Anda di halaman 1dari 9

Contoh Teks Sandiwara 1

Kahanan kelas isih sepi wektu Kurnia teka, mung ana Nawan lan Rico wae. Kurnia ndeleng akeh
sampah sing semebar neng kelas. Lan dheweke njaluk tulung Rico lan Nawan kanggo ngewangi
ngresiki.
Kurnia : Hey Rico, Nawan…
Rico : Hey ugo Kur..
Nawan : Kowe wis ngerjakne PR durung?
Kurnia : Uwis lah, Ibuku kan sanuli mriksa PR ku saben dina.
Rico : Aku uga wis.
Kurnia : Wah, kelas awake dhewe reged pisan ya, akeh sampah dluwang lan plastik. Iki mesti
turah sampah wingi.
Rico : iya, reged banget. Ning wis ta, mengko uga diresikna ro Pak Amad. Ya ta Wan?
Nawan : (mung ngesem)
Kurnia : Awake dhewe ora oleh ngandhalake Pak Amad Rico, kan awake dewe sik ngegeti.
Sakudune awake dhewe sing ngresikna.
Rico : ning ta pagawean pak Amad nyat resik-resik.
Kurnia : Iya pancen, nanging awake dhewe kudu sinau mandiri, awake dhewe ugo isih bisa
ngresikna iki bebarengan karo kanca sing liya.
Rico : ah aku males.. kana kowe wae Kur
(nuli teka Nur Hadi lan kanca sing liya)
Nur Hadi : ana apa sih iki, kok esuk-esuk wis pada rebut?
Kurnia : Galo Nic, Rico ora gelem ngewangi ngresikna kelas awake dhewe, padahal kan awake
dhewe sing ngregeti.
Nur Hadi : Kan wis ana Pak Amad, dadi nggo ngapa awake dhewe sing repot Kur?
Rico : Nah ta, bener tembungku Kur. Ra ngandel ya kowe ro aku?
Kurnia : Ah kowe ki padha wae, ya wis yen ora gelem ngewangi.
(Kurnia njupuk siji poro siji sampah sing ana neng kelas karo laci meja bareng pira-pira
kancane sing neng kelas kajaba Rico lan Nur Hadi. Nuli ora suwe teka Ana lan kanca sing liya)
Ana : Sugeng enjing kabeh..
Kabeh : Sugeng enjing ugo na..
Ana : Lho, Nur Hadi lan Rico ngapa ora ngewangi Kurnia lan kanca-kanca kanggo resik-resik?
Rico : Kan aku wis kandha, kuwi ben diresikna Pak Amad wae, panjaga sekolah awake dhewe.
Nur Hadi : Iya, meneh uga ta tugas awake dhewe sinau, iya ta Rico?
Rico : Bener banget kuwi.. setuju pokoke!
Ana : Tapi kan iki kelas awake dhewe, awake dhewe wajib njagane bareng uga.
Kurnia : wis ta An, aku wis omong ngono nang dekne kabeh, ning dekne kabeh ora gelem
ngrungokake kok.
Ana : Ben mengko dekne kabeh kuwi didukani pak guru Kur.
Kurnia : iya bener…
(sakwise resik-resik buyar, bel banjur muni, lan murid banjur linggih neng palungguhan dhewe-
dhewe. Ora suwe pak guru banjur rawuh lan mlebet menyang kelas)
Pak guru : Sugeng enjeng anak-anak…?
Murid : Enjing Pak Guru…
Pak guru : Yo, sadurung nganyak piwulang dina iki, awake dhewe doa dhisik.
Salah sawong mangarepi doa, lan kelas dadi tenang.
Pak guru : Saiki piwulangan bisa anyak diawiti. Dina iki awake dhewe bakal sinau ngenani
keresikan. Anak-anak mesti wis ngerti ta apa kuwi keresikan?
Kurnia : Ngerti pak, tembung ibuku, keresikan kuwi sakanggonan saka pangandel pak.
Ana : Keresikan kuwi penting kanggo njaga kawarasan awake kita pak.
Pak guru : Bener pisan. Dadi keresikan kuwi sakanggonan saka pangandel, amarga pas awake
dhewe mangandel marang Tuhan, mula awake dhewe kudu njaga keresikan, becik saka keresikan
awak ugo lingkiungan sekitar.
Nur Hadi : Yen kagem njaga kawarasan pak? Awake dhewe pun resik kadang uga tasih lara?
Rico : Enggeh pak, kadang pun resikan, nanging tetap mawonlara flu, watuk, demam, malaria,
lan sing sanese.
Pak guru : Nah, bocak-bocah, lelara kuwi dudu mung teka saka resik utawa orane lingkungan
awake dhewe, nanging uga amarga kondisi kekebalan awak, lan asupan gizi sing awake dhewe
pangan.
Nur Hadi : Dodos menawi kita njagi keresikan tetap tasih saget lara nggih pak?

