Anda di halaman 1dari 6

CERITA RAMAYANA

Sawijining dina ing kerajaan mantili ingkang


kerajaan ramanipun dewi shinta, asmane prabu janaka . prabu janaka ngadhaake saembara sopo
sing bias manah paling apik bakal didadekke mantu. Salah sijine paserta sayembara yaiku prabu
rama lan rahwana nanging rahwana ora bias ngangkat panah kasebut , lan rama bias ngangkat
panah kasebut. Saengga rama bias menangke sayembara lan ngentukke shinta dadi bojone .
rahwana ora seneng yen rama bias dadi bojhone shinta.
Ing alengka kuwi kerajaan rahwana,kumbakarna,indrajid,patih prahasta. Sarpanaka
menehi kabar ing rahwana yen ana wong wadon ayu. Rahwananipun ndang golei wong wadon
mau. Kasunyatan putri mau jenenge putrid kalamarica sing bias ganti wujud apa wae,lan bias
ngrubah wujud dadi buta cakil.
Ing alas dandaka rama shinta lan laksamana iseh ngembara mengertosnipun rahwana lan
kalamarica melu ing alas lan ngincer serta lan godoni shinta. Kalamarica ngerubah wujud dadi
kijang mas ingkang godoni shinta. Shinta deloi kijang mas kasebut langsung ngongkon rama
kanggo nyekel kijang mas kasebut. Nanging kijang kasebut malah mlayu ing jero alas, lan shinta
jaluk rama kanggo ngoyak kijang mau. Lan laksmana tetep karo shinta. Nanging shinta nesu
amarga laksmana ora melu ngoyak kijang bareng rama ing jero alas . Akhire laksmana nuruti
kapinginane shinta supaya ngoyak rama ing jero alas. Wedi karo kaselamatane shinta laksmana
gawe bunderan kanggo shinta supaya shinta tetep selamet.
Sawise rahwana teko,rahwana jajal nyedakki shinta lan jajal kanggo nimbus
bunderan mau. Nanging rahwana ora mampu nglewati bunderan mau. Akhire rahwana ngerubah
wujud dadi brahmana tuwo supaya bisa narik perhatian shinta lan jaluk sedekah. Dewekke
nyedakki shinta lan jaluk sedekah,amarga rasa mesakke,akhire shinta menehi sedekah brahmana
tuwo mau. Nalika shinta lagi ngei sedekah,dewekke ditarik mentu saka bunderan mau
landigowo mabur karo rahwana.

Lan kadadean perang antaramanuk jatayu lan rahwana.


Ananging manuk jatayu kalah lan kelangan loro sayape lan rahwana lungo gowo shinta.
Sakwijineng dina rama lan laksmana mentu lan ketemu karo manuk jatayu sing wis kejet kejet.
Jatayu nyritakke kejadian mau karo rama,jatayu akhire mati ngerteni shinta diculik
rahwana,rama lan laksmana semedi kanggo ngintukke cara nylametke shinta.
Banjur rama ketemu anoman sing nulungi rama nyelametke shinta lan rama diajak ing guwa
kiskenda,ing kono omahe anoman.

Ing gowa kuwi anoman nduwe kanca antarane yaiku subali


lan sugriwa,wong loro kuwi podo podo sakti lan podo podo seneng karo dewi widiyawati.
Akihire cah loro kuwi tukaran kanggo ngintukke dewi widiyawati. Pas cah loro tukaran rama
lan anoman teko delokki tukaran kuwi anoman ngusahakke nyegah subali lan sugriwa. Nanging
amarga rak iso nglerai cah loro,akhire anoman ngongkon rama kanggo manah salah siji ing
antara wong loro mau. Lan subali keno panah kasebut,lan akhire mati. Sugriwa iseh pengen
ngutarakke niate karo rama,yen wonge arep melu nulungi rama nylametke shinta.
Anoman mulai nylametake shinta. Wonge njaluk sehelai rambut,sing arep diparingki ing
shinta,kanggo bukti yen wonge bener bener utusanerama seng arep nyelematke shinta.
Ing taman Argasoka,ing kerajaan Ngalengka,Shinta dikancani karo trijata keponakan
saka rahwana. Nalika rahwana njajal mbujukshinta supaya mau dipek bojone. Nanging shinta
wegah. Lan nalika shinta dewekan,anoman mlebu ing taman argasaka kangge nemoni shinta lan
ngekekke rambut rama ing shinta kangge mbutikake nek deknen bener bener utussne rama
kangge nyelamatake shinta. Nanging indrajid,anak saking rahwana ngerti tekone
anoman,deknen ngusahakke kanggo nangkep lan dikekke ing ngarepe rahwana.
Akhire rahwana mutuske kangge mbakar anoman. Persiapan dilakokke kanggo mbakar
anoman. Wektu iku pumbakarno,saudarane raahwana nglindungi anoman seng ameh di bakar
rahwana. Nanging niyate iku ora berhasil amarga dialangi karo kumbakarna.
Nalika pasukane rahwana mbakar anoman,jebule anoman ora mempan dibakar kanggo geni.
Malah justru anoman ngrebut obor geni seko tangane rahwana kanggo buntute lan geni kuwi
digo dolanan anoman sakdurunge mbakar kerajaan ngalengka. Pasukan rama mbendung kali
seng cedak kerajaan ngalengka,saengga pasukane rahwana ora bisa opo opo
Perang antara rahwana lan rama kedadean. Kumbakarna mati dipanah rama nalika
ngewangi rahwana ngalahke rama. Indrajid melu ngewangi rahwana iku mati sisan. Akhire
kedadean perang sengit antara rahwana laan rama. Rahwana mati dipanah karo rama lan deknen

dicepit ing gunung.

Sakwese menang ngalahke


rahwana,rama ketemu meneh kaliyan shinta. Naging rama curiga karo kesuciane shinta,sakwese
diculik karo rahwana nganti suwi. Akhire shinta mbakar awake dewe kanggo mbuthiake
kesuciane. Nalika shinta mbakar awake dewe ternyata geni ora mempan mbakar
awake shinta,iki mbuthiake yen shinta iseh suci. Lan rama lahi percaya lan nrima shinta meneh.
Rama lan shinta akhire urip tentrem lan bahagia.

THE END
Pembahasan:

Unsur-unsur intrinsik, yaiku unsur-unsur sing mangun karya sastra saka jero. Unsur-unsur
intrinsik karya sastra ing antarane yaiku:
1. Tema, yaiku sawijining carita kang bisa makili isining cerita. Ing carita Rama lan Sintha,
tema kang diangkat yaiku tema romantisme/ katresnan antarane Rama lan Sintha uga tema
patriotisme/ peperangan antarane pihak Rama lan Prabu Dasamuka.

2. Alur (plot), yaiku urutaning prastawa kang kadadeyan ing sajroning cerita kang ana telu
yaiku alur maju, mundur, lan maju mundur (flashback). Ing carita Rama lan Sintha, alur kang
digunakke yaiku alur maju.

3. Watak-wantune para paraga (penokohan), yaiku karakter utawa watak-wantun kang


diduweni dening saben-saben paraga. Ing carita Rama lan Sintha, penokohane yaiku:
- Prabu Rama paraga utama protagonis duweni watak apik, alus, setia, kendel.
- Dewi Sintha paraga utama protagonis duweni watak apik, alus, setia.
- Prabu Dasamuka paraga utama antagonis duweni watak ala, bringasan, serakah.
- Prabu Lesmana paraga sampingan protagonis duweni watak apik, alus, seneng
ambiyantu.
- Hanoman paraga sampingan protagonis duweni watak patriot, kendel, seneng ambiyantu.

4. Amanat, yaiku pesen moral kang disampekake penulis cerita kanggo sing maca. Ing
carita Rama lan Sintha, amanat kang bisa dijupuk yaiku:
- Kita kudu setia karo pasangan.
- Kita kudu njaga kekancan ingkang becik.
- Kita kudu tansah mbela kabecikan lan kautaman.
- Kita kudu duweni jiwa patriotisme kanggo mbela negara.

5. Pamawase Pangripta (sudut pandang pengarang), yaiku sudut pandangan kang dijupuk
saka pangripta kanggo ndeleng sawijining kadadean sajroning crita. Ing carita Rama lan Sintha,
Pangripta yaiku pihak katelu ning njobo cerita (blas ora katut ana ing cerita).
6. Latar (setting), yaiku katrangan kang nuduhake panggonan, wayah, lan swasana sajroning
crita. Latar panggonan kang ana ing carita Rama lan Sintha akeh, antarane yaiku ing alas, taman,
negara Alengka. Latar swasana ana sing romantis, patriotis, lan sedih.

DEWARUCI

Wektu semono,Ing dhalem padepokan Sokalima,Resi Drona kaeleng marang Brantasena kang
laire wungkusan, kang bisa maujudaken Brantasena kang duweni kekuatan ingkang kuat lan
gagah perkasa. Ing wektu semono sengkuni mangertos yen Brantasena janjian ketemu marang
Resi Drona. Ing dhalem pertemuan menika, Resi Drona ngutus Werkudhara utawi Brantasena,
yen dewekke kudu madosi "Kayu Gong Susuhing Angin." ing kawah Candradimuka.

Brantasena tanpa risa - risi terus mangkat nyuwun pangestu dining Resi Drona. Ing dhalem
wektu semono uga Sengkuni wonten ing mriku, lan mangertos pembicaraan Resi Drona marang
Brantasena. Sak banjuring Brantasena Budhal, Sengkuni medhal lan tangklet marang Resi Drona
babagan apa kang di rembug Resi Drona marang Brantasena. Resi Drona mangsuli marang
sengkuni yen dewekke ngutus Brantasena utawi Werkudara madosi "Kayu Gong Susuhing
Angin." lan Drona uga jrumusake Brantasena.
Sengkuni lan Drusasana kaparentah dening Resi Drona supayaning mata - matai Brantasena. Ing
dhalem wektu semono uga Brantasena ngocar - ngacerke alas. Sak Banjure wonten buto kaleh
kang ngalani Brantasena, akhire Buto kaleh lan Brantasena perang, buto mau kalah. Banjur buto
maleh rupa dados Bathara Indra lan Bathara Bayu.

Bathara kaleh mau atur panuhun marang Brantasena, banjur Brantasena tangklet marang Bathara
Indra lan Bathara Bayu,
"Apa kang dados maksud Bathara Indra lan Bathara Bayu?"
Bathara mangsuli,
"Umpamanipun barang kang ala saged di kalahke marang ati kang tulus iklas lan donga marang
gusthi kang maha kuasa."

Kangge atur panuwun, Branthasena di hadiahi, cincin Sesutya Mustika Manik Candrama. Dene
fungsinipun Cincin mau yaiku, ngirangi dasar samudra kang jero lan ombo. Banjur Brantasena
tangklet meleh,
"Apa Kayu Gong Susuhing Angin?"
Bathara Indra mangsuli,"yen tegese,pusat napas tentreming ati lan pikiran."
Banjur Brantasena nyuwun pamit marang Bathara Indra lan Bathara Bayu,lan arep tangklet
meleh marang Resi Drona(gurune).
Ing padepokan Brantasena ngaturaken marang gurune, opo kabeh sing kedadean marang awake,
uga Brantasena tangklet meleh babagan ilmu kasampurnaan. Banjur Drona mangsuli,
" isih ono syarat kang kaping kalih, yaiku TIRTA PAWITRA(tirta kesucian) kang ono ing jero
samudra minang kalbu." Banjur Brantasena pamit marang gurune.
Brantasena miwiti nyuwun pangestu dining ibune,Dewi Kunthi. Ananging Dewi Kunthi
ngalang-alangi tekatipun Brantasena. Babagan tekat Brantasena kang kuat, Brantasena tetep
bacutke pangarepane, ananging akhire Dewi Kunthi, mewehi restu, lan uga Para Pandhawa
ngrestoni Branthasena.
Ing tengah-tengahing perjalanan. Brantasena dak cegad Anoman, Tunggal Bayu, Kaka
Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ Bandha, Supayane Branthasena gugurke paniatane.
Brantasena tetep maju, perang mboten saged kahindarake, akhire Branthasena kang menangke
pratarungan.Banjur Anoman, Tunggal Bayu, Kaka Maenaka, Jajag Moreke lan Gajah Situ
Bandha, nyaranke Brantasena kudhu ngati-ati ing dhalem perjalanan.
Brantasena bacutke perjalanan, sak sampunipun Brantasena ing tepi samudra kang mboten enten
pinggire, ombake kang gedhe,lan kilat kang nyamber-nyamber. Brantasena nyilem ing dasar
samudra, kanggene tetemu Tirta Pawitra. Ing dasar samudra Brantasena di cegad dening naga
kang gedhene kaya wit pal. Tarung boten saged kahindarke. Ananging Brantasena saged
ngalahke naga mau.
Banjur Dewa Ruci rawuh, lan memuji Brantasena kang saged ngalahke hawa lan nefsu kang
kumanthil ing diri Brantasena,kalean tetengara Brantasena saged ngalahke naga kang ngadang
kalani paniataning Brantasena. Banjur Brantasena nyembah dening Dewa Ruci,lan ngajokane
pertanyaan.
"Sepundhi caraning tumuju kasampurnaan ing dhalem urip?"
Banjur Dewa Ruci ngutus marang Branthasena melebet ing dhalem raganing Dewa Ruci,
manunggal marang Dewa Ruci. Brantasena seneng banget, anyem lan tentrem. Banjur Dewa
Ruci ngendhikan,
"teges e, awakmu wis iso nyikapi tabis marang Gusthi kang maha agung, lan ojo kaged karo
sinar kang werna-werni, amergo atimu kang suci."
Ing sokalima, Permadhi utawi sengkuni lapur marang Resi Drona, yen Brantasena dereng uga
mbalek.Banjur Drona sadar marang awake.Banjur Drona nyusul Brantasena. Lan akhire Drona
nemukke Brantasena gumletak ing pinggiring samudra. Sak sampuning Drona nyesel lan uga
tetemu marang keponakane, lan sumpah arep ngrawat Brantasena.

TEMA
Tekad kangge golek ilmu.

TOKOH LAN WATAK:


#Branthasena: gedhe kekarepane, kestrya, sekti gagah perkasa, Kendhel, manut taat marang
guru,
#Druyudana: pengen menang dwe, iri, jahat
murka utawi serakah utawi tamak, seneng nuruti nefsu.
#Sengkuni:elek, licik,tukang adu-adu,
#Durna:licik,sayang marang murid.
#Dewi Kunthi: sayang anake, apik.
#Pandhawa: care marang dulur, kompak.
#Bathara Indra
lan Bathara Bayu:apik.
#Anoman:apik,kesatriya
#Tunggal Bayu:apik,kesatriya
#Kaka Maenaka:apik,kesatriya
#Jajag Moreke:apik,kesatriya
#Gajah Situ Bandha:apik,kesatriya

SETTING:
A.PAPAN
1.Ing Padepokan sokalima.
2.Ing alas
3.Ing gunung candradimuka
4.Samudra minangkalbu

B.WEKTU
Wektu semono

C.SUASANA

1.Tegang (Ing wektu Brantasena tarung kalean buta uga kalean naga)
2.Ngluluhing ati (Rikala Brantasena nyuwun pamet marang Dewi Kunthi lan Pandhawa)
3.Seneng (Rikala Brantasena manunggal kalean Dewa Ruci)
4.Sedih (Rikala Drona tetemu Brantasena ing pinggir samudra)
PENOKOHAN
Penokohan kang di terapke ing dhalem crita Dewa Ruci inggih menika paraga tiga pelaku
sampingan.

ALUR
Aluripun crita Dewa Ruci inggih menika Alur maju.
Amergo ing dhalem crita nyritakake perjalananipun Branthasena tumuju kesempurnaan,lan
mboten wonten ing dhalem crita, ngisahke kedadian ing masa lampauing Branthasena.

AMANAT:
Amanat kang bisa kapetik ing dhalem crita Dewa Ruci inggih:
1. Aja gampang putus asa.
2. Patuh marang Guru.
3. Ing dhalem urip kudhu anduweni cita-cita utawi kekarepan ingkang gedhe.

Anda mungkin juga menyukai