Anda di halaman 1dari 1

Garwa prameswari majapahit (garwane prabu brawijaya) nalika siram ing

taman bebarengan karo para sisihane panggedhe majapahit, dumadakan ilang


musna. Majapahit geger. Prabu brawijaya banjur ngutus sungging prabengkara
nggoleki garwane sang prabu. Ing tengan dalan sungging dipethuki nabi khudur lan
diparinggi katranan yen prameswari majapahit mau wis seda dishusta dening iwak
sura lan baya.
Iwak sura lan baya nalika andhusta prameswari majapahit mau apengawak
manungsa, nabi khidir banjur mundhut pirsa marang kekarone kepriye larah-
larahane dene wong loro mau andhusta lan mateni prameswari majapahit nalika
didangu dening Nabi Khidir kekarone padha banjur tutuh-tinutuh awit padha ora
rumangsa dosa, jalaran anggone mateni prameswari mau saperlu mung kanggo
lebong weteng.
Sing ngajak-ajak andhusta lan mateni prameswari Majapahit kuwi iwak sura
(dene baya mung melu ngobyongi wae), nanging sura ora gelem ngakoni dosane
sakteruse banjur tuwuh pancakara antarane iwak sura karo baya. Perange iwak sura
karo baya ora ana ing dharatan nanging ing kali. Kaya mangkono trajange sura lan
baya anggone pdha gelut. Loro-lorone pdha kuwate, ora ana sing kalah ora ana
sing menang. Wong loro padha keket olehe gelut saengga awor dadi siji.
Wusanane, amarga wis ginaris dening sing gawe urip, sura lan baya banjur musna
tanpa lari.
Sakmusnane sura lan baya, ratu jenggala tumendhak ing sapinggire bengawan.
Sri Naranata andangu marang kawulane saperlu mundhut pirsa mula bukane wong-
wong mau padha ana ing sapinggire bengawa. Kahanan kang kaya mangkono iku
Sri Naranata banjur ngendika, mbesuk yen ana rejang jaman papan kene bakal
takjenengake SURABAYA.

Anda mungkin juga menyukai