Anda di halaman 1dari 2

Cerita Pendek Bahasa Jawa: Andong lan

Laler Cilik
Jaman mbiyen ana andong nggawa momotan jambu kluthuk lagi
mlaku saka Selarong arep menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane
isih gronjal-gronjal digawe saka watu durung ana aspal. Nalika
andong lagi liwat dalan sing kebak wedi, ana laler cilik mencok ning
nduwure andong. Bareng karo mencoke laler, lakune andong malik
rindik. Ora amarga kabotan laler, nanging amarga rodane kepater
dening wedi sing mbleder ning ndalan.

Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amarga kapencokan


deweke.
Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti merga jarane
kabotan awakku pikire si laler kanthi ati bungah rumangsa paling
abot sak donya.
Sapa sing iso nandingi abote awakku, ora ana kewan liya sing luwih
abot timbang aku!.

Sakwise sakwetara mencok ning andong, laler banjur jeleh terus


mabur meneh. Nalika Laler mabur, andonge pas liwat dalan sing ora
ana wedine. Dadi lakune andong malik cepet maneh. Si Laler kang
gegeden rumongso tambah yakin menawa deweke abot tenan.
Weladalah, tak tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku
banter. Wah, nek ngono aku iki abot temenan ya! celatune si laler.

Laler banjur mikir, manawa deweke mencok ning andong karo


ngobahke sewiwine mestine si andong bakal mlaku luwih banter
amarga kasurung dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba mencok
maneh ning andong karo ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik
mlayu banter banget ngedap-edapi. Laler kaget banget ngantek
awake kontal saka andong. Untunge deweke iso mabur sakdurunge
tiba ning lemah.

Sajatine andong mau iso mlayu banter banget amarga dalane


ndronjong, Dadi lumrah menawa mlakune luwih banter wong
diewangi gravitasi bumi. Nanging lelakon itu agawe Laler dadi tambah
ge-er. Trus mbengok-mbengok marang jarane andong.. Sorry, sorry
Kang Jaran, aku salah ngukur kekuatanku. Anggonku ngobahke
sewiwi sajake kebanteren, dadi andongmu mlakune banter banget.
Sorry ya, sesuk maneh anggonku ngobahke sewiwi rindik wae.
celatune Laler kanthi ati mongkok (Undil Okt 09).
Kancil Karo Monyet

Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur
siji lan sijine. Kabeh kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana
siji kewan sing anane gawe drusila lan paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan
pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya dene kewan sing duweni
sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
Ing sawijining dina, ana Monyet lagi penekan ing ngisor wit pring. Singsot,
ndendang karo ngrasani roti. Kancil teka, weruh Monyet sing agi asik karo rotine.
Utek licike muncul pingin jukut roti kang tangane Monyet.
"Nyet..Nyet..," undang Kancil marang Monyet.
Monyet maringi Kancil, "Ana apa Cil? Keo ngundang aku?," takon Monyet.
Kancil : "Nyet.. aku wei setitik rotine, setitik baen aja akeh-akeh," jaluke Kancil
Monyet : "Iya.. aku kan apikan, kiye separoan karo aku,"
Kancil : "Suwun ya Nyet... koe mancen apikan, nanging aku baen sing maro,"
jaluke Kancil.
Monyet aweh roti nggo diparo maring Kancil ora nduweni rasa curiga karo
Kancil. "Kiye... koe paro sing adil," penjalukane Monyet karo aweh rotine marang
kancil.
Kancil maro rotine karo utek licike, siji gede siji cilik, nanging Monyet ora ngerti.
Sawise diparo Kancil aweh bagean sing cilik maring Monyet, bagean sing gede
dicekel dewek.
"Cil... nang ngapa ka gede gone ko?," takon Monyet.
Kancil : "Mrene gawa mrene, tak gawe pada.," banjur Kacil mangan setitik
rotine sing gecel dewek, "Iki wis pada," Kancil aweh rotine meng Monyet.
Monyet : "urung Cil!! kue esih gede gone aku,"
Kancil njiot roti sing nang tangane Monyet, banjur dipangan setitik, kaya kue
seteruse kanti rotine entek dipangan Kancil. hihihihi
Ahire Kancil mangan rotine kabeh, Monyet ulih kesuh karo Kancil wong Monyet
sing duweni roti malah ora tampa. Mancen Kancil licik ora patut ditiru, urip nang
masyarakat kue kudu brayan urip lan sinambi rewang siji lan siji liane. Urip bakal
rukun ora kaya jaman saiki urip pada karepe dewe-dewe.

Anda mungkin juga menyukai