Anda di halaman 1dari 2

GURUKU

ESWEER ESPEDE.
Wingi nalika sikil iki
Tumapak sadhuwure bumi
Durung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka
Alip, ba, ta, apa dene good morning teacher

Lumakuning srengenge wus ganti


Panyawangku dadi padhang
Tetrawangan.
Rasaku samsaya ...
Ora bisa dakgambarake
Sih tresnamu nabet janget
Sajroning atiku

Lamun tanpa panjenengan


Bisa apa aku nepaki bumi iki?
Leladimu marang aku
Ora timbang karo piwalesku

Bu guru, Pak guru


Jangkahku isih adoh
Uripku isih nyamut-nyamut
Sethithik setetes bun esuk
Iku wis cukup
Tinimbang banyu sekendhi
Marakake ati mati

Lepasen lakuku
Lilakna labuh labetmu
Dakumbare gagasanku
Sedyaku kasembadan
Donga pangestumu
Nuntun marganing sedyaku
PAHLAWAN PAPAT LIMA
Dening : Kadir Wong

Getihmu wis rata


Sumebar, campur krikil lan wedhi
Dadi dalan kang alus lan rata

Balungmu sing pengkuh


Campur semen lan beton
Wis dadi gedhung-gedhung sing prakosa

Dagingmu wis sumebar


Kanggo menehi pangan
Anak turunmu

Suwek-suwek panganggomu
Sing kedleweran getih
Wis dadi sandhangan
Sing maneka warna

Generasiku
Generasi pitu lima
Sing dadi seksi
Durung anane keadilan

Generasiku
Generasi pitu lima
Penerusmu

Berjuang demi pembangunan


Ing negara demokrasi iki

Anda mungkin juga menyukai