Pak guru : Tentu wae. Nanging awake dhewe bisa ngindari supaya lelaran ora tambah parah
kanthi tetap njaga keresikan. Bayangna wae, kanthi njaga keresikan wae awake dhewe isih bisa
kena lara, apa maneh yen awake dhewe ora njaga, bener to?

Kurnia : Leres Pak Guru. Kui Rico lan Nur Hadi, rungoke pengarah Pak Guru.
Rico : Iya-iya kawit mau-mau uga wis ngrungokake.
Ana : Dadi sesuk-sesuk kowe cah loro, Nur Hadi lan Rico uga kudu melu njaga keresikan kelas
awake dhewe.
Rico+Nur Hadi : siyap …
Pak guru : Bocah-bocah, kelas iki yaiku duwe awake dhewe kabeh, dadi awake dhewe kabeh
tanggung jawab kanggo ngrumat lan njaga. Supaya awake dhewe terhindar saka lelara lan tetap
resik. Ngerti?
Murid : Ngertos pak …
Rico : Nggih pak, milai mbinjing kula badhe tumut piket lan njaga keresikan kelas.
Nur Hadi : Kula ugi pak.
Unsur Intrinsik Teks Sandiwara 1

Tema : Pendidikan
Judul Drama : Aji kepradulen adhep keresikan
Tokoh ing crito :
 Nur Hadi
 Ana
 Kurnia
 Rico
 Nawan
 Pak Guru
Watak tokoh
 Antagonis : Rico, Nur Hadi
 Protagonis : Pak guru
 Tritagonis : Ana, Kurnia
 Figuran : Nawan
Panggonan
 Panggon : Ruang Kelas
 Wayah : esuk sadurung jam piwulang diawali.
Sinopsis : Rico lan Nur Hadi ora gelem mbuwang sampah ing panggonane lan ora gelem ngresikna
kelas. Ana lan Kurnia ngeloke dekne kabeh lan ngomongke menawa njaga keresikan yaiku hal
sing penting banget. Dekne kabeh padha nggugat pamikir. Pak guru rawuh lan nasehati dekne
kabeh kabeh. Dekne kabeh akhire sepakat kanggo njaga keresikan kelas.
Amanat : Awake dhewe kudu njaga keresikan, amarga keresikan yaiku sakanggonan saka
pangandel, lan keresikan ugo bisa nghindarkan awake dhewe saka lelaran
Contoh Teks Sandiwara 2

Gekbengine ngono Jono arep ngajak Hariono ngdelok wayang nang alun-alun, tapi Hariono ora
ono. Pas ketemu kare Hariono ing kang Kampung, Jono banjur takon karo Hariono.

Jono: Jange awakmu mambengi kui nondi to, Har?


Hariono: Nyaopo kok takon aku mambengi kondi? emange lapo, Jon?
Jarwo: Awakmu kui arep di jak nonton wayang nang alun-alun karo Jono.

