Anda di halaman 1dari 1

KINANTHI

(Bawa)
Keparenga ambo matur
Mring pra rawuh kakung putri
Atur sugeng pepanggiyan
Ugi sugeng amriksani
Kiprahe siswa lan dwijo
Ingkang samya nambut krida yekti
Mugi Gusti paring berkah
Mring kita kang darbe kardi

(Umpak 1)
Sekar mlati ganda arum amrih wangi
Ayo bekti mring gusti kang Maha Suci
Rujak nangka rujakke para sarjana
Aja ewa nglabuhi mring nusa bangsa

Kinanthi 1
Keparenga ambo matur
Mring pra rawuh kakung putri
Ngaturken sugeng rahayu
Ugi sugeng amriksani
Kiprahe sadaya dwija
Kanthi suguh gending Jawa.

(Umpak 2)
Jenang sela wader kali sesonderan
Apuranto yen wonten lepat kawulo
Kembang aren sinawang sinambi leren
Aja dahwen pamrihe dimene kajen.

Kinanthi 2
Kaping pindho aturipun
Suka bekti mring Hyang Widi
Karana lulus raharjo
Ingkang putra siswa mriki
Sembah nuwun tanpa kendhat
Mugi Gusti anjampangi.

(Umpak 3)
Rujak tela rujake wanita tama
Sarwa cetha lakune tansah tinata
Mudha putra putri trahing widadari
Nala ngesti nampani sihing Hyang Widi

Kinanthi 3
Atur amba kaping telu
Pra siswa ingkang sayekti
Tansah pinaringan berkah
Jumangkah tansah ywa eling
Dadya tuladha sesama
Gegayuhan ingkang yekti

Anda mungkin juga menyukai