Anda di halaman 1dari 2

SESORAH

Sesorah (pidato) yaiku medharake ide/gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah uga diarani
Medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan.
Cengkorongan/Kerangka Sesorah
1. Salam Pambuka
2. Salam Pakurmatan
3. Pamuji Syukur
4. Isi/wigatining sesorah
5. Pangajab/pangarep-arep
6. Panutup
Salam Pambuka: Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, kawiwitan tembung kula nuwun utawa salam
liyane.
Salam Pakurmatan: minangka tandha sapa aruh, nyebutake asma saha gelar tamu ingkang dipunkurmati
Pamuji: Isine muji syukur lan panuwun marang Gusti kang Maha Agung supaya adicara kang ditindakake bisa
lancar, ora ana alangan saka wiwitan nganti rampung.
Isi/wigatining sesorah: Ngaturake apa ancas/tujuane sesorah. Tuladha adicara pepisahan siswa kelas IX, pengetan
dina Kartini, ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial
Pangajab/ Pangarep-arep: Nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi
gegayuhane(cita-cita) bisa kaleksanan. Tuladha: sing lulus sekolah bisa oleh gawean, sing ulang taun (ambal
warsa) bisa lancar sekolahe, sing dadi manten bisa tentrem anggone mbangun bale wisma, ceramah apa kang
diandharake/diterangke migunani marang para tamu/rawuh.
Panutup: Isine nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone sesorah/pidato ana kaluputan ing
bab basa lan tindak tanduk.
CERKAK
Cerkak yaiku cerita cekak awujud prosa. Lumrahe isine kurang saka 1000 tembung kang menehi kesan tunggal
kang dominan lan musatake prakara ing salah sawijining tokoh.
Ciri-cirine cerkak:
 Critane sakeplasan (dirungokake/waca sapisan langsung tamat) Perkara kang dicritakake mung siji
 Cacahe paraga mung sithik
 Isine padhet (ringkes)
 Alur mung siji
 Basane mentes
 Isine crita ngemot pitutur, kritik, piweling
Unsur Intrinsik Cerkak :
1. Underan (tema crita). Underan yaiku pokok masalahe crita utawa lelandhesane/ dasar crita.
2. Amanat (ancas). Amanat yaiku pepeling kang kinandhut ing crita iku utawa pesen pangripta marang
pamaca. Pepeling/ pesen iku arupa ajaran moral utawa pandhidhikan.
3. Paraga lan watak paraga (lakon). Paraga utawa kang diceritakake. Paraga iku ana kang sipate becik lan ana
uga kang sipate ala. Dene watake paraga (lakon) iku bisa kanggo mbedakake lakon siji lan sijine. Dene cara
kanggo nggambarake watake lakon bisa kanthi lumantar ing ngisor iki, yaiku:
 Katrangan langsung sing diandharake pangripta jroning crita
 Lumantar caturan/ pirembugan (dialog) ing antarane para paraga
 Kalakuan, tumindhak, lan kedadean-kedadean sing dialami paraga
4. Papan, wektu, lan swasana crita (latar, setting). Latar yaiku unsur kang ana gegayutane karo panggonan,
wektu, lingkungan sosial, lan swasana kang ndhasari kedadean ing crita iku.
5. Alur crita (plot)
 Rantamane crita sing sinambungan mbentuk crita. Alur kebentuk kanthi urutan kadadeyan saengga
mbentuk alur maju, alur sorot balik (flash back) lan campuran antarane alur maju lan alur sorot balik.
 Alur maju yaiku urutane crita saka kedadean kang wis kapungkur maju ing kedadean saiki
 Alur sorot balik yaiku urutane crita saka kedadean saiki mundur ing kedadean kang wis kapungkur
6. Pamawas (sudut pandang). Sudut pandang yaiku carane pangripta netepake dirine ing crita. Yen pangripta
melu ing sajroning kedadeyan sing dicritakake, tegese pangripta kalebu pamawas (sudut pandang) wong
kapisan : pangripta cerkak bisa uga dadi paraga utama bisa uga paraga tambahan (sampingan). Menawa
pangripta amung nyritakake wong liya lan dheweke ora dilibatake ing sajroning crita, tegese dheweke
nggunakake pamawas (sudut pandang) wong katelu.
7. Busananing basa (gaya bahasa). Busananing basa yaiku basa sing digunakake pangripta sajroning nyusun
crita.
Rangkaian kedadean sing mbentuk alur dibagi tahap-tahap alur sing diwiwiti saka:
1. Paparane crita (pemaparan). Nyariosake/nepangake tokoh
2. Critane wiwit ana masalah (perumitan)
3. Ana masalah antara paraga (konflik)
4. Masalah luwih gawat (klimaks)
5. Pungkasane crita lan carane ngrampungake masalah ing paripurnane crita
 Happy ending : ing paripurnane crita nyenengake
 Sad ending : paripurnane crita ora nyenengake / nyedihake.

UNGGAH-UNGGUH BASA
Kautamaane/gunane :
O Damel resep lan sakeca manahipun tiyang sanes.
O Tansah nglenggahaken dhiri pribadhi kanthi prenah lan mapan.
O Tansah ngugemi kasusilan
O Tansah damel andhap asor lan urmat
Basa Ngoko inggih punika wujud unggah-ungguhing basa ingkang sedaya tembungipun ngoko.
O Basa Ngoko Lugu, tembung-tembungipun sedaya ngoko, boten wonten kramanipun.
Dipunginakaken marang sapadha-padha, bocah karo bocah, wong tuwa marang bocah.
O Tuladhanipun:
O Aku kulina turu awan
O Ibu masak jangan bobor.
O Simbah nggraji triplex.
O Basa Ngoko Alus, tembung-tembungipun ngoko ananging wonten tembung kramanipun.
Kaginakaken marang wong sing padha tuwane, wong tuwa marang wong enom sing isih ngajeni.
Tuladhanipun:
O Asmane Bapak sapa Mbak?
O Njenengan iku saka ngendi ta Mas?
O Ibu siram nganggo banyu anget.
Basa Krama Inggih punika wujud unggah-ungguhing basa ingkang tembung-tembungipun krama.
O Krama lugu, tembung-tembungipun krama kecampuran ngoko. Kaginakaken marang wong
sing tembe kenal, kanca nanging durung supeket, wong tuwa marang wong enom nanging luwih dhuwur
pangkate. Tuladha:
O Bank mriki boten saged ngijoli dolar.
O Buku niki ajeng kula wenehke kanca.
O Krama alus, tembung-tembungipun krama sedaya. Kaginakaken marang bocah ngendika marang wong
tuwa, wong enom marang sing luwih tuwa utawa wong apangkat, sing guneman luwih endhek drajat
pangkate. Tuladha:
O Aksara Jawa punika menawi dipunpangku malah pejah
O Ibu tindak peken nitih andhong.

Anda mungkin juga menyukai