Anda di halaman 1dari 10

ATUR PAMBUKA

Puji syukur kita panjataken marang ngarsanipun gusti Allah YME


ingkang sampun nglimpahaken tresna lan kasihipun, sahingga kita saget
ngrampungaken tugas damel makalah niki yaiku salah sawijining syarat damel
nglengkapi tugas bahasa jawa
Kita nyuwun pangapunten anggene damel makalah niki kurang sempurna
lan tasih kathah klentunipun ingkang mboten kita mangertosi.
Kirane sedaya kesaean ingkang sampun maringi datheng kita angsal
balesan saking gusti Allah YME. Harapan kita mugi-mugi makalah niki wonten
paedahe kagem sedaya ingkang maca.

Ungaran, 10 Februari 2016


BAB I
PURWAKA

1.1. Wawadaning Perkawis


Ing jaman menika kahanan budaya wonten Indonesia basa jawa
khususipun, dirasa tansah katilep. Bocah-bocah tansah mboten saged
nembangake tembang macapat kanthi trep wonten ing piwulangan khususe
piwulangan basa jawi. Samana ugi tiyang sepuh lan sekolah ingkang sampun
arang ngajari seni Jawi punika, kamangka seni Jawi kadhos tembang
macapat menika penting sanget.
Ing makalah menika badhe dipunjelasaken peranganipun lan caranipun
nembangaken tembang macapat. Piwulangan basa Jawi, babagan Tembang
Macapat menika minangka dados babagan kang utama, supados tembang
macapat punika mboten ketilep kahanan zaman.
Tembang macapat menika tembang ingkang penting amargi tembang
punika kasusastraan jawi kang badhe ketilep kahanan zaman. Pramila makalah
punika maringi informasi babagan sejarah, jenise, watake lan gunane tembang
macapat iku.

1.2. Momotaning Perkawis


Saking wawadaning perkawis ing inggil, saged dipendhet momotaning perkawis
inggih punika:
1. Apa pangerten saka tembang macapat?
2. Apa sejarahipun tembang macapat iku?
3. Apa wae gunggunging tembang macapat iku?
4. Apa wae watak lan gunane tembang macapat iku?
5. Kepiye guru gatra, guru lagu lan guru wilangane tembang-tembang macapat
iku?

1.3. Ancas
Ancasan saka panyusunan makalah iki yaiku :
1. Kanggo mangerteni pangerten saka tembang macapat.
2. Kanggo mangerteni sejarahipun tembang macapat.
3. Kanggo mangerteni apa wae gunggunging tembang macapat
4. Kanggo mangerteni apa wae watak lan gunane tembang macapat.
5. Kanggo mangerteni guru gatra, guru lagu lan guru wilangane tembang-
tembang macapat.
BAB II
SURASA

2.1 Pangerten Macapat


Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana
ing kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Saben bait macapat nduwni baris
kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduw sawetara guru wilangan (suku
kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.
Biasan macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben
patang wanda (suku kata). Nanging bab iki dudu siji-sijin makna, penafsiran
liya uga ana. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan
wiwitan pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa
Tengah. Sebab ing Jawa Wtan lan Bali macapat wis dikenal sadurung teka
Islam.
Puisi tradisional Jawa utawa tembang biasan diprang dadi telung
kategori: tembang cilik,tembang tengahan lan tembang gedh. Macapat
digolongak kategori tembang cilik lan ugatembang tengahan, dn tembang
gedh arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman
Mataram Anyar, ora dipatrapak prabdan antara suku kata dawa lan cendhak.
Saliyan kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi
tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yn dibandhingak karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi
bda lan luwih gampang dipatrapak jroning basa Jawa amarga bda karo
kakawin sing didhasarak marang basa Sanskerta, jroning macapat prabdan
antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakak.
Aturan-aturan iku ana ing:
a. Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
b. Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
c. Guru lagu : tiban swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

