Anda di halaman 1dari 2

FORMAT PASRAH PENGANTIN LAKI-LAKI

Bismillairrahmanirrahim
Assalammualaikum wr.wb
Alhamdulillah hirobbilalamin wassholatu wassalamuala asrofil anbiyai wal
mursalin waala alihi wasshobihi wassalim wabarigh ajmain amma badu

Nuwun kawula nuwun


Dumateng panjenenganipun Bp. Agus soho Ibu Agus ingkang paring kinurmatan,
para sesepuh lan pinisepuh dalah sedoyo kadang para undangan ingkang kawula
trisnani. Saderengipun kula ngaturaken punapa ingkang dados wigatosipun
pisowan kulo sekadang wonten ngarso panjenengan, kaparengo kulo hangauraken
puji syukur soho matur nuwun ingkang tanpa upami kunjuk ngarsanipun Gusti
Allah SWT ugi junjungan kito Nabi Muhammad SAW, awit sampun kapareng
paring pangayoman soho panuntun ing mangke lampah kulo sakadang pinaringan
wilujeng boten kirang satunggal punopo.
Panyuwun kulo mugi-mugi rahmatipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Mirah
lumintu kaparingaken dumateng kito sedoyo.
Wondene sowan kulo sakadang puniko saperlu kautus dening Bapak soho Ibu
Moch. Lutfi sekalian hanglarapaken Penganten Kakung Nakmas Moch. Arif
Fitriyanto ingkang miturut sarujuking rembag sakmanunggaling karsa ing ari
ingkang piniji kalenggahan puniko sampun anglajengaken akad nikah kaliyan
Nakajeng Susilowati ingkang puniko Bp. Moch. Lutfi sakaluwarga ngaturaken
salam taklim lumantaring kawula katur panjenengan Bapak soho Ibu Agus
sakaluwarga.
Soho nderek amemuji mugi-mugi hajat ing dinten puniko saget kalampahan kanthi
wilujeng nirboyo nirsangsoyo.
Saklajengipun mugi-mugi pinanganten kekalih pikantuk berkahing ingkang Maha
Agung Gusti Allah SWT sageto andadosaken keluarga ingkang sakinah mawadah
warohmah tansah sasarengan lir kadyo mimi lan mintuno ambabaraken putro putri
ingkang soleh lan solehah.
Amin ya Robbal Alamin
Kulo sakadang saestu angleggono ing manah, bilih sowan kulo satuhu katah
kekiranganipun, katah tuno dungkakipun kirang ing subasito soho galap gang
suling tumindak soho kladuking atur ingkang sedoyo kolo wau saestu saged damel
kirang sarju tuwin kirang renaning penggalih, kulo sakadang namung saged dheko-
dheku mari kelu cumadong hanyenyadong lumunturing agunging samudro
pangaksami.
Bp. Agus ingkang kinurmatan ambok bilih sampun dumugi titi wancinipun
ingkang prayogi, inggih mugi-mugi linepataken saking sapu dendaning pangeran,
tinebihno ing goda rencana, cinaketno ing karahayon sang pinanganten Nakmas
Moch. Arif Fitriyanto kanthi sawetahipun kulo aturaken mugi keparengo nampi
kanthi prayogi.
Minongko pungkasing atur mbok bilih wonten kalepatan anggen kawula matur
kulo nyuwun sih agunging samudro pangaksami.
Makaten atur kawulo nuwun
Wabillahit Taufiq wal Hidayah
Wassalammualaikum wr.wb

(pak Lutfi)

Anda mungkin juga menyukai