Anda di halaman 1dari 4

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarokatuh.

Nuwun, kepareng dhumateng Bapak/Ibu Kepala SMA .... ingkang dahat kinabekten,
Bapak, Ibu Guru, Karyawan saha para tamu undangan ingkang kinurmatan. Para siswa kelas
X, XI, saha XII ingkang kula tresnani,
Kasugengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng panjenengan sami. Kepareng
sumela atur, saha nyuwun agunging pangapunten kula kumawatun ngadheg wonten ngarsa
panjenengan, saha nngempil kamardikan panjenengan ingkang nembe lenggah sekeca wawan
pangandikan.
Sumangga ingkang kapisan kula panjenengan sami, tansah manungka puja miwah puji
syukur dhumateng ingkang Maha Kuwaos awit sampun maringaken berkah pangestu
dhumateng kula panjenengan sami, saengga saged makempal manunggal ing papan punika.
Salajenganipun, kepareng kula ngaturaken sesorah babagan Kesenian Tradisional
Ngayogyakarta ingkang sampun ical saking jiwa para kawula muda.
Kesenian tradisional ing Ngayogyakarta menika kahtah sanget, tuladhanipun kesenian
tari gambyong, wayang, gamelan, lan sanesipun. Nanging, amargi kawula muda menika
sampun mboten purun sinau lan mboten seneng kaliyan kesenian dhangka, kesenian
tradisional ing Ngayogyakarta menika kedah dados ical, mboten kathah malih bebasan jaman
disik. kathah kawula muda mboten gegayuhan dados tiyang ingkang kedah jaga kebudayaan
Ngayogyakarta menika. Kawula muda sak menika sampun kedanan kaliyan budaya negara
sanesipun. amargi punika, kesenian tradisional dados ical. Kawula muda nganggep kesenian
tradisional menika bab ingkang 'jadul' utawi kuna. Nanging, anggepan punika kelentu.
Kesenian tradisional menika kedah dijaga kanthi lestari, supados Ngayogyakarta menika
pancet dados Ngayogyakarta ingkang gadah kathah kesenian tradisional. Amargi bab punika,
ing sekolah-sekolah ing Yogyakarta menika gadah pelajaran Basa Jawa lan pelajaran babagan
kesenia Ngayogyakarta inggih menika ancasipun kawula muda saged nglestariaken kesenian
Ngayogyakarta.
Ingkang punika, mangga kula panjenengan sami, siswa SMA.... kedah nglestariaken
badaya ing Ngayogyakarta supados mboten ical saka jiwanipun Ngayigyakarta.
Menika sesorah ingkang saged kula asung, menawi wonten lepat kula nyuwun agunging
pangapunten.
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarokatuh

Anda mungkin juga menyukai