Anda di halaman 1dari 4

Asal Usul Telaga Warna Lan Kawah Sikidang

Ana salah sawijining penduduk wonosobo kang paham anane legenda kang
bisa dipercaya penduduk ing kutha dieng, nuturna yen dieng asale saka
bahasa jawa yaiku dhi kang artine gunung lan nyang sing artine para dewadewi. Dadi dieng yaiku gunung papan panggonane para dewa-dewi. Saliyane
iku uga ana akeh candi peninggalan agama hindu antarane ana candi arjuna,
candi srikandi, candi puntadewa, candi sembadra, lan candi semar. Saka
hasil penelitian ahli sejarah kelompok candi arjuna dibangun kira-kira pas
pertengahan abad ke-8.
Ora adoh saka kawasan candi arjuna uga ana telaga warna lan kawah
sikidang. Miturut cerita telaga sing katon warnane ijo, biru, lan bening
amarga kena sorot sumunare srengenge yaiku telaga sing digawe pangeran
calon mantu kanggo sang ratu. Rikala kuwi ana loro calon pangeran sing
arep diangkat dadi mantune. Mula dibuka sayembara kanggo syarat supaya
salah sijine bisa oleh sang ratu, syarate yaiku adu cepet nggawe telaga.
Salah siji pangeran bakal dadi pemenange. Nanging pas ratu isih mlakumlaku, banjur weruh ana telaga sing banyune katon tenang lan bening ana
cahayane amarga kesorot srengenge. Ratu sing isih mlaku-mlaku krasa
seneng banget lan penasaran sapa sing nggawe banyu telaga kang katon
endah kuwi. Banjur ratu nggoleki pangeran sing nggawe telaga kuwi amarga
arep didadekake bojone sang ratu. Akhire keputusan perkara sing menang
sayembara kuwi dibatalke.
Ratu lan pangeran urip rukun lan tentrem kanthi dianugrahi putri. Wektu
kuwi ratu lan anake sing ayu rupane adus ana ing telaga, nanging slendangslendange pada mabur kena angin lan tiba ing sajroning telaga banjur
nglunturi banyu telaga nganti banyune dadi warna-warni. Mula saka kuwi
akhire telaga iku diarani telaga warna. Ana ing lereng bukit sing cepak karo
telaga warna ana kawah kang diarani kawah sikidang.
Manut critane kawah sikidang dipercaya yen kawah kuwi mbiyene ana istana
duwekke sang ratu kang ayu rupane. Arane shinta dewi. Ing sawijining dina
dheweke dilamar marang pangeran sing kabare gagah lan sugih. Nanging
nyatane shinta dewi kuciwa amarga pangeran kuwi nduweni awak manungsa
lan sirahe rupa kijang. Arane kidang garungan. Mula ben ora gampang
nglamar, shinta dewi nduweni siasat lan njaluk syarat. Syarate yaiku njaluk
digawekna sumur sing gedhe lan jero banget ing kono. Wektu kuwi sumure
wis arep rampung banjur shinta dewi karo para pengawale ngurung sumur
kuwi. Kidang garungan wektu kuwi melu kekurung ing sumur banjur akhire
melu kekubur ing sajroning sumur kuwi. Kidang garungan berusaha supaya
bisa metu saka sumur kuwi kanthi ngetokake kabeh kesaktiane banjur iku
meledhak kanthi panas lan lapisane goyang utawa gogrok. Amarga saking

jengkele kidang garungan ngutuk yen kabeh keturunan shinta dewi bakal
nduweni rambut gembel. Mula saka iku ing kutha dieng terkenal karo anane
tradisi upacara adat rambut gimbal.

Anda mungkin juga menyukai