Anda di halaman 1dari 11

KHASIATE LIDAH BUAYA ORA MUNG KANGGO

KRAMAS LAN TOMBO CATU

UNJUK ATUR SERATAN ILMIAH

Guru Panuntun :

SITI MASLIKAH, S.Pdi

DENING :
1. ()
2. ()
3. ()
4. ()

SMP NEGERI 1 SOKO


Jl. Raya Sokosari No. 549 Telp.0356 811578 kode pos 62372
Email:smpn1soko@yahoo.co.id
Lembar Pratelan
UNJUK ATUR SERATAN ILMIAH

Irah-irahan : Khasiate Lidah Buaya Ora Mung Kanggo Kramas Lan Tamba Catu

Panyerat : Kelas : IX-

Sasampunipun maos lan nupiksa isinipun kanthi titi mila kita mratelaaken netepaken, bilih
seratan menika mboten mlagiat utawi nedhak pamawas saking seratanipun tiyang sanes lan
kawinahyakaken murakabi.

Katetepaken ing : Soko

Rikala Surya : 19 Januari 2018

Pangarsa SMP Negeri 1 Soko, Guru Panuntun,

Drs.BAMBANG ISWANTO SITI MASLIKAH, S.Pdi


ATUR CECALA

Kanthi ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang paringkanugrahan


kawilujengan, rahmat, ugi hidayah, panyerat saged ngronce seratan unjuk atur ngantos purna.
Seratan unjuk atur menika irah-irahanipun “Khasiate Lidah Buaya Ora mung Kanggo kramas lan
tamba tatu”. Ancasipun ngronce seratan unjuk atur menika kangge sarana sinau pamaos.

Panyerat ngrumaosi menawi seratan menika saged purna amargi pitedah saking Allah
SWT, lumantar tuntunan saking Bapak saha Ibu guru sarta urun rembagipun para kadang
ingkang sampun mbiyantu panyerat. Pramila ing kalodhangan menika, panyerat ngaturaken
agunging panuwun dhumateng :

1. Drs.Bambang Iswanto, minangka Pangarsa SMP Negeri 1 Soko ingkang paring


kalodhangan saengga seratan menika saged purna.

2. Siti Maslikah, S.Pd.i, minangka panuntun ingkang tansah maringi pitedah saengga seratan
menika saged purna.

3. Kanca-kanca siswa SMP Negeri 1 Soko ingkang tansah nyengkuyung dhumateng


panyerat.

Pamrayogi saha panyaruwe saking sedaya kemawon, panyerat ajeng-ajeng kangge


sampurnaning seratan menika. Salajengipun, mugi-mugi seratan menika saged nggadahi
mupangat dhateng kita sedaya. Aamiin..

Panyerat
BAB I
PURWAKA

A. Pawadaning Prekawis

Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo pasren utawa rerenggan plataran utawa
tanaman hias. Durung akeh kang migunakake kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling
mung dianggo kramas.Bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene penulis
bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.

Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali marang alam,antara liya kanthi migunakakae
tanaman minangka obat klebu ing kene lidah buaya utawa basa Latine Aloe Vera.Ing negara
maju kayata Amerika , Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake kanggo
bahan baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing Indonesia uga wis akeh kang padha
mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang paling jembar yaiku Kalinantan
Barat (Pontianak ),saengga kawentar minagka kutha Lidah Buaya.

Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa dipigunakake minangka anti i inflamasi utawa
peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi sel . Kejaba iku lidah buaya uga duweni
khasiat ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang diabetes. , ngontrol tekanan
getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta dipigunakake
minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah buaya uga mbiyantu nyegah encok
utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi lidah
buaya nyegah rontoking rambut lan nambani tatu. Menawa ing ndalem ana tanaman lidah buaya
ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa wasir lan radang
tenggorokan uga bisa.

.Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan dadi kayata kapsul, jus pasta utawa
makanan lan minuman kesehatan. Kembang lan akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati
lelara. Yaiku tatu memar lan muntah getih.Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba
sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat ngatasi gangguan
pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake kinerja lambung,gangguan panggonan
usus liyane.

Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening kaya jeli.kanthi mbelah batang
lidah buaya. Khasiat utamane yaiku anti inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu
regenerasi sel. Cairan kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo
obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan zat liyane kang
kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup akeh,saengga maedahi tumrap kasarasan..
B. Babaring Prekawis

1. nopo mawon ingkang kandungane lida buaya niku ?

