Anda di halaman 1dari 8

Pendidikan

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki
monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt.
ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal
wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai
kaping kalih saking wulan Mei tahun;……. Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah
Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga
negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun
lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi
anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados
umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten
bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang
artosipun:

“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi
saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing
nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo
ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi
ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan
wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu.
Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah SWT. Amiin yaa Rabbal
Aalamiin. Akhirul Kalaam.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Perpisahan Sekolah

Assalamualaikum Wr. Wb.


Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha
karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika
kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi
pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula
sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten
ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk
pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan
lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi
paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu
duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih
panjenengan sedaya.

Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :


Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah
pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten
mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Kelulusan Sekolah

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal
mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in.

Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan
‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah.

Allohumma sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du.

Nuwun! Salam kasugengan, tuwin salam kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira
dhumateng kula sumawa panjenengan sedaya Aamiin.

Panjenenganipun Drs. Soesanto pangarsanipun pawiyatan SD Negeri Keputren Pleret


Bantul ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;

Bapak Ibu guru sarta karyawan pawiyatan SD Negeri Keputren Pleret Bantul ingkang saestu
pantes sunuba ing pakurmatan;

Tamu undhangan ingkang kinurmatan lan mboten saget kula piji-piji satunggal-
satunggaling;

Miwah kanca-kanca kelas 6 SD Negeri Keputren Pleret Bantul ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyen tansah ngunjukaken puja-puji syukur dumateng Pangeran
Ingkang Maha Welas lan Asih, ingkang nguwaosi sedaya alam saisinipun, awit saking Welas
lan Asih-ipun satemah kula sedaya saget ngawontenaken acara syukuran lulus ujian nasional
kelas 6 SD Negeri Keputren Pleret Bantul ing wekdal menika.

Isi pidato bahasa jawa syukuran lulus ujian nasional (tema pendidikan)
Selajenganipun kula minangka wod-lumaraping atur para kanca pawiyatan kelas 6 SD
Negeri Keputren Pleret Bantul riki keparing matur wonten ngarsanipun Bapak-Ibu guru
karyawan saha para tamu undhangan ingkang kinurmatan.
Ulang Tahun Sekolah

Dumatheng para rawuh ingkang bagya mulya,


Dinten menika ngrupikaken dinten bersejarah kunjuk kita sedaya minangka bagiyan saking
sekolah ingkang kita tresnani menika. Sampun saprayoginipun kita sedaya ngunjukaken raos
puji syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT. Inggil kanthi izin uga ridho-Nipun kita sedaya
taksih saged kepanggih uga makempal lebet kawontenan saras uga bagya konjuk mengeti
ambal warsa sekolah ingkang kaping 54 menika.

Mugi-mugi Allah SWT tansah paring pengayoman konjuk sekolah kita menika wonten
samenika wekdal ugi ing taun-taun ingkang badhe datheng. Mugi-mugi sekolah kita menika
dados sekolah ingkang tambah kagungan kwalitas lebet era globalisasi ingkang kita sedaya
majengi sakmenika.

Sagung para tamu undangan ingkang kinurmatan


Lebet proses globalisasi ingkang kita sedaya alami sareng sairing kaliyan perkembangan
kamajengan nagari kita sedaya, kita sedaya temtunipun taksih kemutan kados pundi jaman
rekaos sampun kita sedaya lajengi uga kados pundi sekolah kita sedaya menika saget tetep
ngadeg jejeg, dadi salah satunggaling panutan lan kapercayan warga ing sekitar menika.

Saking lebeting manah, kula ngaturaken raos bingah majeng almamater kita sedaya ingkang
kaliyan kebak semangat uga nyambut damel kagem kemajengan ing macem-macem aspek
pamucalan khususipun ing sekolah kita menika.

Mboten kasupen ugi kula aturaken agungeng panuwun dumatheng Bapak Ibu guru ingkang
sampun mbimbing, paring wejangan, saha usaha ingkang saestu mboten namung alit
manfangatipun tumrap sedaya murid saha kemajengan sekolah menika.

Pungkasaning atur, kula ngambali atur wilujeng uga matur nuwun dhateng sedaya warga
sekolah niki, sae siswa, staf, staf pamucal, OSIS, komite sekolah, para alumni uga warga
sanesipun, menawi sedayanipun taksih kersa nyukakaken dukungan saha kapercayan konjuk
sekolah kita menika.

Mugi-mugi kita sedaya saged nggayuh menapa ingkang kita sedaya karepaken. Mugi sekolah
kita sedaya niki dados setunggal lembaga pamucalan ingkang saged berkiprah ing tataran
regional kersaa nasional.
Pendidikan

Kanca-kanca ingkang kula tresnani,


Pamucalan utawi pendidikan anggadahi manfangat kunjuk kita sedaya, pendidikan
umumipun kawitan wanci satiyang punika dipunlairaken lan tansah mlampah salebeting kita
gesang wonten donya menika. Hal menika amargi pendidikan mboten namung kawujud
pendidikan formal kemawon, ananging langkung saking menika pendidikan ugi njangkep
dening sedaya pengalaman ingkang kita lampahi wonten salebeting gesang.

