Anda di halaman 1dari 10

Aku Duwekmu Wengi Iki

(Isnaini D. Pramusinta)
Lumakuku kaya ngawang
Ngawang-ngawang nggayuh lintang
Mecaki dalan kasusahan

Apa Sejatine?
Kang ngganjel ing njero manahmu?

Tegese luh kang tumetes ing pipimu


Nglebur nyawiji ing swasana
Kang sejatine durung bisa gawe aku lan sliramu
Mesem bebarengan
Crita marang aku

Senajan ora mesthi bisa mungkasi


Lilakna aku andum donyamu
Kang kebak dening kaendahan
Sing durung kasunyatan

Aku duwekmu wengi iki


Iki ragaku
Iki sukmaku
Aku lila disiksa
Nganti ora ana sisa

1. geguritan ing dhuwur iku kalebu geguritan… .


a. gagrag lawas
b. gagrag anyar
c. gagrag campuran
d. gagrag modern
e. gagrag kuno
2. salah sawijining tatacara maca geguritan yaiku kudu gatekake sek jenenge jeda,jeda iku
keperang dadi telu. jeda kang kanggo ganti gatra iku migunakake jeda… .
a. jeda campuran
b. jeda madya
c. jeda dawa
d. jeda cekak
e. jeda mandeg
3. geguritan ing dhuwur iku duwene ancas… .
a. nglampahi apa wae kanggo katresnan
b. rekasa kanggo urip ing donya
c. ngedum donya kanggo kabecikan
d. kelangan marang wong kang ditresnani
e. urip ing donya tansah gelem rekasa

adoh banda
bengi iki tansah sepi mamring
amung swara angin angobahne uwit
tansah ana ing ngareping lawang
aku mung bisa tansah sinawang

ing kuto anggonku ngadoh saka banda


……..
banda kang agawe tentrem ati lan jiwa
banda kang bisa nuturi marang urip ing donya

sak iki aku tansah eker-ekeran ing donyane wong liya


naming pangajabmu kang nguatno tekad
kanggo mikir jero jangkah amba
ngadepi landa awujud jawa
4. ukara kang trep kanggo njangkepi geguritan lawas ing dhuwur iku yaiku… .
a. banda kang bisa agawe bungah ana ati
b. banda kang ndhak tresnani
c. banda kang bisa ngelapi eluh saka mata
d. banda kang nilapake urip
e. banda kang garai urip sugih
5. geguritan iku duweni struktur, sturktur fisik lan struktur batin. Ing ngisor iki kang kalebu struktur
batin geguritan yaiku… .
a. tembung konkrit
b. busananing basa
c. wirama
d. imaji
e. rasa
6. tata cara mangerteni pesen ana ing geguritan iku isa kanthi cara ing ngisor iki kajaba… .
a. mangerteni sapa wae kang maca geguritan
b. ngrungokake/maca kanthi bola bali
c. negesi tembung-tembung kang angel dimangerteni
d. nyimpulake isining geguritan
e. mangerteni maknane kanthi wutuh
7. intonasi iku perlu banget nalika kita maca geguritan. Tujuane intonasi kasebut yaiku, kajaba… .
a. supaya anggone maca bisa trep
b. supaya nalika ngrungokake dadi kepenak
c. bisa bantu banget kanggo mahami isi
d. supaya wong kang ngrungok ngerti irah-irahane
e. intonasi bisa bantu njlentrehake piweling ing geguritan
8. bun wis tansah tumetes saka gegodhongan kang ana wit kang ijo royo-royo
lumakumu kudu semangat gagahprakoso kaya dene raden gathutkaca
kang diarani tembung konkret ana ing geguritan ing dhuwur yaiku… .
a. bun
b. tumetes
c. geghodongan
d. gagah prakoso
e. ijo royo-royo
9. geguritan ing dhuwur duweni busananing basa, maknane busananing basa tembung entar ing
geguritan iku yaiku… .
a. mikir adoh nang ngarep
b. sepi banget
c. angin kang angobahne uwit
d. kerja ing negara liya
e. doa dan pengharapan
10. ana ing geguritan kasebut duweni struktur instrinsik, ana ing gatra 12 iku nandakake unsur fisik
geguritan… .
a. tipografi
b. diksi
c. imaji
d. tembung konkret
e. wirama

“Kitir”

Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi

Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat

-Sumono Sandy Asmon


11. salah sawijining stuktur batin ing geguritan yaiku Tema, tema ing ngisor iki kang trep kanggo
geguritan ing dhuwur yaiku… .
a. kepahlawanan
b. panggulawentah
c. lingkungan
d. religi
e. katresnanan
12. ing ngisor iki kang ora kalebu bab-bab kang kudu digatekake nalika maca geguritan yaiku… .
a. mangerteni isine geguritan
b. ngrasakake isi lan kekarepane geguritan
c. nggatekake pocapan lan wirama
d. nggatekake asma lan latar belakang pangripta
e. bisa meragakake kanthi mimic lan ekspresi sing trep
13. titikane geguritan gagrag anyar kang dadi bedane karo geguritan gagrag lawas yaiku… .
a. ora kaiket paugeran tartamtu
b. lumrahe sapadane dumadi saka patang gatra
c. diwiwiti kanthi ukara sun nggegurit
d. guru lagune pinathok
e. isih ngugemi anane guru wilangan
14. Salah sawijining pahargyan kang dianakake nalika bayi umur 7wulan ing kandhutan iku diarani
pahargyan… .
a. Tedhak siti
b. Nyepasari
c. Brokohan
d. Tingkeban
e. Nyelapani
15. Gatekna pahargyan-pahargyan ingngisoriki !
1) Nyewu
2) Muludan
3) Tingkeban
4) Nyatus
5) Kacar-kucur
6) Nyepasari
7) Ngidek antiga

Pahargyan kang kalebu ana ing pahargyan bayian yaiku… .

a. 1 lan 6
b. 3 lan 6
c. 4 lan 7
d. 5 lan 2
e. 4 lan 3
16. Ana ing pahargyan tingkeban migunakae uborampe endhog kang dilebokne an ing sajroning
klambine wong kang ngandhut. Apa maknane uborampe kasebut… .
a. Dedonga supaya jabang bayi iku dadi wong kang gedhe lan diajeni wong akeh
b. Dedonga supaya besuk bayi iku gedhene duweni watak ksatriya kayadene komajaya lan
komaratih
c. Dedonga supaya jabang bayi nalika lair bisa gampang lan cepet
d. Dedonga supaya jabang bayi kasebut nalika wes gedhe bisa nglampahi prakara kang maneka
warna
e. Dedonga supaya jabang bayinalika gedhe duweni watak kang suci

anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah
ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip
iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakaké mengko mesthi bakal ana dalan
kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan. Mari iku Munggah andha tebu arjuna
17. Pratelan pahargyan kasebut kalebu ana ing pahargyan… .
a. Mitoni
b. Tidhak siti
c. Brokohan
d. Kacar-kucur
e. Ngidek antiga
18. Nalika ana ing pahargyan brokohan iku ana salah sawijining pahargyan yaiku mendhem ari-ari.
Pahargyan kasebut duweni tujuan… .
a. Ari-ari iku perangan penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi isih ning njero
rahim
b. Supaya ari-ari iku ora mambu
c. Ari-ari iku yen ora dipendem iso bebrayani si jabang bayi
d. Ari ari kudu dipendem supaya ari ari iku ora ilang utawa dipangan kewan kayata kucing asu
lan sak piturute
e. Amarga yen ari-ari iku ora dipendem bapak sijabang bayi iso loro-loronen merga kena
sawang saka ari ari
19. Sak kabehe pahargyan bayi iku sejatine naming duweni ancas kang podo yaiku… .
a. Rasa syukur lan dedonga kang becik kanggo bayi
b. Mujudake katresnan marang Gusti
c. Gambarake rasa seneng wes diwenehi bayi
d. Supaya bayine sehat ora diganggu roh jahat
e. Nglakoni kawajiban ing wong jawa
20. Nalika maca pranata cara iku pambiawara kudu gatekake paugeran ing ngisor iki, kajaba… .
a. Tamu sapa waekang teko ana ing adicara kasebut
b. Tata karma lan sikap sing praja
c. Busanane kudu diselarasake karo kahanan
d. Nalika maca kudu gatekake intonasi utawa olah swara
e. Migunakake unggah ungguh basa sing becik nalika maca
21. Nalika gawe pranatacara kudu gatekake struktur teks pewara. Struktur kan runtut iku yaiku… .
a. Salam pambuka-panyapa-pambuka-wosing gati-panutup-salam panutup
b. Pambuka-salam pambuka-wosing gati- panyapa- panutup-salam panutup
c. Panyapa-pambuka-salam pambuka-wosing gati-panutup-salam panutup
d. Salam pambuka-panyapa-wosing gati-pambuka-panutup-salam panutup
e. Pambuka-salam pambuka-panyapa-wosing gati-panutup-salam panutup
22. Nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring pakurmatan iku
diarani… .
a. Pambuka
b. Salam pambuka
c. Panutup
d. Panyapa
e. Pangarep-arep
23. Minangka purwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngunjukaken puja pudyastuti
dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, bilihkita tansah pinarengan karaharjan,
kasarasan lan saged makempalwonten ing adicara menika.
Pratelan pranatacara kasebut kalebu ing… .
a. Panyapa
b. Pambuka
c. Panutup
d. Wosing gati
e. Wasana
24. Salah sawijining uborampe kang kudu ana ing tidhak siti yaiku munggah ondo saka tebu. Apa
maknane ondho saka tebu ana ing pahargyan tidhak siti… .
a. supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb saka ati.
b. Supaya anak besuk Manawa wes gedhe dadi wong kang pinter
c. Supaya nalika gedhe anak kasebut gampang golek gawean
d. Supaya anggone nglampahi urip kang maneka warna iku ora kaget
e. Supaya anak kasebut bisa bekti marang wong tua
25. Ana ing pahargyan tidhak siti ana adicara ngidak jadah 7 warna, jadah kang dilewati bayi. 7
warna mau yaiku hitam, ungu, biru, hijau, merah, kuning dan putih. Maknane yaiku… .
a. Supaya si jabang bayi iku mangerteni macem maceme warna
b. Supaya jabang bayi iku nalika gedhe iso ngadek jejeg ora ngrepotne wong tuwa
c. Supaya jabang bayi bisa cepet anggone mlaku
d. Supaya mangerteni menawa urip penak iku kudu dilampahi saka urip ora penak
e. Supaya besuk nalika gedhe dadi wong kanga gung dhuwur drajate
26. Rantaban adicaranipun inggih menika : sungkeman, siraman, sesuci, pecah pamor, brojolan,
mecah klapa, luwaran, wiyosan,ganti busana, kukuban, rujakan, lan dhawetan.
Di tonton saka rantabaning adicara kasebut iku kalebu pahargyan… .
a. Brokohan
b. Tidhak siti
c. Tingkeban
d. Nyepasari
e. Nyelapani
27.
Setitekna geguritan iki!
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih

Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah rinasa


Agawe pangungun sadawane gili
Wasana …..
Den semu
Geneya …..?

Panjeriting lintang wengi


Dicelathu sajroning kalbu
Smara jati kang kasiput mendhung
…… miris ……… jebul datan anyandhak
Wos surasane geguritan ing dhuwur yaiku …
a. lintang kang njerit
b. swasana kang peteng
c. lintang kang ambyor
d. langit kang kebak mendung
e. ora katon srengenge

Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri kedah
cancut taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran.
Wanita kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming
bangsa.
28. pratelan pranatacara ing dhuwur kalebu… .
a. salam pambuka
b. pambuka
c. panyapa
d. panutup
e. wosing gati
TEDHAK SITEN

Tedhak siten iku salah satunggaling upacara adat jawa kagem bocah umuripun
7 selapan utawa 245 dinten, nalika bocah iku wau nembe pisanan ajar mlaku. Selapan
yaiku kombinasi 7 dinten ing kalender internasional lan 5 dinten ing kalender Jawa.
Selapan iku pendhak 35 dinten pisan. Tedak siten asalipun saking rong tembung,
ingkang sepindhah inggih punika "tedhak” utawi idhak,
tegese mudhun lan“siten" saking tembung siti kang tegese bumi. Dadi Tedhak siten
ndueni arti ngidhakake sikil ing lemah/pertiwi. Tedhak Siten ngambarake kasiapan
bocah kanggo nglakokake kauripan ingkang bener ing mangsa ngarep. Upacara tedhak
siten inggih nduweni teges cedakke manungsa kaliyan bumi. Awit nglakokake
kauripan ingkang apik lan becik ing bumi punika lan tetep ngruwat lan njaga bumi.
Punika kangge ngelingaken menawi bumi sampun maringaken kathah barang ingkang
dipunbutuhaken kangge urip manungsa. Ing budaya jawa ana kapitayan masyarakat
ngenani bab tedhak siten yaiku yen lemah iku ndueni makna ghoib lan dijaga Bathara
Kala, kanggo ngindari kadadeyan sing ora becik mula dianakake upacara tedhak siten.
Kaya dene upacara adat liyane tedhak siten ugi nggadahi piranti lan ubarampe, yaiku :
1. Pengaron sing diisi kembang setaman
2. Kurungan,
3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan, kayata:
a) Pari sabengket
b) Kapuk sabengket
c) Piranti nulis
d) Bokor kang diisi beras kuning
e) Werna-werna jinis dhuwit
f) Perhiasan
4. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ning jeroning kurungan
5. Udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang
6. Tangga tebu "arjuna", yaiku
7. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon.
Tegese kanggo ngemutake anak yen urip kudu waspada saka godaan werna-werna
8. Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagekake marang para tamu sing teka

