Anda di halaman 1dari 3

Cerita Cekak Basa Jawa: Dongeng Kancil lan pitik sing rebutan endog

Suwijining dina Sang Kancil lagi mlaku-mlaku ning kidul Pasar Bantul. Dheweke weruh langit isih
peteng, kamangka saiki wis jam sepuluh awan. Srengenge ora ketok, malah katon ana sejenis debu
sing medun saka langit. Omah lan wit-witan katon rupane dadi putih-ireng amarga katutup awu.
duniashinichi.blogspot.com

"Wah iki mesthi udan awu. Sajake ana gunung sing njebluk, terus awune jalan-jalan tekan kidul Pasar
Bantul" pikirane Kancil wasiat

Kancil banjur mampir ning Bakso Bangjo sing warunge mapan ning sakidul Pasar Bantul. Dheweke
wis sawetara suwe kakancan karo Mbak Dewi, koki sekaligus merangkap juragan sing nduwe Bakso
Bangjo. Racikan baksone sing mantep marakke Kancil kepengin mampir pendak dolan ning Bantul.
Rugi rasane adoh-adoh tekan Bantul ora ngrasakke gurihe bakso. Weruh Kancil mlebu ning warunge,
enggal-enggal Mbak Dewi ngruruhi duniashinichi.blogspot.com

"Woooo kowe tho Kancil. Mrene-mrene mlebu ndene. Wiwit wingi ana udan awu amarga Gunung
Kelud njeblug. Wis kowe leren kene ndisik, mengko tak wenehi masker ben ora watuk merga
irungmu kelebon awu" duniashinichi.blogspot.com

"Gunung Kelud tho sing njeblug! Wah pantes awune akeh banget. Jeblukane Gunung Kelud pancen
sok gedhi banget, ngantek awune tekan ngendi-ngendi" jawabe Kancil

"Kebetulan kowe mampir kene Kancil. Saiki aku lagi ana masalah. Ingon-ingonku Pitik Lehor karo
Pitik Kalkun lagi kerengan amarga endoge kena awu Gunung Kelud, dadi ora iso dibedakke" celatune
Mbak Dewi

Endog pitik lehor rupane putih lan gedhi, endog pitik kalkun uga gedhi, nanging rupane putih bintik-
bintik ireng kaya endog gemak. Amarga kena awu, saiki endog kalorone rupane dadi ireng, ora iso
dibedakke. Padahal pitik loro kuwi lagi pada ngangremi endog, panggonane jejer, ning ngisor wit
empring. Mungkin amarga wingi ana angin gedhe endoge pada glundung, nyampur dadi siji ora iso
dibedakke.

Wiwit mau esuk pitik loro kuwi pada kerengan. Rebutan endog sing kudu diangremi. Kabeh kepengin
ngangremi endog cacahe rolas. Padahal kudune masing-masing ngangremi endog enem. Nanging
amarga ora gelem endoge diangremi pitik liyane, dadi rebutan ngangremi endog rolas. Ora ana sing
gelem ngalah.

Krungu critane Mbak Dewi, Kancil banjur marani Pitik Kalkun karo Pitik Lehor sing lagi padu.
"Wis jan, kowe cah loro ki pancen ngisin-ngisinke bangsa pitik. Mosok saukur ngangremi endog we
ndadak padu!" celatune Kancil

"Wweeee mbok aja nuduh kaya ngono Sang Kancil. Iki salahe Pitik Kalkun, mbiyen le ngendog kok
cedak-cedak aku. Padahal isih akeh panggonan ning kebon. Ngendog ning ngisor wit kambil rakyo iso
tho!" kandhane Pitik Lehor

"Wow! Pengawuran sekali kowe Pitik Lehor! Panggonan sing eyup tur anget ki ya mung ning ngisor
wit empring. Menawa ning ngisor wit kambil aku iso benjut ketiban bluluk no!" bantahane Pitik
Kalkun

"Wis-wis rasah pada kerengan. Saiki ngene wae. Aku tak takon marang kowe Pitik Kalkun lan Pitik
Lehor. Sesuk menawa endoge wis netes, kowe cah loro pada iso mbedakke anak kalkun karo anak
lehor ora? pitakone Kancil

"Yo iso no! Bentuke beda, cucuke beda, wulune ya rada beda. gampang dibedakke!" jawabe Pitik
Lehor

'Gamping banget le mbedakke Sang Kancil. Rupane anakku beda karo anake Lehor" celatune Pitik
Kalkun

Kancil banjur neruske nasehate.

"Geneki ya gampang dibedakke. Mbok rasah pada kerengan. Saiki endoge dibagi loro. Mengko yen
wis netes menawa ketukar garek diijolke!. Rakyo gampang tho? Rasah nganggo padu barang!"

"Bener kowe Sang Kancil. Apike ngono wae. Saiki endoge dibagi loro. Mengko yen wis netes garek
diperiksa kleru apa ora!" celatune Pitik Kalkun

"Aku setuju. Wis nek ngono endoge dibagi loro wae. Aku angrem enem, Pitik Kalkun uga ngangremi
endog cacahe enem" tambahe Pitik Lehor

^_^

Dina kuwi Pitik Kalkun lan Pitik Lehor leren anggone padu. Endoge dibagi loro. Sesuk menawa keliru
bakal diijolke bar netes. Sakwise perkara remeh iki rampung, Sang Kancil enggal-enggal lingguh ning
dapur karo pesen Bakso Malang komplet. Ora lali nganggo bakso urat telu sing dadi karemenane.
Kriuk-kriuke pangsit uga wis dadi kelangenane pendak mara ning Bakso Bangjo. Dina iki karo Mbak
Dewi dheweke ethuk mangan Bakso Bangjo sakkarepe, amarga wis iso ngakurke Pitik Lehor lan Pitik
Kalkun

Anda mungkin juga menyukai