Sinaosa wanci menika pendidikan formal sampun kathah dipun cawisaken wonten sekitar
kita, ananging pendidikan ingkang sejatosipun mboten namung saking pendidikan formal
kados sekolah lan perguruan tinggi. Kawontenan menika saestu sanget wigati tumrap kita
sedaya amargi pendidikan anggadahi tujuan kathah kagem kita sedaya, wondene manfangat
pendidikan kirang langkung saget kula aturaken mekaten:

Setunggal, Ngebaki kebetahan elmi uga pangasumerepan tumrap manungsa.


Kalih, Mujudtaken pepengin kita sedaya utawi cara Indonesianipun cita-cita.

Tiga, Nggampilaken pendamelan kita sedaya.


Sekawan, Nampa elmi ingkang badhe kita sedaya betahaken konjuk masa ngajeng kita.
Gangsal, Nambah wawasan ingkang langkung wiyar konjuk pangertosan kita sedaya.

Kanca-kanca ingkang bagya mulya,


Wonten ngandap wau namung sekedik tujuan saking pendidikan, langkung malih saking
menika pendidikan ugi nggadahi manfangat tumrap kita sedaya ingkang kirang langkung
kados mekatan.

Setuggal, Nyiapaken para wiranem konjung nepeng peran tertemtu salebet masyarakat masa
ingkang badhe datheng.

Kalih, Marisaken elmi ingkang cocog kaliyan peranan kesebat saking tiyang sepuh dhateng
para wiranem.

Tiga , Marisaken kabudayan kagem njagi katentreman saha kewutuhan masyarakat ingkang
dados syarating mutlak kunjuk kelajengan bangsa lan negari Indonesia.

Para kanca ingkang kula tresnani,


Mbok bilih namung mekaten atur kula wonten ngarsa panjenengan sami. Kathah
kalepatanipun saestu nyuwun lilane panjenengan paring pangapunten.
Sumpah Pemuda

Assalamualaikum Wr. Wb.


Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA
Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti
Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula
saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing
pawiyatan kita menika.

Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan
sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya
tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten
Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken
dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang,
semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.

Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:


1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia

Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha
dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha
gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita
minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau.
Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi
pambangunanipun bangsa.

Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila cekap
semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun
agunging pangaksami.

Wassalammuallaikum Wr. Wb.


Hari Kemerdekaan

Assalamualaikum Wr. Wb.


Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan karyawan
SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula
tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten
ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha
hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan
mriki, saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik
Indonesia. Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan
Republik Indonesia.

Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda. Rakyat
dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha
raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya
supados saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal
17 Agustus 1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten
kamardikan bangsa kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi
pengurbananipun para pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.

Awit saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit
kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan
santai sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu
maneka warni, ugi kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba
ingkang dipunwontenaken, antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha
krupuk saha sanes-sanesipun.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten ing
pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah
ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika
dados bangsa ingkang langkung sae.

Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap semanten
kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun agunging
pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Kemah Pramuka

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Dumatheng ngarsanipun bapak-ibu pembimbing ingkang kinurmatan, saha kanca-kanca
anggota kepramukaan ingkang kula tresnani.

Sakderengipun sumangga puji lan syukur tansah kita aturaken dumatheng ngarsa dalem
Allah SWT, awit saking kemirahanipun kita sedaya saged nderek kegiatan kemah ing
kasempatan menika.

Keparenga kula matur sekedik wonten ngarsa panjenengan sami babagan kemah pramuka
ingkang nembe kita lampahi menika.

Sagung para rawuh ingkang bagya mulya,


Kegiatan kemah ingkang nembe kita lampahi ing salebeting tigang ndinten kawiwit dinten
jumat kapengker dumugi dinten minggu samangkih sejatosipun anggadahi manfangat ingang
sanged wigati tumrap kula panjenengan sedaya. Pidato bahasa jawa tentang kemah
pramuka, sinoso kegiatan kemah menika nembe kalampah satunggal dinten ananging kula
pribadi ugi kanca-kanca sedaya temtunipun sampun angraosaken pripun gesang piyambak
tanpa tumut tiyang sepuh wonten ndalem.

Kanthi kegiatan kemah menika mugi kita sedaya anggadahi ketrampilan uga kemandirian
ingkang langkung sae tinimbang sakderengipun. Kanthi mekaten, sinaosa acara kemah
sampun paripurna samangkih kita saged mbiasakaken gesang kanthi mandiri ugo ngenteng-
ngentengi beban tiyang sepuh kita sedaya.

Sagung para rawuh ingkang kinurmatan,


Mbok bilih namung semanten atur saking kula. Katah lepat atur lan kirang trapsila ing
manah panjenengan sedaya saestu kula namung saged nyadong agungeng pangapunten.

Kula ahiri, Wa bilahit taufiq wal hidayah.


Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai