Anda di halaman 1dari 2

I. Pilihen wangsulan sing bener!

1. Puisi Jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu,
nanging isih ngugemi anane rasa kaendahan diarani....
a. Geguritan c. Tembang
b. Parikan d. Purwakanthi
2. Endaging geguritan dumunung ing bab – bab ing ngisor iki, kajaba....
a. Pilihane tetembung sing mentes, trep lan mantesi
b. Nggunakake wirama utawa lagune
c. Busanane basa kang maneka warna
d. Paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune
3. Supaya bisa amcam geguritan kanthi becik, bab – bab sing kudu digatekake kaya kang
kasebut ing ngisor iki, kajaba....
a. Ora perlu mangerteni lan mahami maknane geguritan
b. Mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
c. Kudu nggatekake pocapan lan wiramane
d. Bisa meragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
4. Ing ngisor iki ciri – cirine geguritan, kajaba ....
a. Pilihane tembung mentes lan mantesi
b. Wujude bebas, ora kudu ditulis nganggo pada/bait
c. Kudu nggunakake purwakanthi guru swara
d. Ora kaiket guru gatra, guru lagu lan guru wilangan
5. Mujudake gagasan pokok kang disuguhake dening pengingat diarani....
a. Tema c. Diksi
b. Citraan d. Gaya bahasa
6. Gambaran angen – angen utawa imajinasi panganggit kang kalairake liwat indra
diarani...
a. Tema c. Diksi
b. Citraan d. Gaya bahasa
7. Pilihane tembung ing geguritan diarani....
a. Tema c. diksi
b. Citraan d. gaya bahasa
8. Mujudake tumindhake samubabrang kadidene manungsa, bisa ngarasakake bungah
utawa seneng, gumuyu, lumake gegojegan, lan sapanunggale diarani gaya bahasa....
a. Perosnifikasi c. repetisi
b. Metafora d. latar
9. Saben gatra ing tembung dipara dadi....
a. Wanda c. larik
b. Wilangan d. lagu
10. Tembang macapat kang dhuweni watak nalangsa, mendharake rasa prihatos diarani
tembang....
a. Maskumambang c. Gambuh
b. Pocung d. Mijil
11. Tembang macapat kang dhuweni watak greget saur, saged kangge, mendharake
sembrana diarani tembang....
a. Maskumambang c. Gambuh
b. Pocung d. Mijil
12. Tembang macapat kang dhuweni watak nalangsa, mendharake raa prihatos diarani
tembang....
a. Maskumambang c. Gambuh
b. Pocung d. Mijil
13. Tembang sinom duweni guru lagu....
a. i, a, i, a c. a, i, a, i, i, u, a, i, a
b. u, a, i,a d. u, u, i, u, o
14. tembang pocung duweni pirang gatra....
a. 3 c. 5
b. 4 d. 6
15. Tembung sing tegese dudu salugune diarani tembung....
a. Saroja c. Garba
b. Camboran d. Entar

II. Isenono tembung – tembung ing ngisor iki kantri trep!

1. Mbandingake sawijining barang marang liyane kang nduweni sifat padha diarani gaya
bahasa....
2. Njelasake teges ing sajroning gegurita, kanthi mbolan – mbaleni tembung diarani gaya
bahasa....
3. Ngambarake panggonan, wektu, lan kahanan ing geguritan diarani....
4. Supaya gampang anggone mahami lan ngerasakake isine geguritan yaiku carane....
5. Tanda (/) ing maca geguritan tegese....
6. Tembung pocung duweni guru lagu....
7. Tembang kiannthi duweni pirang gatra....
8. Tembung loro utawa luwih sing tegese padha utawa meh pada diarani tembung....
9. Tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji diarani tembung....
10. Jinising tembung garba ana 3 karya kang kasebut ing ngisor iki, kajaba....

III. Wangsulan pitakon – pitakon ing ngisor iki kanthi bener!


1. Sebutna unsur sing kuydu digatekake sajrone nyebutake unsur intrinsike geguritan!
2. Kepriye carane bisa luwih gampang anggone mengerteni isine geguritan? Jlentrehna!
3. Gawea 3 tuladhane purwakanthi swara!
4. Sebutna unsur sing kudu digatekake sajrone tembang macapat!
5. Jlentrekna wateke tembang maskumambang!

Anda mungkin juga menyukai