Anda di halaman 1dari 11

MAKALAH

“SESAROH”

KASUSUN DENING:

1. RINDI FAIDATUL ROFIYANI


2. AYU FITRIANINGSIH
3. TRI HARYATI
4. SAMANIATUN

KELAS : XI AK

SMK LPPM RI 2 KEDUNGREJA


2017

i
ATUR SAPALA

Puji Syukur dhumateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Wikan, awit saking
rahmat lan kamirahanipun, kita saged ngrampungaken panyeratan makalah punika.
Judulipun laporan inggih punika ”makalah sesaroh”.

Makalah punika karonce kangge nglengkapi tugas Bahasa Jawi wonten ing
SMK LPPM RI 2 Kedungreja. Mugi Makalah punika wonten paedahipun dhumateng
kita sedaya.

Makalah punika taksih kirang sempurna amargi wedal ingkang kasesa kalian
kirang pangertosipun penyusun. Pramila penyusun nyuwun pangapunten lan nampi
kritik lan saran saking pemaos, wasono matur nuwun.

Kedungreja, Desember 2017

Penyusun

ii
DAFTAR ISI

JUDUL ................................................................................................................ i
ATUR SAPALA ................................................................................................. ii
DAFTAR ISI....................................................................................................... iii
BAB I PAMBUKA ............................................................................................. 1
A. Wigatosing Rembag .............................................................................. 1
B. Bab-bab ingkang bade dipun rembag ................................................... 1
BAB II ANDHARAN ......................................................................................... 2
A. Pangertosan ............................................................................................ 2
B. Ancasing Sesorah................................................................................... 2
C. Jenis-jenis sesorah ................................................................................. 3
D. Cengkrongan Sesorah ............................................................................ 5
E. Bab-bab kang digatekake nalika sesorah ............................................... 6
F. MetodHe sesorah ................................................................................... 6
BAB III PANUTUP ............................................................................................ 7
DAFTAR PUSTAKA ......................................................................................... 8

iii
BAB I
PAMBUKA

A. Wigatosing Rembag
Sesorah utawi pidato bahasa jawa dados satunggaling kabudayan jawi
ingkang wigati sanget. Mila menika kita kedhah mangertos pengertian sesorah
utawi pidato bahasa jawa menika. Sesorah utawi pidato bahasa jawa saget
andadosna regengipun pahargyan lan pawiwahan. Wonten ing ngandap menika
satunggaling atur kula babagan pangertosan sesorah, ananging sakderengipun
kula aturaken mbok bileh salebeting atur kula samangkih anggadahi kekirangan
soho wonten atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun agunging samodra
pangaksami.

B. Bab-bab Ingkang Badhe Dipunrembag


1. Kapripun pangertene sesorah?
2. Sebutaken ancasing sesorah ?
3. Sebutaken jenis-jenis sesorah?
4. Kapripun cengkorongan Sesorah ?
5. Sebutaken bab-bab kang digatekake nalika sesorah ?
6. Kapripun metodhe sesorah?

1
BAB II
ANDHARAN

A. Pangertosan
Pengertian sesorah utawi pidato nun injih bedhahan utawi medharsabda
ingkang wosipun ngaturaken gagasan, saha penggalih dhateng tiyang sanes
mawi lesan kanthi cara tartamtu saha kanthi ancas tujuane ingkang gumathok.
Mila menika sawenehing tiyang sesorah badhe kawastanan kasil menawi saestu
saged ngrimuk pamirengipun, damel remenipun ingkang dipunajak wawan
ginem, nuhoni panuwunipun pamedhar sabda, dipunmangertosi kekajenganipun
lan sapanunggalanipun, saha sedaya katerangan saking ingkang medhar sabda
saget katampi dening ingkang sami mirengaken.

B. Ancasing sesorah

1. Atur Pambagyo yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing
acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang
tahun),pengantenan.

2. Atur kabar/paring informasi yaiku sesorah kang aweh kabar/ informasi,


umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.

3. Atur pangajak yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya
banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing
sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah.

4. Atur panglipur yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine
marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing
sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah
bencana alam,kepaten lan liya liyane.

