Anda di halaman 1dari 9

ARTIKEL BUDAYA JAWA

DISUSUN DENING :

NAMA : ARI MUSTOFA

NO : 10

SMK NAWA BHAKTI KEBUMEN


TAHUN AJARAN 2017/2018
Jl. Mangkusari No.73 Kebumen PO BOX.110. Telp.(0287)382779 Fax.(0287)382779

Website : www.nawabhakti.sch.id , email : nawabhakti@nawabhakti.sch.id


ARTIKEL BUDAYA JAWA TARI JARAN KEPANG

Tari jaran kpang ugi dipunsebut jaran dhor utawi jathilan inggih punika tarian
tradisional Jawa ingkang nampilaken sekelompok prajurit nalika nunggang turangga. Tarian
punika migunakaken kapal ingkang kadamel saking pring ingkang dipunanyam lan dikethok
kados wujud jaran.[1] Anyaman jaran punika lajeng dipunhias kanthi cat lan kain ingkang
manka werni. Tarian jaran lumping limrahipun namung nampilaken adhegan prajurit kanthi
jaran, ananging wonten ing pinten-pinten wewengkon nyuguhaken atraksi kesurupan[2],
kekebalan, lan kekiyatan magis, kados ta atraksi mangan beling lan kekebalan badan tumrap
pecut. Jaran Kpang minangka pranganing pagelaran tari reog[3]. wadn tarian punika
asalipun saking tlatah Jawa,Indonsia,[4] tarian punika ugi dipunwarisaken dning tiyang Jawa
ingkang papan dunungipun wonten ing Sumatera Utara lan ing pinten-pinten tlatah ing njawi
rangkah Indonsia kados ta ing Malaysia.

Kuda lumping inggih punika seni tari ingkang dipunmainaken kanthi properti awujud
jaran tiruan, ingkang kadamel saking anyaman pring utawi kepang. Boten wonten satunggal
sajarah ingkang saged ngandharaken asal muasalipun tarian punika, namung riwayat verbal
ingkang dipunturunaken saking satunggal gnerasi dhumateng gnerasi salajengipun.
Sajarah

Konon, tari jaran lumping minangka wujud apresiasi lan dukungan rakyat jelata
tumraping wadyabala berkuda Pangeran Diponegoro nalika ngadhepi penjajah Walanda.
Wonten ugi versi ingkang nyebutaken, bilih tari jaran lumping nggambaraken sawijining kisah
perjuangan Raden Patah, ingkang dipunsengkuyung dning Sunan Kalijaga, nglawan penjajah
Walanda. Versi sans nyebataken bilih, tarian punika nyariosaken babagan latihan perang
wadyabala Mataram ingkang dipunpandegani dning Sultan Hamengku Buwono I, Raja
Mataram, saperlu ngadhepi wadyabala Walanda.Medal saking asal usul lan aji historisipun, tari
jaran lumping merefleksikaken semangat heroisme lan aspek kemiliteran sawijining wadyabala
berkuda utawi kavaleri. Bab punika katingal saking obahan-obahan ritmis, dinamis, lan agresif,
saking anyaman pring, ingkang niru obahan kados dn jaran ing tengah paprangan.

Asring sanget wonten ing pertunjukkan tari jaran lumping, ugi nedahaken atraksi
ingkang nontonaken kekiyatan supranatural berbau magis, kados dn atraksi mangan kaca,
menyayat lengen kaliyan golok, ngobong badan, mlampah ing sanginggilipun ecahan kaca lan
sans-sansipun. Mbok manawi, atraksi punika nggambaraken kekiyatan supranatural ingkang
nalika jaman rumiyin ngrembaka ing lingkungan Karajan Jawa, lan minangka aspek non militr
ingkang dipunangge saperlu nglawan wadyabala Walanda.
ARTIKEL BUDAYA JAWA TARI LENGGER

Lenggeran kuwe seni drama tradisional Banyumas sing dipadu karo seni tari uga dialog.
Jenis kesenian rakyat kiye biasa digelar nang lapangan utawa pelataran umah sing duwe hajatan.
Lenggere paling sethithik lengger wadon ditambah badhut (lanang) sing metu ing satengah
tengahing wektu pagelaran.
Musik pengirine kuwe biasane nganggo calung banyumasan. Lan ing pungkasane pagelaran,
biasane penonton ulih munggah panggung njiged bareng lenggere kambi aweh saweran maring
lenggere mau.

Urut urutane Lenggeran

Babak Lenggeran

Babak lenggeran utawa babak perkenalan kiye diwiwiti 2 lengger sing munggah ming panggung
utawa tengah lapangan, terus ditepungnya marang pennonton. Bar dikenalna, lengger kuwe
njagong timpuh ngadhep marang para penayagan.

Samba diiringi lagu ricik-ricik kang ditembangake para pesindhen, lengger wiwit nglengger
'njoged' trep karo wiramane calung Banyumasan, bar kuwe lengger mlaku alon-alon (ora njoged)
ngibengi papan sing kanggo nglengger kambi nembang sekar gadhung dikantheni swara
kendhang lan gong, banjure kuwe lagu jedhandu (karo njoged) rampung banjur lenggere timpuh
sinambi nembang selagu maning.

Babak Badhutan

Badhut dilakonake wong lanang, gunane kanggo nyegerake swasana. Badhut kudu pinter
nglawak, pinter njoged lan uga nembang. Badhut biasane nganggo topeng badhut.

Nang babak badhutan kite, badhut karo lengger njoged bareng sinambi gineman. Gineman mau
kudu ngandhut makna lelucon, kritikan sosial kemasyarakatan, sindhiran lan ironis ben lair
swasana permasalahan utawi konflik kemasuarakatan.
Jejogedane badhut kudu lucu, lan tembange uga ora kudu pakem, bisa diphedot-phedot kanggo
nyisipi kritikan

Babak Jaran Calung

Babak kiye diparagakake karo si badut sing diwiwiti bar lengger ganti busana tari baladewaan,
banjur badhut mulai njoged nganggo jaran kepang. Badhut kudu njoged nganggo gaya khas jaran
kepang sinambu diiringi calung fendhing kuda kepang lan nembang lagu rakyat lenggang
kangkung.

Gaya teriane kudu dinamis sing tegese duwe makna nantang utawa berontak maring sutuasi
kemelut nang masyarakat. Sinambi njoged gaya emosi utawa nepsu jengkel sing diseseli ekspresi
mendem, si badhut kudu cokan keton lucu mligine gerak jejogedane kareben penonton seneng.
Kuwe uga ditambagi karo tontonan mangan sesajen kang wis dicawisake. Adegan nang babak
jarang calung kalebu babak inti permasalahan, tegese krisis nang tengah masyarakat kuwe wis
ndadi. Penontong kagiring swasana sing tegang.

Babak Baladewan

Babak baladewan kiye intine yakuwe adhegan tarian baladewan sing duwe makna: nyuwun
marang Gusti Allah lan ngucapna syukur sebab pagelaran lengger wis rampung, lancer lan tertib.
Babak baladewan kiye dadi pratandha menawa pagelaran lengger meh bubar. Dadi maknane dadi
tahap ngrampungi/pungkasane masalah/krisis sing ana ing masyarakat.
ARTIKEL BUDAYA JAWA WAYANG KULIT

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia,
kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman
kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya
wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan
asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan
animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.

Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun
petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan
kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake
gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun
bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa
ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan
kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran
wayang.

Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa
Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi imigran menyang Indonesia. Bareng
suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya
bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia.

Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing
sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo bangsa
Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat crita
Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure
ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian
wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu
cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia.

Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab Sastra
Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja
Jayabaya soko Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane
roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh
sing ditiru soko gambarane relief crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar.
Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne
kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih
dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu.

Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude
karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse
dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur
diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti khusus sing nyeni indah. Bebarengan karo
kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-
upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.

Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi
tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane,
terus digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane
dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit
ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko
lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng
keindahane pagelaran kesenian wayang beber.

Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit
ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang
kuwi uga dienggo media effektif medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono
kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup signifikan,
kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga
kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude
wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya
gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan
dadi arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.
ARTIKEL BUDAYA JAWA TENTANG KARAWITAN

Karawitan yaiku kesenian musik tradisional Jawa sing kawujud musik Gamelan. Kesenian
Karawitan iki dikemas kanthi alunan instrument lan vokal sing becik dadine enak kanggo
dirungu lan dinikmati sapa wae. Kesenian kerawitan iki ngrupakne kesenian tradisional sing
terkenal banget neng masyarakat Jawa lan Indonesia dadi salah siji warisan seni lan budaya sing
sugih kanthi aji historis lan filosofis.

Gamelan dhewe ngrupakne salah siji alat musik sing ora bisa dipisahake saka masyarakat Jawa
seprana saprene. Kadelok saka kesenian lan budaya Jawa sing ora ucul saka piranti musik siji iki.
Pirang-pirang kesenian tradisional Jawa sing nggunakne piranti musik Gamelan kaya wayang,
seni joged, lan seni teater kaya ketoprak, wayang uwong lan isih akeh meneh, salah sijine yaiku
kesenian Karawitan.

Artikel bahasa jawa tentang karawitan

Karawitan asale saka tembung rawit, sing jero basa Jawa nduwe arti ribet. Nangign tembung
rawit uga bisa nduwe arti lembut lan becik. Dadine kerawitan biyasane diartekne dadi
sawijining karya seni sing nduweni sifat sing lembut, rumit lan becik. Kerawitan iki diomongke
rumit amarga ngrupakne perpaduan macem-macem instrument Gamelan sing berlaras
nondiatonis sing digarap nggunakne sistem notasi, werna suwara lan ritme dadine ngasilke
suwara sing becik lan enak kanggo dirungu.

Njero kesenian Karawitan ana loro jenis laras, yaiku laras slendro lan laras pelog. Laras slendro
dhewe ngrupakne sistem urutan nada saka lima nada jero siji gambyang karo pola sing mirip.
Lagekne laras pelog ngrupakne sistem urutan nada saka lima utawa pitu nada kanthi nggunakne
siji pola antara nada sing ora padha rata, yaiku telu antara cedhak lan loro antarane adoh. Njero
Karawitan nyat kerep ana pirang-pirang gendhing sing dicawiske jero laras pelog kanthi mung
nggunakne lima nada wae, paling utama nang penyajian gendhing pelog dadi pakoleh alih saka
laras slendro. jero kerawitan Jawa sijining hal sing biyasa gendhing bisa dicawiske jero loro laras
sing beda.

Njero kesenian Karawitan ana macem-macem jenis perangkat Gamelan sing dipupuran miturut
jenise, cacah lan gunane. Jenis perangkat Gamelan kesebut diantarane kaya Gamelan kodhok
ngorek, Gamelan monggang, Gamelan carabalen, Gamelan sekaten, lan Gamelan ageng. Kabeh
jenis perangkat Gamelan kesebut tentune jero masyarakat Jawa nduweni guna, cacah lan cara
nggunakake dhewe jero ndolanke dheweke. Perangkat Gamelan sing digunakne biyasane kaya
bonang, kendang, gong, kenong, kecer, gender, gambang, penontong, kempul, saron, lan liya
liyane. Kajaba kuwi uga ana pirang-pirang piranti musik modern sing digunakne dadi pamepak
kaya keyboard, terompet, drum lan liya liyane.

Njero perkembangane, kesenian Karawitan iki isih tetap urip saprene. Kayekten saprene
kesenian Karawitan iki isih kerep dipelajari lan dilestarekne dadi salah siji warisan kesenian lan
budaya kanggo masyarakat Jawa. Kajaba dikenalake marang generasi enom, kesenian Karawitan
iki uga dikenalakekne marang para wisatawan sing teka dadi salah siji kesugihan bangsa
Indonesia. Malah para wistawan mancanegara kerep kegeret lan nyoba kanggo melajari
Karawitan.