Anda di halaman 1dari 2

dongenge kancil karo asu belang

pak wangsa duwe tegal timun


saben dina dicolongi kancil
pak wangsa nemu akal
nggawe wong wongan dioser oseri pulut
sekawit kancil wedi marga dianggep wong temenan
bareng ditamatake lan ora bisa nguyak
ngerti yen kuwi mung wong wongan
kancil nyedhaki wong wongan disotho diantemi
tangan lan sikile kanggo milara kabeh kelet marga kena pulut
si kancil nangis ora bisa uwal
pak wangsa teka lega lan seneng banget dene bisa nangkep
si kancil
kancil dicekel digawa mulih arep dipateni
kancil dikurung dhisik ditinggal ngasah peso
nalikane ditinggal ngasah peso asu belang marani kurungane
kancil
asu belang takon genea kancil dikurungi
kancil ngapusi yen arep dipek mantu
asune kepengin nggenteni kancil
kancil ethok ethok ora oleh
asune tansaya kepengin
wusanane asu mbukaake kurungan
kancil metu asune genti mlebu kurungan
kancil bungah banget bisa uwal saka ing pati
mlayu bablas karo muni selamat tinggal
nalika pak wangsa teka arep nyembeleh kancil
kaget... dene sing ana jeron kurungan si belang
pak wangsa nesu njupuk penthung
asune dipala dipenthungi nangis klengkengan
asu goblog bodho gampang diapusi
Prabu Susarma setengah denawa

Prabu Susarma kuwi raja negara Trigarta. Pawakan lan dedeg piyadege gedhe dhuwur.
Praupane setengah denawa, setengah manungsa. Dheweke isih kapetung anak turune
Prabu Nilarudraka, raja negara Gluguhtinatar.

Prabu Susarma tau beda panemu lan bengkerengan kalawan Prabu Matswapati saka
negara Wirata. Saka kedadeyan kuwi, wusana negara Trigarta dirabasa dening wadyabala
Wirata sing ditindhihi dening Rajamala.

Rajamala minangka senapati perang negara Wirata kuwi ora liya adhi ipene Prabu
Matswapati. Ing paprangan kuwi Prabu Susarma kalah lan banjur milih teluk marang
panguwasana negara Wirata. Susarma pasrah bongkokan marang Rajamala.

Sawise Rajamala mati dening Bima utawa Jagalabilawa, Prabu Susarma banjur
tembayatan karo Prabu Duryudana, raja negara Astina, kanggo ngrabasa negara Wirata.

Ing kalodhangan kuwi Prabu Duryudana pengin mangerteni papan ndhelike kulawarga
Pandhawa ing negara Wirata. Dene Prabu Susarma pengin males tumindake Rajamala.
Ing sawijining perang gedhen-gedhenan antarane wadyabala Wirata lan wadyabalane
Susarma sing tembayatan karo Duryudana, Susarma kasil diperjaya dening Jagalabilawa
utawa Bima.

Anda mungkin juga menyukai