Anda di halaman 1dari 2

ATUR PAMBAGYA HARJA NGUNDUH PANGANTEN

Nuwun:

Ingkang kinabekten sagung sepuh, pinisepuh

Ingkang kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati

Assallamu Alaikum Wbrt.

Keparenga paring palilah kula semela atur sawatawis, nuhoni pamundutipun Ibu Hartanta, pinangka
sulih sarro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.

Pinangka purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji

syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun peparing

barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.

Menggah atur saking panjenganipun Ibu Hartanta;

Sepisan:

Ibu Hartanta ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan ikang
kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal wedal nuhoni panyuwunipun
Ibu Hartanta.

Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang
maha kuwaos.

Ongka kalih ;

Ibu Hartanta ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda,

Putra miwaha siwi ngunduh penganten sarimbit Bg. Roni..pikantuk putra

Siwinipun ibu .ingakang pidalem ing Purwantara.

Menggah ijab kobul saha pawiwahan sampun kalampahan dinten Jumat Surya 13 Agustus
2004 wonten Purwantoro Wonogiri.

Inggih awit saking pujo- puji , pangestu, saha pandongga ,saking sesepuh, pinisepuh, saha
sangyaning tamu sinedahan ijab Kabul sampun kalampahan nir ing sambi kala.

Ibu Hartanta nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan kepareng paringbekahp
pangestu dumateng temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan inggal
tansah pikantuk pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya ingkang ginayuh sageda jumbuh,
ingkang dipun jongka tansah sumadya. Tinebihno ing godha rencana , cinelakno ing suka rena, Nir
baya nir ing sangsaya..

Ongka tiga

Ibu Hartanta ngaturaken, agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya
kadarman panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken
birawaning panggalih, saha dadosaken lancer, rancak, sumaraking pahargyan ing siang punika.

Ewa semanten Ibu Hartantoanta boten saget atur pinwales punapa-punapa, hamung nyuwun
dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya peparing panjengan ingakang arupi punapa kemawon,kanthi
iklasing panggalih pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken kuncaraning asma
panjengan.

Atur sak lajengipun. Ibu Hartanta anggenipun kagungan kersa ngunduh penganten, sampun
krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten tasih kathah kekiranganipun. Langkung-
langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasilal saha
kirang subosita.

Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung gungan dumateng sanghyaning tamu
sinedahan kepareng paring agunging pangak sami ingkang linangkung.

Ibu Hartanta ugi nyuwung gungan dumateng sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan, kepareng,
lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan.

Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur wonten ngarsa panjengan kirang suba
sito, kiranging trapsila, wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.

Ing wasana mugi rahayu inga pinanggih,

Anda mungkin juga menyukai