Anda di halaman 1dari 2

Nama : Muchammad Irfan Ansory

No : 25

Kelas : X MIPA 2

KETHOPRAK

Wonten ing tanah Jawi kathah kita panggihi asli kabudayan ingkang maneka warni.
Paramila saged kawastanan bilih tiyang Jawi punika sugih kabudayan, inggih saking basa,
kasenian, teknologi, lan sapanungalanipun. Asil-asil kabudayan kala wau taksih kasimpen ing
tanah Jawi lan wewengkon sanesipun sae awujud seratan, barang-barang, wewangunan, punapa
dene ingkang boten saged kita tingali nanging saged kita raosaken ingggih punika morma-norma
utawi nilai-nilai ingkang dipunwarisaken deninmg pada leluhur. Saking asil-asil kabudayan kala
wau saged kita mangertosi kados pundi gesangipun tiyang Jawi ugi watakipun.

Asil kabudayan ingkang awujud kasenian tiyang Jawi punika kathah sanget. Asil budaya
kasenian wonten ingkang arupi seni suwanten (tuladhanipun karawitan, tembang, lsp.), seni drama
utawi sandiwara tradhisisonal (tuladhanipun ringgit, kethoprak, sandiwara radhio basa Jawi, lsp.),
seni gerak (beksan), seni ukir, lsp. Nagging kairing lampahipun wekdal saha majenging teknologi,
sadaya kasenian kala wau dangu-dangu kageser saking manahipun tiyang Jawi piyambak. Tiyang
Jawi sapunika langkung remen dhumateng tayangan ingkang ngandhut budaya saking manca
ingkang gampil dipunpanggihi wonten ing radhio, TV, punapa dene medhia sanesipun. Ewah-
ewahan kados punika tamtu ugi njalari ewah-ewahan ing manah ugi penggalihipun tiyang Jawi,
langkung-langkung generasi enemipun. Ringkesipun, sapunika tiyang Jawi samsaya luntur
kejawenipun, langkung remen nuladha budaya manca.

Salah satunggalipun kasenian ingkang suda pamiyarsanipun inggih punika kethoprak.


Kethoprak inggih punika kasenian rakyat tiyang Jawi awujud sandiwara utawi drama tradhisional
ngginakaken basa Jawi, lan nyariyosaken cariyos rakyat tiyang Jawi utawi sanesipun. Kethoprak
punika saged kita semerepi wonten Jawi Tengah, Ngayogyakarta, tuwin Jawi Wetan. Ing Jawi
Tengah lan Ngayogyakarta, kethoprak sampun nyawiji dados budaya masyarakat. Kethoprak
ngantos saged ngasoraken kasenian sanesipun tuwin dipunremeni dening sedaya lapisan
masyarakat ing jaman semanten.
Kethoprak punika ngandhut piwulang ingkang dipunbabar kanthi sarana pralambang.
Dene piwulang wonten ing kethoprak sipatipun boten ngguroni. Piwulang punika salah
satunggalipun inggih sarana basanipun. Ing kethoprak, saged kita tingali bedanipun panginanipun
tembung-tembung tuwin ukara-ukara ingkang katumrapaken bocah, tiyang enem, saha tiyang
ingkang langkung sepuh utawi ingkang langkung inggil drajadipun. Ingkang kados punika ageng
sanget ginanipun tumrapipun warga bebrayan Jawi, awit wekdal-wekdal pungkasan punika
saperangan ageng warga bebrayan Jawi sampun awis ingkang mangertosi undha usukipunbasa
Jawi. Langkung wigatos malih awit undha usuking basa Jawi punika bakalipun nganthi dhateng
suba sita, tata karma saha budi pekerti. Nanging kados kasenian tradhisional sanesipun, kethoprak
ugi sampun kageser ing manahipun para sutresnanipun kaliyan tayangan-tayangan ingkang
ngandhut budaya manca.

Sumber : http://www.guntara.com/2012/09/kethoprak-artikel-berbahasa-jawa.html

Anda mungkin juga menyukai