Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum wr. Wb.

Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sedaya
amin.
Para sesepuh pinisepuh ingkang kinabekten;
Bapak kepala dusun ingkang satuhu kinurmatan;
Bapak-bapak kepala rukun warga lan rukun tetangga ingkang kula hurmati;
Sanggyaning warga dusun Bringin ingkang tansah bagya mulya.
Nuwun, sumanga langkung rumiyen tansah sedaya kraos lan rumaos bilih kula sedaya
titah limrah ingkang tansah kapurba lan kawisesa dening Pangeran Dzat Ingkang Maha
Kuwaos, pramila namung dumateng Panjenenganipun kita sedaya tansah ngaturaken
puji syukur inggih awit kemirahan-Ipun, kula sedaya saget makempal wonten ing papan
punika saperlu mengeti dinten ingkang ageng, nun injeh dinten lahiripun bangsa
Indonesia.
Ing saklajenganipun, minangkani sedherek panitia peringatan hari kemerdekaan
Indonesia 17 agustus 2015 menika keparinga kula matur wonten ngarsa panjenengan
sami, ananging sakderengipun kula matur, hambok bilih wonten atur kula samangkih
kathah kekirangan saha atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun agunging
samodra pangaksami.
Sanggayaning brayat agung pedukuhan Bringin, kecamatan Srumbung, kabupaten
Magelang ingkang winantu bagya mulya. Kula sedaya sinaosa mboten nyumerepi
piyambak labuh lebetipun para pahlawan anggenipun sami berjuang ngetohaken jiwa lan
raga kangge mujudtaken kamardhikan negara Indonesia. Ananging saking crita ingkang
kamireng saking pinisepuh utawi saking buku-buku waosan sejarah, saestu sedaya
pengorbanan para pahlawan kagem bangsa Indonesia menika mboten alit lan
sedayanipun saestu tulus ikhlas mboten wonten raos melik menapa kemawon.
Pramila saking menika, mugi kula sedaya saged mendhet satunggaling tuladha saking
perjuangan para pahlawan kamardikan Indonesia. Mugi menapa ingkang dados cita-cita
saha tujuan para pahlawan sagedto kula panjenengan sami gayuh, nun injeh
katentreman lan kebebasan ingkang ateghes bebas kagem nemtoake nasib bangsa
Indonesia.
Sagung para warga ingkang bagya mulya, tugas kita kagem berjoang mboten namung
berjuang nglawan penjajah kemawon, lakung-langkung wonten wekdal menika,
perjoangan tasih dibetahaken kagem nglawan kebodhoan, kasangsaraning masyarakat,
ugi marang kamlaratan. Mila saking menika kanthi pengetan dinten kamardekan
Republik Indonesia kaping 70 tahun 2015 monggo sami cancut tali wanda, gumregut
temandang karya, sepi ing pamrih, rame ing gawe anggenepin gesang wonten ing
masyarakat.
Mekaten dudutan ingkang saged kula aturaken, mugia kenging kagem panglimbang saha
paniting sawetawis muriha kamajenganing nusa lan bangsa. Wonten kasar saha
klentuning atur, saestu kula namung tansah nyeyadhong sihing pangaksama.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai