Anda di halaman 1dari 3

ULANGAN UMUM SEMESTER GENAP

SMA PSM KOTA MADIUN


TAHUN PELAJARAN 2015/2016

Mata Pelajaran : B JAWA Nama: .


Kelas : X (SEPULUH) Nomor : ..
Hari,Tanggal : Selasa, 24 Mei 2016 Waktu : 90 menit

Carane Gawe Wayang Kulit


Pagelaran wayang kulit minangka tontonan lan tuntunan nganti saiki isih
disenengi wong akeh. Siyaran wayang kulit meh saben dina bisa dirungokake ing
radio genti-genten. luwih-luwih saiki televisi ing saben malem Munggu uga
nyiarake wayang kulit, genti-genten karo wayang golek iku pancen nuduhake yen
wayang isih dadi tontonan kang nengsemake.
Wayang kulit digawe saka walulang utawa kulit kewan. Bisa walulang sapi,
kebo, wedhus, utawa liyane. Sadurunge digawe wayang, walulange luwih dhisik
kudu dipepe nganti garing ing gawangan. Gawangan iki digawe saka kayu.
Gunane kanggo menthang walulang supaya amba lan rata.
Walulang kang dis dipepe garing ing gawangan nuli direseki wulune
nganggo pangot. Pangot iki kanggo ngerok wulu nganti resik babar pisan. Yen wis
resik banjur dirempelas supaya sisa-sisaning wulu entek gusis. Walulang nganti
katon bening kaya kaca. Iku ateges walulange wis mateng utawa siyap digarap
dadi wayang.
Walulang kang wis mateng mau nuli digambari wayang nganggo piranti
kang diarani corekan. Gambar ing walulang mau minangka pola kang sebanjure
ditatah. Anggone natah ditumpangake ing pandukan. Pandukan iku kayu kandel
tur amba kanggo tatakan natah wayang. Ing sadhuwuring walulang diwenehi
tindhih sing bobote kira-kira rong kilo. Gunane kanggo nindhihi walulang supaya
ora mlesa-mlese.
Carane ngempakake tatah sarana ditutuk nganggo gandhen. Tatahe ana
warna-warna, yaiku tatah bedhahan, tatah unton-unton, tatah trentenan, lan tatah
tatasan.
Kang luwih dhisik ditatah yaiku parangan ngarep, mandhuwur tekan ing
praen. Kang pungkasan yaiku natah perangan mata.
Sawise ditatah kabeh, pakaryan sabanjure yaiku nyungging. Nyungging
utawa nggambari nganggo warna kang cocok.
a. Warna putih digawe saka glepung balung dicampur ancur.
b. Warna kuning digawe saka watu atal
c. Warna biru digawe saka nila werdi
d. Warna ireng digawe saka langes utawa kukus lampu
e. Warna abang digawe saka gincu abang
Kanggo campuran, diwenehi landha jangkang lan ancur garing. Sabanjure
wayang disungging, luwih dhisik diolesi warna putih minangka dhasar. Lagi kena
disungging manut warna kang cocok.
Yen nyungging wis rampung, kareben katon gilap kudu diwenehi prada.
Supaya wayang luwih bregas kudu dicawi. Cawi yaiku paes arupa garis-garis alus
banget kaya sawut. Lumrahe cawi nganggo warna ireng. Yen perangan sing ora
dicawi kudu didrenjemi. Drenjem yaiku corek arupa titik-titik ireng kaya bathik
cuwiri, wayange sangsaya katon ngremit.
Pakaryan kang pungkasan yaiku masangi cempurit. Cempurit iku garan
wayang supaya bisa diobahake ana ing pegelaran.
Gladhen
1. Isenana ceceg-ceceg iki nganggo tembung kang mathuk kang kapacak ing
sandhinge!
a. Pagelaran . . . ngantos sapunika taksih dipunremeni Ringgit
tiyang kathah. wacucal
b. Siyaran ringgit wacucal meh saben dinten saged . . .
Dipunmirengak
ing radio.
en
c. Langkung-langkung sapunika televisi ing saben malem
Nyiyaraken
Minggu . . . ringgit wacucal.
d. . . . ateges samudaya ingkang saged dipuntingali Corekan
e. . . . ateges ingkang saged kangge paugeran.
Tontonan
f. Gawangan punika dipundamel saking . . . .
g. Pirantos kangge ngerok wulu ngantos resik, dipunwastani . Tuntunan
. . . Kajeng
h. Pirantos kangge nggambar wayang ing wacucal,
Pangot
dipunwastani . . . .
Pandukan
i. Kajeng kandel tur wiyar kangge tatakan natah ringgit,
Cawi
dipunwastani . . . .
j. Paes arupi garis-garis alus sanget kados sawut, Langes
dipunwastani . . . . Gincu abrit
k. Warni cemeng dipundamel saking . . . .
l. Warni abrit dipundamel saking .

2. Saperangen tembung ing wacan iku wis kok-ngerteni tegese. Nanging isih ana
tembung-tembung angel, kayata :
a. Nengsemake f. paes
b. Dirempelas g. praen
c. Piranti h. bregas
d. Mlesa-mlese i. ngremit
e. Pungkasan j. prada
Tembung-tembung ing dhuwur iku gathukna karo tegese ing ngisor iki!
1. Nyenengke banget 6. Brom, kaya dene cet
2. Ruwet 7. Diresiki nganggo amplas utawa godhong
rempelas
3. Owah, rame-rame 8. gagah
4. Rai 9. Gegambaran, cengkorongan
5. Alat utawa perkakas 10. Keri dhewe

3. Tuladha wong kang nglakokake lan nyiratake iku diarani dhalang.


Goleka gathukane tumrap pakaryan iki!
a. Wong kang nabuh gamelan 1. Jlagra
b. Wong kang nembang kanggo ngiringi gamelan 2. Kemasan
c. Wong kang nyunati utawa netaki 3. Srati
d. Wong kang bakul raja-kaya 4. Empu
e. Tukang gawe gegaman saka wesi 5. Undhagi
f. Tukang gawe barang saka lemah 6. Blantik
g. Tukang gawe barang saka tembaga 7. Gamel
h. Tukang gawe barang saka emas 8. Niyaga
i. Tukang gawe barang saka kayu 9. Guru
j. Tukang natah watu 10.
k. Tukang ndandani montor
Kundhi
l. Tukang ngopeni jaran
11.
m. Tukag ngrumat gajah
n. Tukang ukum kisas utawa pati Sindhen
o. Tukang angon bebek 12.
p. Tukang negor kayu utawa wit gedhe
Kusir
q. Pakryane mulang-muruk
13.
r. Pakaryane nglangokake sepur
s. Pakaryane nglekokake dhokar utawa kreta Bajingan
t. Pakaryane nglakokake grobag 14.
Montir
15.
Sentoloyo
16.
Singanaga
17.
Sayang
18.
Calak/bong
19.
Blandhong
20.
masinis

Anda mungkin juga menyukai