2
5. Atur panyarue/ngemutake= nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang
ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning
hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.

C. Jenis-jenis sesorah/pidhato
a. Miturut Adhe dasar :
1. Pidhato Pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa
acara utawa MC.
2. Pidhato Pengarahan , yaitu pidhato kang ngarahake sawijining
kagiyatan.
3. Pidhato Sambutan , yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine
adicara tartamtu, kanthi wektu kang mung sadhela, amarga sing menehi
sambutan ora mung siji.
4. Pidhato Peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dening wong kang
nduweni pangaribowo kang ngresmikake samu barang.
5. Pidhato Laporan, yaiku pidhato kang isine nglaporake sawijining tugas
utaa kegiatan.
6. Pidhato Pertanggungjawabn, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan
pertanggung jawaban tugas utawa kagiyatan.

b. Miturut Ancasipun sesorah


1. Sesorah Persuasif inggih menika sesorh kanthi ancas mikut (
mmpengaruhi) pamirengipun.
2. Sesorah Argumentatif ingih menika sesorah kanthi ancas ngyakinaken
pemirengipun.
3. Sesorah Informasi inggih menika ngwehi katrangan.
4. Sesorah Deskripsi inggih menika sesorah kanthi ancas ngaturaken
gegambaran kawontenan.
5. Sesorah Rekreatif inggih enika sesorah kanthi ancas atur panglipur.

c. Miturut Kahanan :
1. Kaanan Resmi : Kanggo kaanan resmi, lumrahe pamicara maca naskah
kang wis disiapake supaya ora salah anggone sesorah lan naskah iku

3
bisa kasimpen kanggo arsip. Pamicara ora bisa ngandharake sesorahe
sakarepe dhewe amarga wektune wis diatur.
2. Kaanan Setengah resmi : Pamicarane bisa ngandharake sesorah utawa
pidhatone rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep digatekake.
3. Kaanan ora resmi : Pamicara bisa ngandharake sesorah utawa pidhatone
miturut tujuan utawa selera pamirenge.
4. Kaanan Liya-liya : Saliyane kaanan kang wis kaandharake iku, isih
anakaanan kang uga nduweni pengaruh marang cara ngandharake
sesorah, yaikupamirenge lungguh apa ngadeg,wektune esuk apa awan,
anggone pidhato dhewe apa ana wong liya. Contone, yen pemirenge
ngadeg pidhatone kanthi singkat wae.

d. Miturut Pendekatan :
1. Pendekatan Intelektual : Pendekatan iki digunakake yen pamirenge
nduwe pendhidhikan kang cukup.
2. Pendekatan Moral : Pendekatan iki digunakake yen pamirenge seneng
melu kagiyatan moral, apa maneh moral keagamaan. Pamicara bisa
nganggo kutipan ayat suci utawa sumber liya kang cocog.
3. Pendekatan Emosional :Pendekatan iki digunakake yen pamirenge
kurang pendhidhikan. Pamirenge kang kaya mangkono gampang
anggone nampa isi pidhato lumantar emosine. Mula, kudu disenggol
nganggo semangat, kabutuhane, lingkungane, kasumehane, utawa liya-
liyane kang bisa gawe gampang nampa.

e. Miturut tujuane :pahargyan. Den tujuane yakuwi


1. Menehi Hiburan : sesorah jinis iki ditindakake ana ing acara pahargyan.
Den tujuane yakuwi supaya acara iku bisa sumringah lan meriah.
Pamicara mung ngandharake babagan kang gawe seneng lan bungah,
uga nganggo basa kang santai lan raket.
2. Mnehi Kawruh : Sesorah iki isine ngandharake babagan kang sacetha-
cethane, supaya pamireng ngerti. Pamicara bisa nganggo conto,

4
mbandingake, nerangake, lan liya-liyanekang kabeh mau kanggo
njelasake marang pamirenge.
3. Ajak-ajak : Pamicara ngandharake alesan, bukti, lan conto supaya
pamirenge gelem nindakake kaya apa kang dikarepake pamicara.
Sesorah iki umume jinis pidhato kampanye arep pemilihan umum.