2. Khasiat nopo mawon ing taneman lidah buaya ?

3. 3. Penyakit nopo mawon sing saget diobati kaleh lidah buaya?

C. Ancasipun Panaliten

Teks unjuk atur menika nggadahi ancas :

1. Kangge mangertosi lidah buaya kange kasehatan

D. Mupangatipun Panaliten

Panaliten menika nggadahi mupangat :

1. Ngaturi pirsa dhumateng brayat gung bab lidah buaya engkang katah.
BAB II
ISI

Khasiat lidah buaya kagem kasarasan

Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo pasren utawa rerenggan plataran utawa
tanaman hias. Durung akeh kang migunakake kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling
mung dianggo kramas.Bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene penulis
bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.

Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali marang alam,antara liya kanthi migunakakae
tanaman minangka obat klebu ing kene lidah buaya utawa basa Latine Aloe Vera.Ing negara
maju kayata Amerika , Australia, lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake kanggo
bahan baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing Indonesia uga wis akeh kang padha
mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang paling jembar yaiku Kalinantan
Barat (Pontianak ),saengga kawentar minagka kutha Lidah Buaya.

Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa dipigunakake minangka anti i inflamasi utawa
peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi sel . Kejaba iku lidah buaya uga duweni
khasiat ngudunake kadar gula sajrone getih kanggo panandhang diabetes. , ngontrol tekanan
getih, ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta dipigunakake
minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah buaya uga mbiyantu nyegah encok
utawa rematik lan ngurangi peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi lidah
buaya nyegah rontoking rambut lan nambani tatu. Menawa ing ndalem ana tanaman lidah buaya
ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo nambani ambeien utawa wasir lan radang
tenggorokan uga bisa.

.Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan dadi kayata kapsul, jus pasta utawa
makanan lan minuman kesehatan. Kembang lan akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati
lelara. Yaiku tatu memar lan muntah getih.Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba
sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat ngatasi gangguan
pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake kinerja lambung,gangguan panggonan
usus liyane.

Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening kaya jeli.kanthi mbelah batang
lidah buaya. Khasiat utamane yaiku anti inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu
regenerasi sel. Cairan kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo
obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan zat liyane kang
kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup akeh,saengga maedahi tumrap kasarasan.

Carane ngramu

Kanggo ngatasi wasir mundhuta godhong lidah buaya separo,1/2 cangkir banyu mateng lan 2
sendok madu. Eri lidah buaya dibuwang. Godhong kang wis ora ana erine kasebut dikumbah
resik lan diparut. Sawise iku disoki banyu mateng kasebut lan madu, dicampur lan diudak rata
,banjur disaring. Olehe ngombe ramuan iki sedina kaping telu.
Kanggo nambani watuk rejan mundhuta 20 gram lidah buaya lan 40 cc madu. Sawise
dikumbah resik lan diilangi erine,gel lodah buaya dicampur karo madu. Olehe ngombe sedina
kaping pindho ,esuk lan sore.sawise mangan

Kanggo ngudunake kolestrol bahane 30 gram lidah buaya dan 3 iji who mengkudu utawa pace
kang wisa mateng. Carane gawe : lidah buaya dionceki lan dijus bebarengan karo pace ,banjur
diwenehi banyu sakcukupe lan digodhog nganggo banyu sakcukupe nganti umob. Sawise iku
diombe rikala anget sedina kaping pindho,esuk lan sore..

Tamba diabetes Mundhuta lidah buaya sapelepah lan banyu 3 gelas. Nulli dikumbah
resik.Dibuwang erinine,banjur diris-iris lan digodgog nganggo banyu 3 gelas,banjur didadekake
1½ gelas. Olehe ngombe sedina ping telu a ½ gelas.

Tamba eksim: Bahan : 5 gram lidah buaya ,100 gram temulawak’ 20 gram godhong pegagan, 5
gram laos.14 gram kencur. 10 gram godhong sembung legi, 10 gram godhong meniran’ 10 gram
godhong kates.24 gram widoro upas, 20 gram kayu manis lan 20 gram sangkobak. Kabeh bahan
didheplok alus lan ditambah banyu 400 ml,banjur disaring. Asil saringan kasebut banjur diombe
langsung ping pindho sedina ,esuk lan sore

Tamba asma : 300 gram lidah buaya dikumbah resik,diparut,diperes banjur disaring.
Asil saringane diombe sedina kaping pindho ,esuk lan sore. Kanggo tamb watuk
bocah migunakake gel lidah buaya (dikumbah dhisik ),diombe esul lan sore,saben
sakombenan 1 sendok teh

Warna-warna penyajian

Saliyane ngunjuk utawa dhahar kanthi cara kang wis disebut ing dhuwur, yaiku migunakake
langsung bahan seger ,wektu iki uga akeh kang mroduksi kanthi cara liya supaya awet tanpa
ngurangi kasiate. Wektu iki uga ana sing mbudidaya digawe cendhol dhawet. Menawa
panjenengan kerep mriksani pameran utawa bursa tanaman obat ing Ngayogyakarta mesthi
mergoki ana kios dhawet lidah buaya. Ana weteng rasane kepenak banget,bisa ngurangi rasa
sebah panggonan weteng.. Kepriye carane gawe ? Gampang kok. Mundhuta 1 kg lidah
buaya,dikumbah resik,banjur dipundhut bageyan njero kang ngandhut lender. Sawise iku
potongan lidah buaya kasebut diwenehi uyah nuli diaduk-aduk saengga ilang lendire. Sawise iku
banjur dikumbah nganggo banyu resik nganti ambal kaping pindho utawa ping telu nganti resik.
Irisan kang wis resik mau banjur digodhog nganggo banyu lan godhong pandhan nganti mateng
utawa umob. Kangge gawe sirup migunakake gula jawa dilaurutake ung banyu 250 cc banyu lan
digodhog nganti umob,semono uga santene digawe pisah..

.Olehe nyawisake ,potongan lidah buaya dicemplungake ing gelas lan ditambahake
sirup gula jawa lan santen.

Cara liyane yaiku digawe selai . Bahan : Daging lidah buaya. ; 500 gram gula pasir kanggo 1
kg. Daging lidah buaya,; asam askorbat o,1 % utawa 1 gram per liter banyu; natrium benzoate
o,5 % utawa 5 gram per kg daging lidah buaya. ‘ 3 gram ager-ager bubuk utawa ½ bungkus.
Carane nggawe : Lidah buaya kang wis resik banjur dikum sajrone larutan asam askorbat
sajrone 15 menit, banjur ditirisake lan diremuk nganggo blender. Lidah buaya kang wis remuk
iki banjur dipanasi kanthi nambahake gula pasir,asam sitrat lan ager-ager. Olehe manasake
nganti umob kanthi diaduk-aduk ,sawise iku diwenehi bahan pengawet benzoate. Sawise dadi
gel,olehe manasi diendhegake lan busa kang ana dhuwur dibuang. Selai wis dadi lan siap
dikemas nganggo botol.

Ana maneh kang diolah kanthi srana digawe teh Carane nggawe : Kulit godhong lidah buaya
dikumbah resik lan ditirisake,dipotong cilik-cilik utawa dirajang kaya godhong tehbanjur dipepe
sing panas utawa dioven. Sawise dikeringake ,teh lidah buaya siap dikonsumsi kaya dene teh
tubruk utawa teh biasa. Uga bisa digawe bubuk,banjur dikemas sajrone kanthong kertas
kayadene teh celup.

: Dodol : Bahan : 1 kg daging daun lidah buaya; 700 gram tepung ketan’ 400 gram tepung
beras;2 kg gula pasir’ 2 liter santen; 0,1 % asam askorbat ( 1 gram kanggo 1 liter banyu utawa
0,1 gram kanggo 100 ml banyu ); pewarna ijo prayoga sing alami nganggo godhong suji ); ager-
ager sakcukupe. Carane nggawe : santen lan gula dimasak nganti kenthel. Tepung ketan lan
beras dicampurake ing larutan gula. Lidah buaya dicemplungake, banjur diudak nganti ora
lengket ing wajan. Sawise iku diwenehi ager-ager lan pewarna lan dodol siap dikemas. Dodol
lidah buaya iki mujudake panganan khas Pontianak.

Kanggo omben-omben bisa digawe sirup lidah buaya lan serbat. Bahan kang diperlokake
kanggo nggawe sari lidah buaya yaiku : godhong lidah buaya kang dijupuk daginge. Pilih sing
during tuwa kanthi cirri : werna ijo, bintik-bintik putih, perangan pinggir erine empuk lan pucet.
Daging lidah buaya dicampur nganggo banyu kanthi perbandingan : daging lidah buaya : banyu
1 : 4, saumpama daging lidah buaya 100 gram banyune 400 ml. Sabanjure daging lidah buaya
lan banyu diblender nganti remuk Sabanjure disaring nganggo kain saringan utawa saringan
plastic Lebokna ing cairan lidah buaya kasebut gula 10 – 15 %,asam sitrat 0,1 -0,2 %,uyah
0,025-0,1%,esen lan pewarna sakcukupe. Sabanjure dimasak sajrone suhu 85-90 derajat Celcius
nganti 20-25 menit. Sajrone kahanan panas ,dilebokake ing botol-botol kang wis disterilake
(digodhog sajrone banyu nganti 1-2 jam ) kanthi nyisakake ruangan 1,5 –2,5 cm saka ndhuwur
tutrup botol. Botol-botol kang wis isi kasebut 10 – 15 menit, banjur ditutup rapet lan kareben
adhem ing suhu ruangan..Panggonan botol diwenehi etiket lan minuman sari lidah buaya bisa
dipasarake Dene serbat lidah buaya, carane nggawe : mundhuta 10 iji godhong lidah
buaya,banyu 500 cc, 1 sendok makan kapur sirih kang dilarutake ing banyu 1.500.cc,150 gram
gula pasir, 4 iji cengkeh, 3-5 cm kayu manis. Lidah buaya dionceki lan dijupuk bageyan kang
bening,banjur diiris cilik-cilik wujud dadu utawa kubus. Sawise iku potongan lidah buaya
dicemplungake ing larutan kapur sirih sajrone 30 menit. Sawise 39 menit ditirisake lan disiram
nganggo banyu umob sakcukupe,nuli dikumbah nganti resik. Kanggo nggawe sirupe
,migunakake banyu,gula,kayu manis lan cengkeh kang digodhong nganti umob. Sawise umob
potongan lidah buaya dicemplunge ing godhogan sirup kasebut lan banjur diangkat lan siap
diombe sawise adhem. Uga bisa ditambahake es batu utawa es serut.

Peluang bisnis

Peluang bisnis lidah buaya wektu iki cukup gedhe.Apa maneh ing Indoensia wis akeh kang
mroduksi obat,kosmetikalan minuman kesehatan nganggo bahan lidah buaya. Ing tataran donya
bisnis lidah buaya nilai penjualan lidah buaya 60 milyar dollar/tahun.. Emane ing Indonesia
budidaya lidah buaya during intensif kejaba ing Kalimantan barat. Kita asring mrangguli isih
akeh lemah kang nganggur during bisa dipigunakake. Mula para petani uga perlu uga mikirake
budi daya tanaman lidah buaya. Ikii. Wondene teknogi tepat guna uga wis ana kaya kang dhak
aturtake ing dhuwur. Ing kalangan kelompok tani wanita uga perlu nggarap tanaman iki.
Nyatane ing tanah Jawa uga bisa thukul gedhe-gedhe. Mesthine migunakake bibit unggul saka
Kalimantan barat Apa maneh lidah buaya uga tahan ing tanah kang kering. , Ing daerah
perkotaan bisa migunakae pot kang gedhe. Coba,menawa saben omah padha nandur lidah buaya
limang pot, menawa sak RT 40 omah ,bisa ngasilake 200 pot lidah buaya. Ibu- ibu PKK bisa
ngolah arupa cendhol,teh,sirup lidah buaya,dodol lsp. ,saengga nambah nilai ekonomis tanduran
iki. . Dinas Pertanian Kabupaten utawa Kota perlu nyurung wargane budidaya lidah buaya iki.
Apa maneh tanaman lidah buaya gampang lan relative ora mbutuhake investasi kang dhuwur.
Bab iki disebabake tanduran iki mujudake tanaman tahunan kang bisa dipanen bola bali kanthi
masa produksi 7-8 tahun.
BAB III
PANUTUP

Kesimpulan
Khasiat lidah buaya engkang katah kangge kasehatan tiang sedanten terutama kangge penyakit
wasir,watuk rejan,ambien,radang tengorokan, kangker, asam urat, lan diabetes.

Saran
Dahar daging lidah buaya sedinten kaping setunggal saget jogo kasehatan tiang sedanten.
Kangge bisnis lidah buaya wektu iki cukup gedhe.Apa maneh ing Indoensia wis akeh kang
mroduksi obat,kosmetikalan lan minuman kesehatan nganggo bahan lidah buaya
BAB IV
KAPUSTAKAN

http://manfaat.co.id/manfaat-lidah-buaya
http://disehat.com/manfaat-lidah-buaya-bagi-kesehatan-dan-kecantikan/
http://sehatnya.net/manfaat-lidah-buaya-untuk-kesehatan/
http://updatesehat.blogspot.co.id/2014/12/manfaat-lidah-buaya-untuk-kesehatan-dan.html

Anda mungkin juga menyukai