Anda di halaman 1dari 4

PETATAH PETITIH BASA JAWA

Aja ngandakake apa bae kang ora kok ngreteni


Nandur kabecikan panen kabecikan
Cipta, rasa, karsa, daya lan karya kudu saeka
Ruwed renteging donya iki jalaran urip ora padha nindakake kawajibaning urip
Kang wani kang wenang

Duwe sedya becik ora enggal kok tindakake iku padha karo ndhedher wiji laraning ati
Tansah was-was tandha ora saras
Senenging ati ndawakake umur
Wong lara ngarep-arep waras, wong waras apa pangarepmu ?
Lembah manah agawe kuncaraning pribadi

Pinuju bungah elinga susah, pinuju susah elinga bungah


Dhasaring ngaurip iku gotong royong
Jenenge tresna kudu ward nglabuhi lara sengsara
Yen wis janji kudu kok leksanani
Nyampurnakake urip klawan sucining ati

Momor, momot, momong mesthi mikoleni


Gemi iku becik, mung gemine wong cethil kang ora becik
Becik nacada cacadmu dhewe
Thothok-thothoka lawang yen njaluk diwengani
Ngunggulake dhiri bakal diasorake, sapa andhap asor bakal diunggulake

Urip lan pati iku siji


Nuruta kang bener
Cag ceg sauger cocog
Rai iku pangiloning ati
Kawruhana hakmu apa, wajibmu apa
Den bisa ajur ajer
Tumanggap becik marang liyan iku becik
Sabar subur
Witing trisna jalaran saka kulina
Luputing liyan, benere dhewe, padha ngeglane

Pasinaon iku ora ana cunthele


Dhasaring kawruh ora pracaya, dhasaring kapracayan, pracaya
Jare njaluk digugu, lha kok goroh
Yen ora ko kudi apa bisa dadi
Nyenyelengi, njagani kang ora kanyana-nyana

Meneng anggere menang


Guru, digugu ditiru
Beda kulit beda anggit
Thukna kang mathis
Ngaya gelis tuwa

Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani
Nistha, madya, utama, sira kudu bisa mbedakake
Calon, durung mesthi kelakon
Rumangsa pinter, tandha yen bodho
Kawiranganing liyan, tambuhana

Dadiya ragi sarta uyahing bebrayan


Tulungana sing pancen butuh pitulungan
Saben dina umurmu suda sadina
Wani urip kudu wani mati
Luwih mbebayani mogol ing panggulawentahan tinimbang mogol ing pasinaonan
Prakara iku geni umpamane, yen wis mubal angel panyirepe
Dhasare manungsa iku becik, buktine emoh diarani ala
Jiwa kang saras dedunung ing raga kang waras
Yen nedya sugih kudu wani mlarat
Nyata gugunen

Mamerake pintermu padha bae mamerake bodhomu


Gemi, satiti, ngati-ati, kudu diudi
Bares, beres
Thukuling katresnan dupuk-ipuk, disiram, didhangir, dirabuki, diopeni cikben wohe ndadi
Ngajeni ing liyan ateges uga ngajeni awakmu dhewe

Aja dumeh
Nirua kang becik
Cacade dhewe ora tau katon
Ririh, rereh, ruruh, raras
Kabeh kang lagi wiwit iku angel

Dipikir, ditandangi, didhadhagi


Teka katon raine, lunga katon gegere
Salah, seleh
Wong bodho dadi pangane wong pinter
Lair iku utusane batin

Prelu andhap asor, ora prelu ngasorake pribadi


Dhalang mangsa kuranga lakon
Jun lokak kocak kacik
Yen ora ngreti kang ala iya ora ngreti kang becik
Nyata pinter ora kuminter
Melik nggendong lali
Garang garing
Becik ketitik ala ketara
Theleg-theleg ati bebeg pikir puteg kudu ditumpleg
Ngudia amrih ditiru, aja mung tiru-tiru

Aja ndakwa wong sing ora ana


Nepsu iku abdi kang setya, bendera kang jail
Carane sinau iya kudu disinau
Rame ing gawe rame ing pamrih
Kautaman kang kudu kautamakake

Darma bektimu apa


Tansah ngati-ngatia
Sapa siya-siya marang wektu ateges disiya-siya dening wektu
Wong gedhe iku ora rumangsa gedhe
Lumrah ing jaman biyen asu gedhe menang kerahe

Pakulinan iku kodrat kang angka loro


Dhasaring tresna, katresnan
Jangkamu jangkahen
Yen kapeksa nacad, nggunakna tembung manis
Nyabarake atine dhewe bae ora bisa, mendah nyabarake atine wong liya

Mangan amrih urip, ora urip amrih mangan


Gunakna tepa salira
Begja begjane kang lali, maksih begja kang eling lawan waspada
Theng mantheng, aja gojag gajeg
Ngreti manawa ora ngreti, sinaua