Anda di halaman 1dari 6

Rerangkening Tatacara Mantu

1. Lamaran
Tatacara lamaran ingkang prayogi punika Pengantin Kakung sowan wonten dalemipun
tiyang sepuhipun Pengantin Putri kanthi perlu ngaturaken bilih keluwarga Pengantin
Kakung badhe nglamar putrinipun (dinten, tanggal, wanci sarta kathahing tiyang ingkang
badhe sowan).
Urut-urutaning Lamaran
a. Atur pangandikan saking Pengantin Kakung

Nyuwun Wigatos
Muji Pitepan Salam
Pangap ing Panutup
Syukur gan Taklim unten lampah

b. Atur wangsulan saking Pengantin Putri


Nyuwun Salam
Matur Nuwun Keputus
Pangapu Takli
Panglamaripun
Pengajab Panutup
nten m an

c. Tanggap Wicara Pancasan (Putusan) saking Pengantin Kakung

Leganing Enggal atur Nyuwun


manah palapuran pamit

2. Ningseti
Ningseti punika limrahipun kakung tumprap putri. Ubarampenipun inggih punika:
a. Kalpika (ali-ali), ngemu suraos tresnanipun boten saged pedhot kados wujudipun ali-
ali.
b. Ageman putri sapengadheg, ngemu suraos bilih Pengantin Kakung bakal nyekapi
kabutuhanipun Pengantin Putri, lan nutupi sedaya wewadi.
c. Rerenggan pelik-pelik (emas-emasan), ngemu suraos penganten kekalih boten badhe
damel kuciwa.
d. Panganan saking ketan, ngemu suraos bilih wos ketan punika tasih kumepyur nanging
menawi sampun dipunolah saged luluh dados setunggal (antawisipun Pengantin
Kakung lan Pengantin Putri).
e. Lapis werni abrit lan pethak minangka pralambang manunggaling rah lan sum-suming
Pengantin Kakung lan Pengantin Putri. rah lan sumsum boten saged kapisah, menawi
pisah ateges sirna.
f. Woh-wohan (jeruk, manggis, nanas, lsp), ngemu panyuwunan mugi tresnanipun
Pengantin Kakung lan Pengantin Kakung saged mujudaken who ingkang sejati.
g. Gedhang ayu limrahipun gedhang raja), ngemu suraos bilih Pengantin Kakung lan
Pengantin Putri saged tumindak kados Raja ingkang sarwi tanggel jawab.
h. Cengkir gadhing. Cengkir isinipun toya suci, ateges mugi Pengantin Kakung lan
Pengantin Putri anggenipun mangun bale wisma tansah linambaran tresna ingkang
suci.
i. Arta utawi buwuh. Kerata basanipun “imbuh-imbuh anggenipun ewuh”. Tiyang
manton punika panci badhe kagungan damel utawi (ewuh).
j. Urip-urip (pithik lancur lan dhara, utawi banyak sajodho), ateges ingkang badhe
bebojoan saged tanggel jawab dhumateng keluwarganipun kados dene urip-urip.
3. Siraman
Adicara punika dipunwontenaken sedinten saderengipun adicara ijab-qobul, lan dilakoni
ing dalemipun Pengantin Putri. wekdalipun antawis tabuh 10 enjing – 3 sonten, jalaran
wekdal punika minangka wekdalipun widodari nalika siram. Macem-macem tegesipun
siraman:
• Siraman dipunwastani adus kembang, amargi toya ingkang kangge adus sampun
kacampur kaliyan kembang sritaman (sri ateges ratu, taman ateges papan). Sritaman
inggih punika kembang ingkang pinilih minangka ratuning kembang (mawar, melati,
lan kenanga).
• Siraman dipunwastani adus pamor, kangge srana ambuka pamor (aura) pasuryanipun
panganten, mliginipun Pengantin Putri. supados nalika dipunpaesi, Pengantin Putri
pasuryanipunipun kados widodari.
Ancasipun siraman:
a. Nyuwun marang Gusti supados calon panganten saged kalis ing godha, lan saged
nindakaken sedaya acara ngantos purna.
b. Kangge ngresiki sedaya rereged lair trusing batin.
Ingkang nggadhahi jejibahan nyiram dipunwiwiti saking tiyang sepuhipun Pengantin
Putri, lajeng tiyang sepuhipun Pengantin Kakung lan dipunpungkasi dening pamaes.
Kanthi mecah kendi lan ngendikan “wis pecah pamore” tegesipun penganten kekalih
sampun sumadya anggenipun palakrama.
Ubarampe siraman:
a. Toya ingkang wangi. Toya ingkang wening pralambang panganten kekalih saged
mikir kanthi wening (fikiran jernih), lan tansah wangi ing saben dintenipun.
b. Klapa binelah. Tegesipun kekalih panganten saged ngraosaken punapa ingkang
dipunraosaken pacanganipun kados klapa binelah.
c. Jajan pasar. Tegesipun Gusti punika maha mirah, dados peparinganipun gusti punika
maneka warna.