29. ing pahargyan kasebut ana uborampe kurungan. Apa maknane kurungan kasebut… .
a. supaya jabang bayi opra mlayu
b. supaya jabang bayi kekurung lan aman ora ana alangan
c. kanggo nggambarake yen donyane anak isih sithik utawa ciut
d. kanggo gambarake menawa besuk gedhe jabang bayi kudu dikurung supaya ora nakal
e. pengarepan supaya jabang bayi iso ngerti batesan ne urip ing donya besuk gedhe
30. Saka wacan pahargyan tidhak siti ing dhuwur sejatine tujuane pahargyan kasebut kanggo
bayi yaiku… .
a. Ngenalake si jabang bayi karo donya kang digambarake dening siti (lemah)
b. Mangerteni kekarepane si jabang bayi ing besuk gedhe
c. Kanggo ngajari sijabang bayi marang kabecikan
d. Ngajari si jabang bayi supaya mlaku ing dalan kang becik
e. Mangerteni sijabang bayimarang isine donya

tata cara pahargyan:


Piranti/uborampe sing dibutuhake kaya ing ngisor iki:
1) Kelompok kraton: dawet, endhog mentah, ora ngresiki, sekul ambeng, beras karo
péso, kerbong jeroan, pecel karo péso pinggir pitik, kembang singkong, klapa lan
beras.
2) Kelompok wong biasa: beras ambengan sing dipigunakaké beras ora, pinggir
pinggir pauknya, sambel goreng, tempe, mihun, ora kawin lan pecel ayam.
31. Tata cara kasebut kalebu ana ing pahargyan… .
a. Brokohan
b. Tidhak siti
c. Nyepasari
d. Nyelapani
e. Tingkeban
32. Kenapa ana ing pahargyan kasebut uborampene dibedakake antaraning wong bangsawan
lan wong biasa… .
a. Amerga di padakake karo kemampuan ekonomine
b. Amerga wong kraton iku luwih dhuwur derajate
c. Amerga wong biasa ora oleh migunakake uborampe kang luwih becik saka wong
kraton
d. Amarga wong kraton iku panganane beda karo wong sing biasa
e. Amarga kanggo bedakaake antaraning wong kraton karo wong biasa
33. Basa kang ana campurane antaraning ngoko lan karma iku diarani basa… .
a. Ngoko andhap
b. Ngoko madya
c. Ngoko lugu
d. Karma lugu
e. Karma madya
34. Kenapa anaing pahargyan jawa kudu migunakake pranatacara… .
a. Supaya pahargyan kasebut bisa kalampahan
b. Kanggo nguri-uri adat titahing jawa
c. Amarga pahargyan iku kalebu ana ing runtutaning pranatacara
d. Supaya pahargyan bisa kalampahan kanthi runtut lan lancar
e. Pranatacara iku naming digunakake ana ing pahargyan jawa
35. Udan grimis ora uwis
Peteng katon ing langit
Esuk iki ora kaya biasane
Salira kanthi nyingkuri pakaryan
Ananging aku kudu anglakoni jejiban
Nalika maju tatu mundur ajur
Aku kudu anglawan rasa malesku
Papan iku wes nunggu tekaku
Buku tumansah pengen dak waca
Aku kudu ikhlas anglakoni jejiban iki
Nalika adus keringet ya kudu dak lakoni
Iki kabeh mung kanggo pangudining urip

Underan kang trep kanggo geguritan ing dhuwur yaiku… .


a. Tekad kanggo pangudi
b. Hawa kang adem
c. Esuk tan padang jingglang
d. Jejibaning urip
e. Udan grimis ora uwis
36. Ana ing geguritan iku unsur kang ora ono yaiku… .
a. Tembung saroja
b. Tembung entar
c. Wirama
d. Tembung konkret
e. Busananing basa
37. Ana ing gatra 2 iku supaya dadi wirama kang becik ukara kasebut kudu diganti. ukara
kangtrep kanggo ganti yaiku… .
a. Peteng anteng manjeng ing awang
b. Peteng ndedet ana ing lintang
c. Ora ana srengenge ing awing
d. Kayadene lintang pengen nangis
e. Kayadene mripat kepengen nangis
38. Kenapa ana ing pahargyan tingkeban iku diwenenhi uborampe cengkir… .
a. Kanggo ngedusi ibune sijabang bayi
b. Kanggo simbol supaya sijabang bayi iku besuk dadi wongkang duwe pangkat
c. Symbol supaya sijabangbayi iku duwene pamikiran kang becik lan duwe ancasing urip
d. Dinggo symbol kanggo sijabang bayi supaya isa ngraketi marang tangga tepara
e. Supaya si jabang bayi iku besuk gedhe dadi wongkang angayomi marang kaluwarga
39. Ing ngisor iki kang ora perlu digatekake nalika dadi pranatacara yaiku…. .
ai=zi[so/aikik=[aorpe/lufigtekK[kenlikffip]ntcryaiku
a. Swara
b. Intonasi
c. Jeda
d. Olah raga
e. Akehe tamu

Anda mungkin juga menyukai