Ngerti yen wingi bengi ana wayang. Karso banjur kaget amarga deweke ora ngerti.

Karso: Lho.. emange mambengi ono wayang toh nang alun-alun? awakmu jare sop? aku kok gak
krungu yo?
Jono: Iyo, ono.
Karso: Waduh.. geton tenan aku cah gak nonton mambengi. Yo opo kon iki kok gak ono seng
ngandani aku?
Yono: Lha kue arep ndelok wayang barang kuri nyapo toh jane? wong wayang wae kok arep kon
delok, palok ndelok tv tok omah.
Karso: Lho.. lho.. lho.. piye toh jane awakmu iki? wong ono wayang kok anok ndelok tv tok
imah iku. Kui ngerti ora nek wayang kui salah sijini budoyo wong Jowo?
Jarwo: Pancene! Wayang iku salah sijini budoyo wong Jowo sing kudu dilestarekno.
Hariono: Iyo, bener kui. Ojo sampe wayang kui ogak awak dewe lestarekno soale kui wasisan
bangsa lho.. ngawur wae awakmu iku, Yon!

Yono malah ngeyel lan deweke kondo yen wayang iku ora ana gunane.

Yono: Walah.. wayang wae kok digawe ribut. Lak palang ndelok liyane. Emange wayang kui
tontonan opo toh.. gak ono menarik'e blas kui!!
Kanca-kanca Yono dadi nesu amarga ucapan Yono.
Jono: Wah.. awakmu iki pancen payah tenan. tak antem misan kue.. mosok wong urip kok gak
ngerti warisan budoyo.
Karso: Iyo, tenan Yono iki.. payah kok iki, Yon!
Hariono: Piye toh Yon, wong kui budoyomu dewe kok malah kon enyek?!
Jarwo: Yo ngono kui, wong nek wes lakone wae ora jejek yo ngono kui. Wong budoyo kui
identitas bangsa kok malak di inyek.
Jono: Yon, aku arep takon kare awakmu..
Yono: Takon opo? ndang takon
Jono: Awakmu karo Sinta (pacarnya Yono) maune seneng opo ora?
Yono: Ora.
Jono: Lha terus opo sing nggarahi kowe seneng?
Yono: Lha aku maune ngangget nek Sinta iku ora wong wedok apik kok. lhadak'e cae ndueni
sifat-sifat sing terpuji. Akhire aku ya mbes seneng.
Jono: Budoyo yo ngono kui.. awakmu ora seneng kare wayang kui yo mergo awakmu ora ngerti
sejarahe. Jajal awakmu ngerti sejarahe lak kue iso seneng.
Yono: Wah iyo yo.. ketok'e bener sing kon omongno kui.
Unsur Intrinsik Teks Sandiwara 1

Tema : Sosial
Judul Drama : Budaya iku warisan Bangsa
Tokoh ing crito :
 Jono
 Hariono
 Jarwo
 Yono
 Karso
Watak tokoh
 Antagonis : Yono
 Protagonis : Jarwo, Hariono
 Tritagonis : Jono,Karso
Panggonan
 Panggon : Kampung
 Wayah : Awan wayah e bocah-bocah ngaso
Sinopsis : Jono lan Karso arep ngajak Hariono nonton wayang, nanging Hariono lunga. Yono ora
mikir wayang iku penting. Kanca-kanca debat karo Yono, akhire Yono sadar yen wayang iku
warisan budaya ingkang kudu dilestariake
Amanat : Budaya Indonesia iku akeh maceme, wis dadi kewajibane awak e dhewe kudhu
melestarikan lan njaga.
TUGAS BAHASA JAWA

Nama : Johannes Christianto Sarwono


Kelas : 9F
No absen : 15

SMP MARIA MEDIATRIX


SEMARANG
2016

Anda mungkin juga menyukai