d. Sekul tumpeng. Tegesipun tansah enget dhateng pepesthening kodrat ingkang sampun
ginaris saking Gusti.
e. Ingkung. Tegesipun tansah eling dhateng ingkang maha linangkung.
f. Bubur warna pitu. Bubur tegesipun angubur sedayaning pakarti ingkang boten sae,
lan tansah nyuwun pitulungan dhateng Gusti.
g. Cengkir gadhing. (cengkir= kencenging pikir) tiyang ingkang badhe omah-omah
punika krdhah nggadahi pikiran ingkang kenceng lan boten miyar-miyur.
Sasampunipun siraman wonten adicara dodol dhawet dening tiyang sepuhipun
Pengantin Putri. adicaranipun:
a. Ingkang sadeyan punika ibunipun Pengantin Putri, dene bapakipun ingkang
mayungi. Kanthi ancas bilih tiyang omahomah punika kedhah gotong royong
supados gesangipun tansah tentrem. Sanajan namung sadeyan dhawet nanging
saged kangge nyekapi kabetahanipun sakeluwarga.
b. Ingkang tumbas punika para tamu, migunakaken arto kreweng. Amarga
manungsa asalipun saking lemah (kreweng =lemah)
4. Midodareni
Malem midodareni inggih punika malem saderengipun adicara akad nikah lan panggih.
Midodareni saking tembung widodari, tiyang Jawa pertados bilih ing malem midodareni
punika sedaya widodari saking khayangan mandhap wonten dalemipun Pengantin Putri
kangge ndadosaken sampurna lan ayunipun Pengantin Putri kadosta widodari. Ing ndalu
punika wiwit tabuh 6 sonten ngantos 12 ndalu, Pengantin Putri boten kenging sare lan
boten kenging medal saking kamaripun. Piyambakipun dipunkancani kancanipun ing
kamar, lan boten kenging kepanggih kaliyan Pengantin Kakung.
Urut-urutan adicara malem midodareni:
1. Jonggolan/ nyantri/ nyantrik (ngetoke awak, kangge Pengantin Kakung).
Ing malem midodareni tiyang sepuhipun Pengantin Kakung, Pengantin Kakung, lan
keluwarganipun sowan ing dalemipun Pengantin Putri, kanthi mbeta seserahan. Ing
mriku Pengantin Kakung namung diaturi segelas toya pethah, lan boten kenging
dhahar/ ngunjuk sanesipun toya pethak. Punika pralambang kangge nglatih raos
sabaripun Pengantin Kakung minangka imam (kepala keluarga).
Ancasipun jonggolan/ nyantri/ nyantrik:
 Ndadosaken bombonging manah keluwarga Pengantin Putri amargi Pengantin
Kakung tansah pinaringan kawilujengan.
 Kangge nggampilake petugas KUA kangge naliti administrasi.
2. Pasrah catur wedha
Catur wedha punika pitutur saking tiyang sepuhipun Pengantin Putri katujokake
dhateng Pengantin Kakung. Catur wedha punika wosipun sekawan pandoming urip
omah-omah, inggih punika:
• Sujud dan sembahlah tuhan mu, Allah swt. Karena allah adalah pelindung dan
hanya dialah penolong terbaikmu
• Selalu taat, tunduk, berbakti, dan berbuat baik kepada orang tua mu , krn dg
perantara ortu mu lah kalian hidup dan berada di dunia ini
• Selalu menjaga dan meningkatkan rasa saling mencintai diantara kalian berdua
layaknya mencintai dirimu sendiri, saling percaya, dan dapat dipercaya, jujur
serta adil dalam segala hal
• Jauhilah ucapan atau perbuatan yang tidak terpuji dan tidak berguna, berbuat
benar dan berbudi luhur, bersikap sopan dan santun serta selalu sabar dalam
mensyukuri nikmat Allah walau sekecil apapun
3. Tantingan
Sasampunipun keluwarga Pengantin Kakung kondur, pramila tiyang
sepuhipun Pengantin Putri dhateng wonten kamaripun Pengantin Putri kanthi perlu
nanting sepinten mantepipun Pengantin Putri anggenipun palakrama. Lajeng
Pengantin Putri kedah mangsuli bilih Pengantin Putri ikhlas urip beberengan kaliyan
priya ingkang sampun dipunpilih.
4. Kembar mayang
Kembar punika padha, mayang punika kembang. Kembar mayang ateges
kembang ingkang werni lan wujudipun sami. Asal usulipun kembar mayang punika
saking legenda Dewi Supraba lan Prabu Dananjaya, Dewi supraba kersa dados
garwanipun Prabu Dananjaya kanthi bebana, Prabu Dananjaya saged mundhut kembar
mayang khayangan awujud klepu dewadaru. Klepu inggih punika kayu kalpataru,
kalpataru dianggep “pohon kehidupan”, kalpa ateges langgeng lan daru ateges wahyu.
Werdinipun inggih punika supados gesangipun saged langgeng.

Kembar mayang ngemu suraos:


a. Wujud kados redi, inggil, lan amba. Ngemu suraos yen Pengantin Kakung
kedah nggadhahi kawruh ingkang sae lan sabar.
b. Wujud kados keris. Tegesipun penganten kekalih kedah atos-atos sing
samubarang tanduk.
c. Wujud kados cemeti. Tegesipun penganten kekalih kedah mikir ingkang sae-
sae mawon supados gesangipun tansah tentrem.
d. Wujud kados payung. Ngemu suraos yen pacangan kedah sami-sami
nglindungi.
e. Wujud kados walang. Ngemu suraos penganten kekalih kedah tanggap ing
sasmita lan saged mundhut putusan ingkang paling sae lan becik.
f. Godhong ringin, ateges kedhah nglindungi.
g. Godhong kruton, ateges nglindungi panganten kekalih saking roh-roh ingkang
ala.
h. Wujud kados manuk, ateges panganten kedhah nggadhahi ancasing gesang
punika.
i. Godhong dadap serep, godhong punika saged kangge obat benter. Nandhakake
yen pacangan kedhah nggadahi pikiran ingkang wening nalika ngadepi sedaya
perkawis.
j. Kembang Patra Manggala, kangge nambahi ayu kembar mayang.
Kembar mayang ancasipun:
a. Kangge adicara temu panganten
b. Kangge nebihaken sedaya bebaya/ roh-roh
c. Kangge pakurmatan
5. Ijab Kabul
Ijab utawi ijab kabul inggih punika ngesahaken ningkahipun panganten kekalih saking
petugas catatan sipil. Saking adicara punika, tiyang sepuh Pengantin Putri masrahaken
putrinipun dhateng Pengantin Kakung. Pengantin Kakung nampi Pengantin Putri kanthi
ngaturaken mahar kangge Pengantin Putri. adicara punika dipunsekseni dening sedaya
keluwarga panganten kekalih, tangga-tangga, lan petugas catatan sipil.
6. Panggih
Nalika Pengantin Kakung sampun dugi ing dalemipun Pengantin Putri, lan Pengantin
Putri sampun medal saking kamaripun.
Pramila wonten tradisi ingkang wujudipun:
1. Balangan suruh, ngemu suraos sinten ingkang kenging suruh punika pramila
gesangipun bakal menangan.
2. Ngidhak tigan (dening PK), ngemu suraos PK boten bakal nerak wewatoning
ningkah. Ngresiki sukunipun PK (dening PP), ateges PP tansah setya lan tansah
nglayani PK.
3. Sindur binayan, Bapa PP nuntun penganten kekalih dumugi kursi panganten, lan
Ibunipun PP nyampiraken kain sindur. Minangka tanda yen bapa bakal nuduhake
dalan tumuju kamulyanipun panganten, lan ingkang ibu tansah paring dukungan.
4. Timbang/ pangkon. Panganten kekalih lenggah ing pangkuanipun bapa PP, kanthi
ngendikan “padha-padha abote”. Ateges tresnanipun panganten kekalih sami-sami
kuat, lan ritual punika minangka wujud sayangipun tiyang sepuh marang putra
mantunipun.
5. Tanem. Bapa PP nglungguhaken penganten kekalih ing kursi panganten kanthi tanda
bilih tiyang sepuh tansah ngrestuni ningkahan punika.
6. Tukar kalpika (ali-ali), minangka tanda tresnanipun panganten.
7. Kacar-kucur/ tampa kaya/ tandur. Kanthi pambiyantu pamaes, PK maringi dele,
kacang, wos, jagung, wos ketan, kembang, arto (uang logam) ingkahng cacahipun
genep, ing pangkuanipun PP kanthi pratanda bilih PK tansah paring nafkah kangge
panguripan.
8. Dulang-dulangan, kanthi pralambang bilih panganten kekalih kedhah nglakoni urip
beberengan wiwit susah utawi seneng.
9. Sungkeman, penganten kekalih nyuwun pangestu dhateng tiyang sepuhipun lan
marasepuhipun. Diwiwiti saking tiyang sepuh PP.

Anda mungkin juga menyukai