Anda di halaman 1dari 5

Assalamualaikum Wr.Wb.

Atur Pembuka

Ingkang kinurmatan, bapak lan ibu guruu saha kanca-kanca ingkang tansah kula
Nyebat Tamu
tresnani.

Sepindah sumangga kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur


marang Gusti Allah ingkang maha luhung lan tansah paring nikmat lan rahmat Atur puji syukur
sahinggo kula lan panjenengan taksih saged golek ilmu, yaiku nindakaken sarta panuwun
sekolah.

Kaping kalih, jumeneng kula wonten ngajenge panjenengan sedoyo minangka


kagem ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda.

Kula lan panjenenga mesti sampun sami mangertosi bilih tanggal 28 Oktober
bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah
sawijining prastawa skral ingkang nuduhake marang kabeh wong bilih bangsa
Indonesia bangsa ingkang anggadahi semangat berjuang, semangat nyawiji
bhineka tunggal ika, semanta merdeka lan dadi bangsa ingkang ngadeg jejeg.

Wondene isi Sumpah Pemuda inggih menika :

1. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia Wigatining atur

2. Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air
Indonesia

3. Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan, bahasa
Indonesia.

Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestarekake lan diamalake kagem
mujudake pengarep- arep cita-cita kamardikan urip makmur, adil lan sejahtera.
Yaiku minangka pelajar / murid, kita wajib semangat lan mempeng anggenipun
sinau. Lan minangka pemuda (usia produktif) kita kedah semangat lan sregep
anggenipun nyambut damel ngisi pembangunan bangsa.

Menika inkang saged kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Ayo kita junjung
Pengejeng-ajeng
tinggi kaluhuran Sumpah Pemuda. lan pangajak

Santen parutan klapa, Cekap semanten atur kawula, Numpak sepur nggawa tali,
Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, Kula nyuwun agunging
pangaksami. Atur Penutup

Wassalamualaikum Wr.Wb.
Assalamualaikum Wr. Wb.



