganda Nemahi Perkawis Gantos Rugi Tanah


Tim pembebasan tanah proyek rel ganda Kabupaten Kendal, Jawa
Tengah, nemahi perkawis. Ingkang dados sebab, wonten warga
ingkang nyuwun gantos rugi tanah kanthi regi inggil, inggih
punika ngantos 10 juta per meter. Mila ngantos sakniki,
pembebasan tanah ing Kendal nembe kalaksanan 50%.
Miturut pangandikanipun Kepala Bagian Tata Pemerintahan
Kabupaten Kendal, Agung Budi Cahyono, tanah ingkang sampun
dibebasaken namung 45 hektar. Kamangka, tanah ingkang
dipunbetahaken kangge proyek rel ganda kirang luwih 98 hektar.
Tanah ingkang taksih dados perkawis inggih punika wonten ing
Weleri kaliyan Kaliwungu. Ing Weleri,wonten tigang tiyang
ingkang nyuwun tanahipun dipun pundhut kanthi regi 6 juta per
meter. Sawetawis, warga Desa Krajan Kulon, Kaliwungu, nyuwun
Pemkab mundhut tanahipun kanthi regi 10 juta per meter.
Miturut kateranganipun Agung tanggal 8 Januari 2013, regi
ingkang dipun suwun warga punika inggil sanget. Sebab, regi
ingkang dipun temtuaken dening tim saking 800.000 ngantos 2
juta per meter. Punika namung regi tanah, dereng kalebet regi
bangunan.
Agung nambahaken, ing pungkasan Maret 2013, perkawis
pembebasan tanah kangge proyek rel ganda dipunkarepaken
sampun rampung. Wonten Kendal, paling mboten wonten 25 desa
ingkang badhe dipundamel proyek rel ganda. Tanah ing 15 desa
sampun bebas. Nanging, tanah ing 10 desa sanesipun taksih
dipunrembag. Menawi tetep mboten nemahi kesepakatan gantos
rugi, tim badhe nglebetaken perkawis punika dhateng pengadilan,
supados enggal-enggal dipungelar sidang konsinyasi.

TUGAS
Ndoleki unsur 5W + 1H ing PAWARTA nduwur :
1. What(apa) :Lengene bayi di gunting ibune dewe
2. When (kapan):tanggal 25 agustus 2012
3. Who (sopo) :
a. Nur Anani Ana :pelaku
b. Aisyah :korban
c. Arifin :Garwa pelaku
d. Saadah :mbah korban
e. Paman :pamane korban
4. Why (kenapa) :Aisyah di infus amarga mari ngetokake darah akeh teka tangan sing di gunting
ibune
5. Where (Dimana) :Aisyah di rujuk ing RSUD Jombang
6. How (piye) :Aisyah di gawa keluargane menyang RSUD Jombang kahanane parah banget

Anda mungkin juga menyukai