Anda di halaman 1dari 3

DRAMA BAHASA JAWA “ PETRUK “

Petruk inggih punika putranipun Semar ingkang nomor kalih kaliyan


putranipun Gandarwa. Ingkang kasebat Kantong Bolong tegesipun remen
berdema. Kaliyan Gadhahi watak momong, momot, momor, mursid,
kaliyan murakaki. Petruk ingkang pernah dados raja. Kacarita Pandhawa
kecalan pusaka Jimat Kalimasada.

Puntadewa : ” waduh...awak dewe kelangan pusakane dewe, piye iki ?”


Arjuna : ” padahal kuwi yen ilang awake dewe kelangan kabijaksanaan
kaliyan kamakmuran.”
Mustakaweni: ” ha...ha... pusakamu tak jikuk nak ,ha...ha....”
( kocapa crita putranipun Arjuna Bambang Irawan kaliyan Bambang
Priyambada pengin ngrebut pusakanipun melih )
BI : ” mas awake dewe kudu ngrebut pusakane saka
Mustakaweni !”
BP : ” betul dik!”
Mustakaweni lajeng dhateng
Mustakaweni : ” Ngapa bocah bagus ?”
BI & BP : ” pusakaku ngendi?”
Mustakaweni : ” Ngapa ?”
BI & BP : ” saiki balike pusaka kuwi ora, yen ora perang ae?”
Mustakaweni : ” ayo!”
Perang kawiwitan lajeng BI kaliyan BP saged ngalahake Mustakaweni
lan jimatipun saged kapundut malih lan jimatipun diparengke Petruk.
Namun, Adipati Karna nggih kepencut kaliayan jimatipun niku.
AK : ” truk, jimate lak bokgawa to?”
Petruk : ” ho...ho...ngapa na?”
AK : ” arep tak jaluk?”
Petruk : ” ora etuk, penakimen?”
AK : ” wo... yowis.. tak tusuk kowe!”
Petruk : “ aduh…aduh…sontoloyo kowe!” ( salajengipun Petruk lajeng
mati ).
Ananging...
Gandarwa : “ anakku!” ( lajeng Petruk dipungesangaken melih ). (lajeng
AK ajeng maringke wonten Duryudana, namun,
Gandarwa malih dados Duryudana ).
AK : “ monggo raja.”
Gandarwa : “ yo, tur nuwun.” ( lajeng jimat saged direbut melih kaliyan
Petruk prantara Ramanipun ).
Gandarwa : “ nak, kowe tak ajari silat lan nglawan musuh yo?”
Petruk : “ nggih Rama.”
( Petruk dipunwuruki kaliyan Ramanipun lan enten pesan saking
Ramanipun bilih jimatipun kedah dipasang wonten mustakanipun dados
cunduk lan Petruk sasampunipun niku boten terkalahke lan Petruk ngembara
wonten Negara Ngrancang Kencana lan gadah gelar Prabu Wel Geduwelbeh
).
Prabu Wel Geduwelbeh : “ para raja pada ngadep karo aku!”

Yudistira, Batara Kresna, kaliyan Prabu Baladewa : “wegah iki negaraku


kowe gor ngalahke aku terus isa ngrebut, ora isa !”( ananging, Pandhawa lan
Mandura saged dikalahke kaliuyan Prabu Wel Geduwelbeh)

Prabu Kresna bingung lajeng masalahipun diserahke kaliyan Semar.


Ananging Semar lajeng nimbali Gareng lan Bagong.
Gareng : “ piye dik, mending awake dewe mati kanggo nagara
katimbang ora
Ketemu mase dewe.”
Lajeng peperangan kawiwitan. Mboten enten ingkang menang kaliyan
kalah. Lan sedaya kringetan. Lan...
Gareng & Bagong : ” wah...kok ambu kringete koyo Petruk.”
Lajeng sedaya mboten adu perang melih.
Prabu Wel Geduwelbeh : ” aku ketauan karo sedulurku.” ( batinipun ).
Lajeng Prabu Wel Geduwelbeh mlajar, ananging saged dioyak kaliyan
Gareng & Bagong.
Bagong : ” tak ilitik koe mas?”
Lajeng sedaya kaget Prabu Wel Geduwelbeh balik rupi dados Petruk
melih lan Prabu Kresna tanglet...
Prabu Kresna : ” tujuanmu iki apa?”
Petruk : ” Supados ngingetake menawi sampun dados raja utawi
tiyang inggil
ampun nyepelekake abdinipun.
Akhir critanipun sedaya bahagia lan nyuwun ngapura sedaya.

Pelajaran ingkang kita saged petik inggih punika :


- Ampun nyepelake tiyang ngandhap
- Ampun ngrebut hak kaliyan kagunganipun tiyang sanes
- Gadhahi watak momong, momot, momor, mursid, kaliyan murakaki
TUGAS BAHASA JAWA
” Drama ”Petruk” ”

Kelompok :
Anjar Tiyo Saputro (20)
Aziz Hussein Zakawali (21)
Bimahfud Indranata (22)
Gading Wastuwidya (24)
Ristia Budi Pratama (25)
Yosua Sepri Andasto (27)

SMP N 2 Klaten

Anda mungkin juga menyukai