2.2 Timbulipun Sekar Macapat


Tembang Macapat sampun wonten nalika jaman Majapahit, ananging
sakalangkung anem saking sekar Tengahan. Sekar Macapat menika manut
Tedjohadisumarto karipta dening Prabu Dewawasesa/ Prabu Banjaransari kala
taun Jawi 1191 utawi 1269 masehi.
Antawisipun sekar Macapat kaliyan Tengahan menika meh memper.
Paugeranipun meh sami (guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu), ingkang
mbedakaken naming basanipun. Sekar Tengahan ngangge basa Jawi tengahan,
dene sekar Macapat ngangge basa Jawi enggal. Ing sekar Tengahan limrahipun
cakepan winastan kidung, mila wonten kidung Durma, kidung Sinom. Cakepan
kasebat sinerat wonten ing Kidung Sundayana.
Macapat kerep dijarwakak minangka maca papat-papat awit caran maca
pancn rinakit saben patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijin makna,
penafsiran liyan uga ana. Sajaban sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya
yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan)
jroning aksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.
Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita,
macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing teges "nglagokak
nada kapapat".Saliyan maca-pat-lagu, isih ana manh maca-sa-lagu, maca-ro-
lagu lan maca-tri-lagu.
Miturut ujaring kandha maca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakak
dning para Dwa lan diturunak marang pandita Walmiki lan ditangkarak
dning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatan iki klebu
kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedh.
Maca-ro klebu tipe tembang gedh yakuwi cacahing bait (pada) saben
pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing sukukata (wanda) jroning
saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakak dning Yogiswara.
Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut
ujar diciptakak dning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan
disampurnakak dning Pangeran Panji Inokartapati lan sadulur.
Wusanan, macapat utawa tembang cilik diciptakak dning Sunan Bonang lan
diturunak marang para wali.

2.3 Gunggungipun tembang macapat


Gunggungipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:

1. Mijil
2. Kinanthi
3. Sinom
4. Asmarandana
5. Dhandhanggula
6. Gambuh
7. Maskumambang
8. Durma
9. Pangkur
10. Megatruh
11. Pocung
2.4 Watak lan Gunane Tembang Macapat
Nama Sekar Watak Ginanipun

Mijil asih, prihatin, pangajab mulang tiyang ingkang nembe


prihatin

Kinanthi seneng, asih, kasmaran mituturi, pratelan tresna,


mulang

Sinom ethes, prasaja piwulang, wewarah

Asmaradana tresna, sedhih, sengsem nggambaraken kakesitan,


mulang, tresna

Dhandhanggula luwes, gumbira, endhah mahyakaken tresna, sedhih


nandhang tresna, mbuka
sekar/ srat, mahyaaken
kahanan menapa kemawon
cocok

Maskumambang nelangsa, ngeres- mahyakaken raos panalangsa


ngeresi, sedhih

Durma keras, nepsu, semangat nggambaraken tiyang nepsu,


perang

Pangkur sereng, nepsu, pitutur radi srengen, gandrung


gandrung

Pocung sembrana, parikena, cangkriman, crita lucu, guyon


lucu

Gambuh sumanak, sumadulur mulang, pitutur

Megatruh prihatin, getun, cariyos ingkang sedhih, getun


keduwung, sedhih

Balabak sembrana, saenake, guyonan sakepenake,


lucu sembrana

Wirangwong Wibawa mahyakaken keagungan,


kaendahan, piwulang

Girisa gagah, wibawa, wanti- piwulang, kasepuhan


wanti

Jurudemung kenes (genit) mancing brahi

2.5 Guru Gatra, Guru Lagu lan Guru Wilangan Tembang Macapat
1. Mijil = 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
2. Kinanthi = 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
3. Sinom = 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Asmaradana = 8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
5. Dhandhanggula = 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
6. Maskumambang = 12i, 6a, 8i, 8a
7. Durma = 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
8. Pangkur = 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
9. Gambuh = 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
10. Megatruh = 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11. Pocung = 12u, 6a, 8i, 12a

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umum dienggo
sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutan tembang Jawa iku padha karo
lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh
kaya mangkn urut-urutan tembang kaya kang ing ngisor iki:

1. Maskumambang
Gambarak jabang bayi sing isih ono kandhutan ibun, sing durung kawruhan
lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon,
kumambang ateges urip ngambang nyang kandhutan ibun.

Apan kaya mangkono wewatek neki (12 i)


