Anda di halaman 1dari 2

PAMBAGYA HARJA TEMANTEN

ANNISA YUNIARTRI
02/XII IPA 5

Assalamualaikum Wr. Wb.


Nuwun, para pepundhen pinisepuh kakung saha putri ingkang satuhu kula
bekteni
Panjenenganipun Bapak Kepala Desa tuwin para perangkat andhahanipun
ingkang jumeneng kinarya pangayoman, ingkang kula hormati.
Para kadang werdha, mudha, tan bineda, ingkang tuhu pantes
sinudarsana.
Mugi Gusti tansah paring kaharjan, ketentreman saha kawilujengan
dhumateng kula panjenengan sedaya. Kepareng sumela atur nggempil
kamardikan panjenengan sekaliayan, kula minangka sesulihipun Bp/Ibu
Purnomo Irianto sakulawarga, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng
panjenengan sedaya.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Asih dene
sampun lumampah Bp/Ibu Purnomo Irianto anggenipun kagungan kersa
ndhaupaken putra-putrinipun ingkang nama Ahmed Zaidan Najib kaliyan
Zerlina Chaira Rani rikala dinten Kamis tanggal 13 September 2012 wanci
tabuh 10.00 wonten ing Gedung Haji Boyolali kanthi wilujeng mboten
kirang satunggal punapa.
Dhumateng para rawuh sedaya, mugi kersa paring donga pangestu
dhumateng temanten kekalih, saengga tansah pinayungan rahmat saha
barokahipun Gusti. Temanten tansah raharja, bagya mulya lan antut
runtut. Mboten kesupen mugi-mughi enggal dipunparingi momongan
ingkang bekti dhumateng rama-ibunipun, agama, bangsa tuwin negari.
Amiin.
Para rawuh ingkang minulya, mboten kesupen Bp/Ibu Purnomo Irianto
sakulawarga aturaken agunging panuwun awit sumbangsih pambiyantu
panjenengan sedaya ingkang sampun rawuh wonten ing pakurmatan
menika.
Ing wasana, Bp/Ibu Purnomo Irianto sekaliayan ngaturaken pangapunten,
menawi anggenipun nampi rawuhipun panjenengan sedaya, nyawisaken
papan tuwin palenggahan lan anggenipun caos pasugatan mboten
ndadosaken rengganing penggalih.
Minangka panutuping atur, saking kula piyambak manawi kathah cicir
cewet atur saha kirang trapsila anggenipun matur, kula nyuwun
pangapunten. Matur nuwun,

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai