Anda di halaman 1dari 4

Hadrotil kirom para alim poro ulama para sepuh pini sepuh, wabil khusu

dhumateng Rama Kyai Ab ah Muttaqi Al-Faruq lan Ibu Nyai Qamariyah Al-

Khafidhah selaku pengasuh pondok pesantren Jaesul Falah, Ingkang Insya Allah

kawula tatimakeh sedaya pangandikanipun, saha mboten kesupen Bapak

KH.Nasrudin Saking tlatah Semarang. Ingkang kita tenggo tenggo sedoyo

Fatwah fatwah ipun Bapak Camat ingkang kinurmaten. Bapak Kepala Desa

ingskang Kinurmaten, Bapak/Ibu Guru SMP/MA Jaesul Falah ingkang kinurmaten,

dumateng para tamu undangan ingkang kenurmaten saha wali murid ingkang

kinurmaten, mboten kesupen dhumateng jejeran pengasuh pondok pesantren Jaesul

Falah ingkang Insya Allah kawula taati sedoyo peraturan peraturanipun saha

rencang rencang santri putra maupun santri putri ingkang kawula mulya akeh lan

kawula bangga atem.

Sepindah monggo kita tansah ngetilangaken raos tasyakuran dhumateng

Allah SWT, Ingkang sampun maringi kita sedoya kenikmatan saengga saget

makempal ing pengosan menika kanthi mboten wonten alangan setunggal punapa.

Kaping kalih shalawat saha salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Nabi

Agung Muhammad SAW . kanthi ikror bilisan

Mugi mugi kanthi shalawat menika kita diakani dados umatpun ing dalem

Yaumul Qiyamah Amin Allahumma Amin....


Keping tigo kula mriki minangka pranoto acara ajeng maosaken susunan

adicara injeng menika ing rerangken khoul khotmil Quran soho perpisahan kelas

III MA Jaesul Falah.

Kanthi susunan adicara inggih menika :

1. Pembukaan

2. Waosan ayat ayat Suci Al Quran

3. Tahlil

4. Sambutan sambutan

a. Shohibul Bait / panitia penyelenggara

b. Bapak Kepala Desa Lemah putih

c. Bapak Camat Brati

5. Istirahat

6. Maidhoh Hasanah

7. Penutup saha doa

Mekaten adicara wonten injeng punika, mugi mugi saget mbarokahi kita sedaya

amiin Allahumma Amin..

Klenta klintu anggen kulo matur kulo nyuwun agung ing samudra pangaksami.

Wassalamualaikum...
1. Adicara ingkang sepindah inggih punika pembukaan ,monggo kita bukak

pengaosan menika kanthi waosan umul kitab

2. .Adicara ingkang kaping kaleh waosan ayat suci al-quran. Dumateng

Wekdal soho papan kulo sumanggaaken.

Mekaten waosan ayat suci al quran mugi mugi saget maringi barokah kito

sedoyo.

3. Adicara ingkang kaping tigo waosan tahlil , dumateng

Wekdal soho papan kula sumanggaaken

Mekaten adicara ingkang kaping tigo selajengipun.

4. Adicara ingkang kaping sekawan sambutan sambutan

a. Sepindah sambutan saking shohibul bait dumateng

wekdal soho papan kulo sumanggaaken dumateng panjenganipun kulo

aturaken matur suwun.

b. Kaping kaleh sanbutan saking Bapak kepala desa lemah putih, dumateng

panjenganipun wekdal soho papan kulo sumanggaaken

Dumateng panjenenganipun kulo aturaken matur suwun

c. Kaping tigo sambutan saking bapak Camat Brati ,

dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kulo sumanggaaken .

dumateng panjenenganipun kulo aturaken matur suwun.


5. Adicara ingkang kaping gangsal istirahat ingkang dipun isi Rabbana

Anfaruq Jaesul Falah.

6. Adicara ingkang kaping enem mahidhotul hasanah ingkang dipun Raosaken

Bpk. K.H Nasrudin saking telatah Semarang. Wekdal soho papan kulo

sumanggaaken

Mekaten adicara wonten injeng punika, mugi mugi saget mbarokahi kita sedaya

amiin Allahumma Amin..

Klenta klintu anggen kulo matur kulo nyuwun agung ing samudra pangaksami.

Wassalamualaikum...

Anda mungkin juga menyukai