Anda di halaman 1dari 2

FORMAT PANAMPI PENGANTIN (LAKI-LAKI-PEREMPUAN)

Bismillairrahmanirrahim
Assalammualaikum wr.wb
Alhamdulillah hirobbilalamin wassholatu wassalamuala asrofil anbiyai wal
mursalin waala alihi wasshobihi wassalim wabarigh ajmain amma badu

Nuwun kawula nuwun


Dumateng panjenenganipun utusan Bp. soho Ibu Agus soho pangobyonging
penganten ingkang kinurmatan
Langkung rumiyin kulo ngaturaken wilujeng rawuh panjenengan sedoyo soho atur
pambagayo raharjo wonten ing madyaning pahargyan tuwin nderek bingah soho
nderek ngaturaken puji syukur awit tindak panjenengan sedoyo sampun kaleksanan
kanthi berkahing Gusti Allah SWT, wilujeng boten kirang satunggaling punopo.
Saklajengipun paringipun salam taklim saking panjenenganipun Bp. Agus
sakaluwarga lumantaring panjenengan sampun kawula tampi, mangke badhe kulo
aturaken dumateng ingkang kawogan.
Dawaho sami-sami kulo ugi anyandhi paring pangadikanipun Bp. Moch. Lutfi
lumantar ing kulo ngaturaken salam taklim katur panjenganipun Bp. Agus
sarimbit.
Hamung mawantu-wantu panyuwunipun Bp. Moch. Lutfi saparipurnaning srah
tinampi puniko panjenengan sedoyo sampun keseso jengkar nilaraken madyaning
pahargyan, ananging keparengo pantes paring pangestu dumateng penganten
kekalih sumrambah ing sedayanipun. Mugi-mugi putro penganten kekalih ingkang
ngancik bebrayan enggal sagedo gangsar nampulur wilujeng sapaninggit.
Saklajengipun ambok bilih wonten kirangipun subosito soho tuno dungkaping
penampi dumateng rawuh panjenengan, soho wonten kiranging bujo kromo soho
tapiturutipun kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Bp. Soho Ibu Agus ingkang kinurmatan pasrah panjenengan pinanganten kekalih
inggih kawulo tampi kanthi prayogi. Saklajengipun badhe katindakaken adicoro
pinanganten sacekapipun.
Wasono makaten atur kawulo nuwun
Wabillahit Taufiq wal Hidayah
Wassalammualaikum wr.wb

(pak Lutfi)

Anda mungkin juga menyukai