Qollallahu Taala fii kitabihil karim Laqod kaana lakum fii rosuulillaahi
uswatun hasanaah, liman kaana yarjullaaha wa yaumal aakhira wa
dzakarallaaha katsiiraa
Waqola Rosulullahi SAW, Man ahya sunnati, faqod ahabbani, wa man
ahabbani kaana mai fil jannah amma ba'du.
Hadrotil muhtaromin, para alim para ulama wabil khusus syaikhinal kirom
Romo KH. Abdul Matin,SH wa ahli baitih. Pengasuh Pondok Pesantren Sunan
Bejagung.
Al-Karim Ibnil Karim Shohibul Fadlilah Wal Karomah Al habib Syeh Ahmad
Jamal bin Thoha Baagil, Pengasuh Pondok Pesantren Anwarut Taufiq, Batu
Malang.
Ingkang kawula tadzimi, Bapak H. Fathul Huda, Bupati Tuban. Ingkang
kawula hormati ugi, Ibu Kapolsek Semanding, Bapak Danramil kecamatan
Semanding, Bapak Camat Semanding, Bapak Kepala Desa Bejagung,
saha para pejabat pemerintah sahe sipil menopo TNI.
Sesepuh-pinisepuh, jamaah pengaosan ingdalem maengeti dinten Maulid Nabi
Muhammad SAW 1434 Hijriyah wonten ing Musholla Sunan Bejagung
Kidul, ingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Minangka dados pambikaning atur, mangga kita nglairaken raos puji lan syukur
ing ngarsaning Allah SWT, ingkang sampun paring kita pinten-pinten rahmat,
taufiq hidayah saha inayahipun, saengga ing dalu punika kita saged makempal
wonten ing majlis ingkang fainsyaallah kebak barokah punika saperlu
anggrawuhi pengaosan ingdalem maengeti dinten Maulid Nabi Muhammad
SAW 1433 Hijriyah kanthi sehat wal afiyat, boten wonten aral setunggal
punapa.
Kaping kalihipun sholawat saha salam tansah kaatur onjuk dumateng
Habiballah wa syafiul ummah, Nabiallah Muhammad SAW. Allahummma
sholli ala Muhammad. Lan mugi-mugi lumebero syaffat panjenenganipun
dumateng kaluarga, shohabat saha sedaya ummatipun ingkang tansah tumindak
kesaenan. Allahumma amin.
Hadirin ingkang tansah kawula hormati, keparenga kawula minangka dados
pranata adicara wonten ing dalu punika badhe maosaken menggah-runtutipun
acara ing dalu punika.
1. Adicara ingkang Kaping sepindah : Pambuka
2. Adicara Kaping kalih : Waosan Ayat Suci Al-Quran
3. Adicara Kaping Tiga : Prakata Saking Panitia
4. Adicara Kaping sekawan : Sambutan-Sambutan
a. Bapak Kepala Desa Bejagung
b. Bapak Camat Semanding
c. Bapak Bupati Tuban
5. Adicara Kaping gangsal : Gema Sholawat Nabi
6. Adicara Kaping enem : Mauidlo Hasanah
a. Romo KH. Abdul Matin, SH
Pengasuh Ponpes Sunan Bejagung
b. Al habib Syeh Ahmad Jamal bin Thoha Baagil,
Pengasuh Ponpes Anwarut Taufiq, Batu Malang
7. Adicara kaping akhir : Doa dalah Penutup
Mekaten kala wau menggah-runtutipun adicara ing dalu punika. Sarehe wekdal
sampun dalu mangga acara ing dalu punika kita bikak kanthi waosan ummul
kitab.
Liridhohi taala wabissyafaati Rosulillah SAW, Laumul Fatihah....................
Sembahing panuwun, mugi-mugi kanthi waosan surotul fatihah kala wau,
adicara ing dalu punika saged kalampahan kanthi boten wonten aral setunggal
punapa. Lan saged paring manfaat dumateng kita sedaya.
Niti acara selajengipun Waosan ayat suci Al Quran pramila dumateng
panjenenganipun Al Ustadz kawula
sumanggaken.
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Al
Ustadz ingkang sampun maosaken
Lantunan endah Ayat Suci Al Quran. Mugiyo saget paring tambah lancaripun
adicara ing dalu punika, saha saged dados lantaran tambahipun iman lan taqwa
kita dumateng Allah SWT.
Niti acara kaping tiga Prakata saking panitia, pramila dumateng
Bapak wekdal saha panggenan kawula
serahaken.
------------------------------------------------------------------------------------------------
----------------------------------------------
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun
Bapak minangka dados wakilipun panitia
ingkang sampun paring sambutan.
Hadirin rohimakumullah, Dening Panitia Pengaosan ing dalu punika ngaturaken
sugeng rawuh, saha sembahing panuwun dumateng panjenengan sedaya
ingkang sampun purun derek anggrawuhi undangan wonten ing dalu punika.
Niti acara selajengipun, Sambutan-sambutan. Dening sambutan kaping
sepindah badhe dipun aturaken dening Bapak Kepala Desa Bejagung, pramila
dumateng panjenenganipun ingkang kawula hormati Bapak Edi yusanto dalah
ingkang mewakili kawula sumanggaaken.
------------------------------------------------------------------------------------------------
-------------------------------------------
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Bapak Kepala Desa
Bejagung ingkang sampun paring pitedah saha sambutan. Mugiya punapa dipun
aturaken kala wau saged paring manfaat dumateng kita sedaya. Allahumma
Amin.
Kalajeng Sambutan kaping kalih, saking Bapak Camat Semanding, Pramila
dumateng panjenenganipun Bapak dalah ingkang
mewakili kawula sumanggaaken.
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun
Bapak ingkang sampun paring atur sambutan.
Mugiya sedaya pitedah Bapak Camat kala wau saged kalaksanan saha paring
manfaat dumateng kawula ugi kita sedaya. Allahumma Amin.
Niti atur sambutan selajengipun, badhe dipun aturaken dening Bapak Bupati
Tuban, pramila dumateng panjenenganipun ingkang tansah kawula
tadzimi Bapak H. Fathul Huda dalah ingkang mewakili kawula sumanggaaken.
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Bapak Bupati Tuban ingkang
sampun paring pitedah saha sambutan. Mugiya punapa ingkang dipun aturaken
kala wau saged paring manfaat dumateng kita sedaya, saengga saged paring
tambah iman lan taqwa kita sedaya dumateng Allah SWT. Allahumma Amin.
------------------------------------------------------------------------------------------------
--------------------------------------------
Kalajeng adicara kaping gangsal, Gema sholawat nabi, ingkang dalu punika
badhe kaatur dening Grup rebana Remaja Musholla Sunan Bejagung Kidul.
Pramila dumateng sedherek Grup rebana Remaja Musholla Sunan Bejagung
Kidul, wekdal saha panggenan kawula serahaken.
Mekaten kala wau lantunan gema sholawat nabi ingkang sampun kaatur
dumateng Grup rebana Remaja Musholla Sunan Bejagung Kidul. Mugiya
kanthi Gema sholawat nabi kala waun saged dados lantaran tumurunipun
syafaat Kanjeng Nabi Muhammad SAW dumateng kita sedaya. Allahumma
Amin.
Kalajeng adicara inti ing dalu punika inggih Mauidlohasanah, ingkang dalu
punika badhe kawekdar sabda dening Syaikhinal kirom Romo KH. Abdul
Matin, SH. Pengasuh Pondok Pesantren Sunan Bejagung. Pramila ingkang
tansah kawula tadzimi Romo KH. Abdul Matin, SH, wekdal saha panggenan
kawula serahaken.
Allahumma sholli ala Muhammad.
Sembahing panuwun dumateng panjenenganipun Romo KH. Abdul Matin, SH,
Pengasuh Pondok Pesantren Sunan Bejagung ingkang sampun paring pitedah
dumateng kita sedaya. Mugiya punapa ingkang panjenengan aturaken kala wau
saged kalampahan, saengga saged paring manfaat saha tambahipun iman lan
taqwa dumateng kawula khususipun ugi kita sedaya.
Kalajeng mauidlohasanah kaping kalih ugi dipun lajengaken penutup dalah
doa, ingkang badhe kawekdar sabda dening panjenenganipun Al habib Syeh
Ahmad Jamal bin Thoha Baagil, Pengasuh Pondok Pesantren Anwarut Taufiq,
Batu Malang.
Sepindah malih kawula minangka dados wakilipun panitia ngaturaken gunging
panuwun ingkang boten kawantu-wantu dumateng karawuhan panjenengan
sedaya. Ugi Kawula minangka dados pranata adicara ing dalu punika. Menawi
wonten tindak-tanduk saha pangucap ingkang kirang nyeceki dumateng manah
panjenengan sedaya, kawula ngaturaken gunging samudra pangaksami.
Dumateng panjenenganipun Al habib Syeh Ahmad Jamal bin Thoha Baagil,
wekdal saha panggenan kawula serahaken. Allahumma sholli ala sayyidina
Muhammad.....
Cekap semanten atur kawula,
Wallohul Muwaffiq Ila Aqwamit Thorieq
Wassalamualaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai