Anda di halaman 1dari 1

INDAH ANDARIESTA

XI A5
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu guru
Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani
Hadirin ingkang kulo tresnani
Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT
amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal
sesarengan kanti sehat wal afiat.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita
sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga
lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian
utawi bencana kangge kita.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi
njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese
yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa
saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan
supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.
Hadirin ingkang kulo tresnani
Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit
ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged
diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah
kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita
sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar
mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.
Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo
nyuwun pangampunten.
Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Anda mungkin juga menyukai