Sanadyan wong tuwa (6 a)
Yen duwe watek tan becik (8 i)
Miwah tindak tan prayoga (8 a)
2. Mijil
Ateges wis lair lan jelas priya utawa 5. Asmarandana
wanita. Ateges rasa tresna, tresna marang
liyan (priya lan wanita lan kosok
Lan dimantep mring panggawe balin) kang kabh mau wis dadi
becik (10 i) kodrat Ilahi.
Lawan wekas ing ngong (6 o)
Aja kurang, iya panriman (10 ) Aja turu sor kaki (8 i)
Yen wis tinitah marang Hyang widhi Ana Dwa nganglang jagad (8 a)
(10 i) Nyangking bokor kencanan (8 )
Ing badan puniki (6 i) Isine donga tetulak (8 a)
Wus pepancen ipun (6 u) Sandhang kelawan pangan (7 a)
3. Sinom Yaiku bagyanipun (8 u)
Ateges kanoman, minangka wong melek sabar narima (8 a)
kalodhangan sing paling wigati
kanggon wong anom supaya bisa 6. Gambuh
ngangsu kawruh sak akh-akh. Saka tembung jumbuh / sarujuk
kang ateges yn wis jumbuh /
Nulada laku utama (8 a) sarujuk njur digathukak antarane
Tumrap ing wong tanah Jawi (8 i) priya lan wanita sing padha nduwni
Wong Agung ing Ngeksi Ganda (8 rasa tresna mau, ing pangangkah
a) supaya bisaa urip bebrayan.
Panembahan senapati (8 i)
Kepati amarsudi (7 i) Sekar gambuh ping catur (7 u)
Sudaning hawa lan nepsu (8 u) Kang cinatur polah kang
Pinesu tapa brata (7 a) kalantur (10 u)
Tanapi ing siyang ratri (8 i) Tanpa tutur katula-tula katali (12
Amemangun karye naktya sing u)
sasama (12 a) Kadaluwarso katutur (8 u)
Kapatuh pan dadi awon (8 o)
4. Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun 7. Dhandhanggula
kang ateges dituntun supaya bisa Nggambarak urip wong kang lagi
mlaku ngambah panguripan ing seneng-seneng, apa kang digayuh
alam ndonya. bisa kasembadan. Kelakon duw
sisihan / kulawarga, duw anak, urip
Dadiya laku nireku (8 u) cukup kanggo sak kulawarga. Mula
Cegah dhahar lawan guling (8 i) kuwi wong kang lagi bungah /
Lawan aja sukan sukan (8 a) bombong atine, bisa diarani lagu
Anganggowa sawatawis (8 i) ndandanggula.
Ala wateke wong suko(8 o)
Nyuda prayitna ning batin(8i) Lamun sira anggeguru kaki (10 i)
Amiliha manungsa kang nyata (10 Sekar Pangkur kang winarna (8
a) a)
Ingkang becik martabate (8 ) lelabuhan kang kanggo wong
Sarta kang wruh ing hukum (7 u) aurip (11 i)
Kang ngibadah lan kang wirangi (9 ala lan becik puniku (8 u)
i) prayoga kawruhana (7 a)
Sokur oleh wong tapa (7 a) adat waton puniku dipun kadulu (12
Ingkang wus amungkur (6 u) u)
Tan mikir paweweh ing lyan (8 a) miwa ingkang tatakrama (8 a)
Iku pantes sira guranana kaki (12 i) den kaesthi siyang ratri (8 i)
Sartane kawruhana (7 a)
10. Megatruh
8. Durma Saka tembung megat roh utawa
Saka tembung darma/wwh. Wong pegat rohe / nyawane, awit wis titi
yen wis rumangsa kacukupan urip, wancin katimbalan marak sowan
banjur tuwuh rasa welas asih marang mring Sing Maha Kuwasa.
kadang mitra liyan kang lagi
nandhang kacintrakan, mula banjur Na ra kena sinelak selak pineluk (12
tuwuh rasa kepngin darma/wwh u)
marang sapadha - padha. Kabh mau Mring kang ngadhang
disengkuyung uga saka piwulang adhang sisip (8 i)
agama lan watak sosial manungsa. Yen loro anggepi reku (8 u)
Teman kether maring ngening (8 i)
Wusnya tibeng bentala prabu Adoh kae let tan adoh (8 o)
Rahwana (12 a)
Pancasonane dadi (7 i)
Sirna tatu nira (6 a) 11. Pocung
Tung tumpulih sedaya (7 a) Yen wis dadi layon / mayit banjur
Nepak bau kradha angrik (8 i) dibungkus mori putih utawa
Ndedel ngawiyat (5 a) dipocong sak durung dikubur.
Ngusir nanendra peksi (7 i)
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
(12 u)
9. Pangkur Lekase lawan kas (6 a)
Saka tembung mungkur kang ateges Tegese kas nyantosani (8 i)
nyingkiri hawa nepsu angkara setya budya pangekesing dur
murka. Kang dipikir tansah kepingin angkara (12 a)
wwh marang sapadha - padha.
BAB III
WASANA

3.1 Dudutan
Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana
ing kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Saben bait macapat nduwni baris
kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduw sawetara guru wilangan (suku
kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.
Biasan macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben
patang wanda (suku kata). Ugo gunggunging tembang macapat yaiku Mijil,
Kinanthi, Sinom, Asmarandana, Dhandahanggula, Gambuh, Maskumambang,
Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pocung.
MAKALAH BASA JAWA
TEMBANG MACAPAT

KELOMPOK 6
PANGESTY TISNA W.N.
RATIH PUTRI PUSPITARINI
SOFI ALIFANI
TANTI
VIKKO SATYA SYAIFUDDIN
YOGA ARDIANSYAH

XII.IPA.1
2015/2016

Anda mungkin juga menyukai