Anda di halaman 1dari 1

Cerita Pendek Bahasa Jawa: Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku
ning pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka
ngendi. Kucing dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut
daging empal kuwi. Kanthi modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang
mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak thekek sing miturut
pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis
kaya kulit cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke
meneng wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan
tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe
ki iso mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning
tembok kuwi ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe
rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak
lagu wae ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep
nyanyi. Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut
empal sing tiba mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane
mranani kuwi.

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang
klenthir nalika dialembana dening liyan (Undil - 2012)

Anda mungkin juga menyukai