D. Cengkorongan Sesorah
1. Pembuka / Purwaka basa
 Salam pembuka
Assalamu'alaikum Wr.Wb
 Sapaan
Dhumatheng Bpk. Hartana ingkang kula hormati
Lan dhumatheng rencang-rencang sedoyo ingkang kula tresnani
 Syukur
Puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun paringi kesehatan
kita sedoyo. Saengga kita saged makempal sesarengan kanthi
pinaringan kesarasan soho kawilujengan.

2. Isi / Surasa basa


Para hadirin ingkang berbahagia, kula teng mriki ajeng ngaturaken
sesorah ingkang tena Narkoba. Ngaturaken babakan narkoba kita
mangertosi wekdal menika narkoba saben ndintene dados berita tumanter
TV, napa media massa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika
dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami.

Narkoba ngrusak sistem saraf pusat lan organ-organ liane, kaya


Jantung, Paru-paru, Hati lan Ginjal, sak sinteno ingkang ngomsumsi,
mboten pejabat, artis, rakyat, guru, murid, sugih lan mlarat.

3. Simpulan
Monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba,
supados kita mboten kecemplung jurang kesengsaraan. Mugi-mugi kita
ngatos gampil kepincut barang ingkang haram menika.

5
4. Penutup / Wasana basa
 Nyuwun Pangapunten
Cakep sementen ingkang kula aturaken, menawi wonten kelepatan kula
nyumun pangapunten.
 Salam penutup
Wasalammu'alaikum Wr.Wb

E. Bab-bab kang digatekake nalika sesorah :


1. Nyiapake underan / tema sesorah.
2. Nyiutake tema dadi irah-irahan (judul).
3. Naliti kahanan pamiarsa.
4. Ndamel cengkorongan / kerangka sesorah.
5. Nemtokake ancase / tujuane sesorah.
6. Ngempalake bahan sesorah.
7. Ngembangake / ngrembaakake cengkorongan.
8. Gladhen sesorah.

F. Metodhe sesorah

1. Metodhe Naskah, yaiku sesorah kanthi maca sawutuhe naskah utawa teks
sesorah kang wis gawe sadurunge. Methode iki biasa digunakake ing adicara
resmi kayata pidhato kenegaraan, upacara mengeti dina nasional. Nanging
uga bisa digunakake dening wong kang lagi gladhi. kaluwihane sesorah bisa
runtut, kekurangane kurang komunikatif.
2. Metodhe Apalan, yaiku sesorah kanthi ngapalake naskah utawa teks kang wis
digawe. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang lagi anyaran
paring sesorah utawa isih gladhi. Kaluwihane bisa ngandharake dhewe,
kekurangane kurang komunikatif luwih-luwih yen ana sing lali.
3. Metodhe Ekstemporan, yaiku sesorah kanthi gawe catethan bakune/pokok-
pokoke sesorah. Metodhe iki biasane digunakake dening wong kang prigel
sesorah. Kaluwihane bisa runtut lan komunikatif.
4. Metodhe Impromtu, yaiku sesorah kanthi dadakan/spontan. Metodhe iki
biasane digunakake dening wong kang prigel sesorah.

6
BAB III
PANUTUP

Supaya kita bisa njlentrehake materi sing dadi pokok bahasan ing makalah iki,
mesthi isih akeh kekurangan lan kelemahane, amarga keterbatasan pengetahuan lan
kurange rujukan utawa referensi sing ing bab iki.

Kita kathah pangarep-arep menehi kritik mbangun lan saran menyang penulis
demi kasempurnaan makalah iki. Mugi mugi makalah iki nduweni manfaat kanggo
kita kabeh sing maca makalah iki.

7
DAFTAR PUSTAKA

http://rudrifi.blogspot.co.id/2015/03/cengkorongan-sesorah_12.html
http://susantisanti123.blogspot.co.id/2015/10/pidhato-paragraf-
wawancarawawanrembug.html
http://cahbasajawa.blogspot.co.id/2015/12/metode-sesorah.html

Anda mungkin juga menyukai