Anda di halaman 1dari 3

DONGENG BASA JAWA

Timun Mas
Jaman biyen kuna, urip sejodo lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake
hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwei mongmongan yaiku durung diwei anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwei anak. Sawiji ning dina ana
raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren wiji kui, mengko arep olih anak wadon," omonge raksasa karo pasangan
mau. "Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh
marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo syarate raksasa
amarga kepingin duweni anak.
Pasangan tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kui. Saben dina dirumat kanggo
temenanan tanduran sing muali urip kui. Wulan-wulanan nembe woh timun sing warnane
kaya emas.
Timun kui suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget
petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon sing ayu
rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.
Taun ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane
bangga karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas
umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.
Petani mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku
pan ngundang," kandahe. Petani kui gagean nemoni anake, "Anakku, gawa iki," kandahe karo
aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung koe nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandahe.
Banjur Timun Mas gagean mlayu.
Petani mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan
raksasa. Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang
petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun Mas
menyang hutan.
Raksasa gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem
uyah saka kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut
amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging raksasa bisa
nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib seka kantonge. Timun Mas njimot segegem lombok,
banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri landep ngurung raksasa. Raksasa
kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.
Nanging raksasa banget kuate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot
barang ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi kebon
tumin sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger kui
nganti kewaregen, banjur raksasa turu.
Timun Mas mlayu meneh sekuat tenagane ngantek enteng. Lewih celaka maning
raksasa tangi seka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur
ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana keajaiban,
dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.
Timun Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane.
Rama lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti,
nyelametake anakku," kandahe seneng. Kawit kejadian kui Timun Mas bisa urip tenang karo
wong tuane, tanpa keweden maneh.

Cukup menarik bukan, cerita rakyat bahasa jawa dengan judul timun mas tersebut.
Saya sangat berterima kasih karena sobat semua sudah meluangkan waktu untuk
membacanya. Semoga cerita rakyat ini tidak hilang begitu saja ditelan arus budaya asing
yang semakin menggila.

Anda mungkin juga menyukai