Anda di halaman 1dari 2

Assalamu alaikum wr.wb.

bismillah hirohman nirrohim, Alhamdulillah hirobbil alamin wassolatu


wassalamu ala sayidina muhammadin, waala alihi wa askhabihi ajmain ama
bakdu. amiin
Dumateng poro alim soho poro ulama ingkang kawulo hormati,
dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang kawulo hormati,
dumateng pengiring temanten kakung miwah putri ingkan kawulo hormati,
dumateng sagotrah tamu undangan ingkang berbahagia.
Ingkang ongko sepindah monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah
dumateng ngarsanipun Alloh SWT, amargi taksih maringi Rohmat soho nikmat
arupi sehat dumateng kulo lan panjenengan sami, sahingga kulo lan
panjenengan sami saget pepanggihan wonten ing majlis puniko. mugi-mugi
pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat, fidinnii fidun ya
wal akhiroh kususipun dumateng temanten kekalih sumrambahipun dumateng
kulo soho panjenengan sami.
Ingkang kaping kalihipun monggo kito tansah ngaturaken solawat soho salam,
allohuma soli ala sayidina Muhammad dumateng junjungan kito Nabi agung
Muhammad SAW, nabi pungkasan ingkang kito antu antu syafaatipun
benjang ing yaumul akhir. Amiin
bapak soho ibu ingkang tuhu kinormatan !
Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil tuan rumah,
ngaturaken agunge panuwun dumateng sagotrah tamu undangan. amargi
panjenengan sami kerso angrawuhi undangan walimatul arsy saking tuan
rumah.
Salajengipun kawulo atas nami tuan rumah nggeh ngaturaken sekatahing
pangapunten mbok bilih anggenipun nyepaki gupuh lungguh ugi suguh mboten
nyocoki dumateng manah panjenengan sami. gupuh ateges didalam penerimaan
panjenengan sami mboten sopan, lungguh ateges tempatipun ingkang semrawut
kados mekaten, suguh ateges unjukan soho dedaharan ingkang sederhana.
sepindah malih kulo atas nami sohibul kajah ngaturaken pangapunten.
Poro rawuh ingkang minulyo
selajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking wali temanten
kakung inggih puniko Bapak. nampi kanti leganing penggalih pasrah
temanten saking Bapak ., pinongko walinipun temanten putri. nggeh
selama temanten kekalih dereng gadah griyo piyambak umpami wonten griyo
mriki nggeh tanggungane keluargo mriki umpami wonten mriko nggeh
tanggungane keluargo mriko.
Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan
saklajengipun kawulo ugi atas nami sohibul kajah nggeh namung saget
ndongaakan dumateng rombongan konco temanten bilih mangke acara sampun
paripurno saget kondor tumuju dalemipun piyambak piyambak mboten
wonten alangan setunggal punopo. amiin.
sajake wekdal nggeh sampun dalu cukup meniko ingkang kawulo aturaken,
katah ature mesti katah lupute saking kawulo pribadi ngaturan seh samudro
pangaksami.
kawulo akhiri, Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai