Anda di halaman 1dari 5

KLIPING

TUGAS BAHASA JAWA


MANTEN

Disusun Oleh :
1) Alfa Setiawan
2) Arya Bayu Aji
3) Sigit Riko Susilo
4) Restiawan Nursahid
5) Riski Fathu Ridho
6) Heri Septian

KELAS 9 A
SMP NEGERI 3 SATU ATAP AYAH
TAHUN PELAJARAN 2016/2017
MANTEN

Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa
sing nduwe rangkeyan-rangkeyanupacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara
pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten
kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng daleme penganten
putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa
kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut
dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:

1. Lamaran

Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani:


Lamaran pengantenan. Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga
calon penganten kakung neng daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi
tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake
pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane
sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan
upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

2. Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang
prakawis iki mangga pirsani : Siraman. Acara
siraman iku sejati upacara perlambang kanggo
ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki
diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan

1
dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian
umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman
ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur
sedulur liyane uga pemaes.

3. Midodaren
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani:
Midodaren. Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari
utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen
mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun
saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk
neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6
sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine
sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara neng wengi
midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake
karo acara peningsetan lan srah srahan.

4. Srah-srahan

Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung


nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta
pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan
liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit
sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

2
5. Ijab Kabul

A. Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara
Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di
delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat.
Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung
sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran,
Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
B. Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan
kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
C. Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur
penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung
nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining
kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
D. Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung
minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
E. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko
tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.
F. Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake
penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang
anak lan mantu soho besan.

3
G. Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing
di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh
nafkah.
H. Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko
perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi
bebarengan.
I. Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten
kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
J. Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong
tuwa.
K. Kenduren / resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga


kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe
makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis
rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima
ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.

Anda mungkin juga menyukai