I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang
kokanggep bener!
1. Pawarta kang ditujokake kanggo umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining
prastawa diarani ….
a. Layang d. selebaran
b. wara-wara e. sedhahan
c. majalah
2. Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani ….
a. Brosur d. iklan
b. Majalah e. sayembara
c. Lelayu
3. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani ….
a. Brosur d. iklan
b. Majalah e. sayembara
c. Lelayu
4. Wara-wara kang surasane andon kewasisan, cangkriman utawa pitakonan diarani …
a. Brosur d. iklan
b. Majalah e. sayembara
c. Lelayu
5. Perangan kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara kajaba …
a. titi mangsa d. purwaka basa
b. peprenahan e. satata basa
c. surasa basa
Diajari korupsi
Sawijining dina, Glendhoh mertamu ing omahe Klithuk, kanca lawas jaman isih sekolah SMA
mbiyen. Pawakane Klithuk isih ajeg kuru kaya ndek jaman mbiyen. Glendhoh dhewe saiki lemu ginuk-
ginuk, tandane wus nemoni sukses ing gaweane.
Glendhoh : Piye kabarmu Thuk?
Klithuk : Ya isih ngena-ngene wae Ndhoh. Kaya sing mbok sawang iki.
Glendhoh : Lha piye ta? Mbok leh mu nyambut gawe sing tenanan, ben isoh entuk dhuwit
akeh.
Klithuk : Jan-jano nyambut gaweku ya wus tenanan. Nanging tetep wae, uripku ajeg ngene.
Ora tau cukup. Bojoku ya sambate ngayawara saben dinane.
Glendhoh : Jaman saiki manawa nyambut gawe becik, kuwi ora mungkin bisa nyukupi butuhe
omah.
Klithuk : Piye karepmu? Aku durung mudheng.
Glendhoh : Ngene. Tak kandani ya? Contone aku wae. Gaweanku iki gawean cilik-cilikan ing
kantor. Nanging piye carane supaya aku bisa entuk dhuwit saliyane blanjanku saben sasi. Mula kuwi,
uripku sakulawarga sarwa kecukupan.
Klithuk : Lha piye carane? Mbok aku diajari supaya uripku ya mundhak apik tinimbang saiki.
Aku njagakake blanjan sasen saka bos-ku ya ora sepiraa.
Glendhoh : Carane gampang banget. Korupsi. Njajala korupsi, sithik sithik wae. Sing cilikan
wae supaya ora konangan.
Klithuk : Korupsi?? Tenanan kuwi?
Glendhoh : Lha iya! Kaya sing ing tipi-tipi kae lho. Wong-wong dhuwuran padha korupsi tur
gedhen kabeh. Nek aku, cilikan wae sing penting bisa kanggo nutup butuhe omah. Ayo, kowe mesthi
ya bisa. Elingana anak-bojomu sing saben dina mangane kurang-kurang.
Klithuk : Mengko dhisik Ndhoh. Sajane aku ya mathuk karo usulmu kuwi. Nanging kayane aku
iki ora bakal bisa korupsi ing gaweanku.
Glendhoh : Lha ngapa? Pengawasane ketat po?
Klithuk : Ora babagan kuwi. Aku iki kerjane melu wong, jasa sedot tinja. Lha sing ameh tak
korupsi kuwi apa?? Saben dina mubeng nguplek-uplek tinja.
Glendhoh : ??????!!!!!
6. Paraga kang saiki wis dadi lemu ginuk-ginuk ing crita Diajari korupsi yaiku …
a. Klithuk d. Bawana
b. Eri e. Hayu
c. Glendhoh
7. Wos surasane crita Diajari korupsi iku yaiku …
a. Klithuk uripe rekasa d. Klithuk uripe kepenak
b. Glendhoh ngajari korupsi e. Klithuk ngajari korupsi
c. Glendhoh uripe rekasa
8. Apa sesambungan antarane Klithuk lan Glendhoh ing critab Diajari korupsi iku? …
a. sedulur d. kanca lawas SMA
b. wong tuwane isih sedulur e. tangga desa
c. kanca kantor
9. Crita kang surasane fakta kang surasane riwayat hidupe uwong kang ditulis dhewe sinebut …
a. Otobiografi d. Crita Sambung
b. Cerkak e. Crita Gambar
c. Novel
10. Crita bisa awujud fakta uga bisa awujud fiksi utawa mung gawe-gawe. Crita kang surasane wujude
crita kang critane sinambung sinebut …
a. Otobiografi d. Crita Sambung
b. Cerkak e. Crita Gambar
c. Novel
ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga
Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara: "Hana caraka" tegese "Ana utusan"
"Data sawala" tegese "Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegese "Padha digjayane"
"Maga bathanga" tegese "Padha dadi bathang".
Urutan ukara iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Aji Saka saka
Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene
kanggo mengeti rong panakawane sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kalorone mati amerga
ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka
supaya bisa kanggo nulis layang.
Caritane kaya mengkene:
Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke
putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa.
Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat
sing jenenge Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha leren. Aji Saka
banjur nilar abdine loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.
Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada
diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi
ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang
Kamolan.
Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang prabu iku senengane
dhahar daginge wong. Kawulane akeh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya.
Patihe ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi
siswane. Para siswane padha tresna marang Aji Saka amerga dheweke seneng tetulung.Nalika
semana Aji Saka mondhok neng omahe nyai randha Sengkeran dipek anak karo nyai randha. Kyai
patih karo nyai randha iya wis dadi siswane Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu Dewata Cengkar duka banget ora wong maneh sing bisa
didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosake sang nata dadi dhaharane. Sang nyai randha lan patih
dadi kaget banget. Nanging Aji Saka celathu yen wong loro iku ora usah kuwatir yen dheweke ora
bakal mati.
Banjur Aji Saka diaterake ngadhep prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar ya
rumangsa eman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji
panyuwune, yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu sang prabu dhewe. Sang prabu
Dewata Cengkar iya banjur nglilani.
Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhewe. Ikete Aji Saka dijereng. Ikete tansah mulur bae, dadi
amba serta dawa. Iya dituti wae dening sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis meped
ing pinggir segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi
baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna.
Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan
ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si
Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.Sang prabu
Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada.
Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih sarta para bupati.
Sang prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi.
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga
ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha
krungu pawarta manawa gustine wis jumeneng ratu ana ring Mendhang Kamolan. Si Dora ngajak
sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora pareng lunga-lunga
seka pulo Majethi, yen ora tinimbalan.
Nanging si Dora nekad arep sowan dhewe. Si Sambada ditilapake. Banjur mangkat ijen wae.
Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur
diajak bali dening si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem.
Wong telu banjur sowan ing ngarsane sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing
ngendi lan diwangsuli yen dheweke ora gelem diajak. Mireng ature si Dora, sang prabu duka banget,
lali dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si
Sambada. Yen meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerise dibalekake.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan
gustine. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora
ngandel marang kandhane si Dora. Banjur padha padu rame. Suwe-suwe padha kekerengan, dedreg
ora ana sing kalah, awit padha digdayane. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti
nyuduk. Wekasan perange sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabeh.
Sang Prabu ngarep-arep tekane si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan
mangka didhawuhi enggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi
nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si Sambada
ketemu wis padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka
keris sing dadi rereksan gumlethak ana ing sandhinge. Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang
gustine. Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsane gustine lan mratelake kahanane. Sang
Prabu Widayaka kaget banget mireng pawarane, awit pancen kaluputane dhewe wis kesupen
pandhawuhe. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mengeti abdine loro iku.
11. Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka".
Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa
Jawa. Kang duwe teges padha digdayane yaiku …
a. ha na ca ra ka d. ma ga ba tha nga
b. da ta sa wa la e. nga tha ba ga ma
c. pa dha ja ya nya
12. Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke
putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa.
Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.Banjur anuju sawijining
dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing jenenge kaya ing ngisor
iki, kajaba ….
a. Duga d. Sambada
b. Prayoga e. Digdaya
c. Dora
13. Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling
ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa,
ora oleh dielungake marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah
Jawa. Njujug ing Negara …..
a. Tanah Majethi
b. Mendhang Kamolan
c. Pulo Jawa
d. Tengger
e. Ngastina
14. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu
ajejuluk … .
a. Prabu Jaka d. Prabu Tengger
b. Prabu Dewata Cengkar e. Prabu Aji Saka
c. Prabu Kresna
15. Abdine Aji Saka kang didhawuhi bali menyang pulo Majethi yaiku … .
a. Duga d. Sambada
b. Prayoga e. Digdaya
c. Dora
16. Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg yaiku …
a. Parikan d. geguritan
b. Wangsalan e. candra sangkala
c. Cangkriman
17. Unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane)
wis dikandhakake yaiku …
a. Parikan d. geguritan
b. Wangsalan e. candra sangkala
c. Cangkriman
18. Jenang gula, kowe aja …
a. Lali
b. kadingaren
c. judheg
d. cengklungen
e. kemba
19. Gayung sumur, aja … aja mundur.
a. Lali
b. kadingaren
c. judheg
d. cengklungen
e. kemba
20. Jangan gori, nganti ….. anggonku ngrasakake.
a. Lali
b. kadingaren
c. judheg
d. cengklungen
e. kemba
SUMIMPEN ING POJOK ATI
Dening : Tatiek Kalingga
4. Setitekna geguritan ing ngisor iki, banjur jlentrehna pesen lan amanate!
Gaman Ilang Landhepe
Dening : Manaf Maulana
I.
1. B 11. C 21. D 31. E 41. C
2. C 12. E 22. A 32. D 42. B
3. D 13. B 23. E 33. A 43. B
4. E 14. A 24. E 34. C 44. C
5. D 15. C 25. E 35. C 45. D
6. C 16. A 26. A 36. D
7. B 17. B 27. A 37. C
8. D 18. A 28. E 38. A
9. A 19. E 29. D 39. A
10. D 20. C 30. D 40. E
II.
1. Kawicaksanan guru.
2. Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi
pepincren-peprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane.
3. Kawicaksanan guru
4. Kawicaksanan guru
5. a. ?gmnHil=lnDe[pPbklFfi[r=o[sokKn\,
b. ?[ynK[bhmnu=swisPdzugemMiati[n.
c. ?[aorm[nhkepizinMen=men=zn\
NORMA PENILAIAN
1. Pilihan Ganda
Jumlah soal 45, masing-masing soal nilai 1.
Skor maksimal = 45
2. Uraian
No Soal Benar Salah Tidak menjawab
No 1 3 2 0
No 2 3 2 0
No 3 3 2 0
No 4 5 3 0
No 5 6 4 0
Skor max 20
15.
Nita : rul iki dhuwit bageyanmu saka bu susan
farul : _______________
nita : isuk mau nalika sadurunge bel melbu
20.
A: panjenengan rawuh menapa, pak ?
B : ___________________
Ukara sing trep kanggo mangsuli pitakon ing
dhuwue yaiku ....
Kala wingi sonten anggen kula dugi
Gawe Undang-Undang
Dodi dolan menyang omahe sepupune sing aran
Allan. Dheweke manggon ing kutha. Ing sawijine
esuk, Dodi ngajak tuku sarapan. Banjur kekarone
numpak mobil lan Allan sing nyetir. Ing prapatan
lampu bangjo lampune abang, nanging Allan tetep
bablas mlaku. Dodi banjur ngomong karo Allan.
Dodi : Lampu abang kok mlaku terus?
Allan : Alah, tenang wae. Ing nagri kene aku bisa
gawe Undang-Undang kok.
Dodi : Kepiye carane? Sing gawe Undang-Undang
rak ya DPR karo pamarintah, ta?
Allan : (minggirake mobile)
Dodi : Geneya kok minggir?
Allan : Arep mangsuli pitakonanmu kuwi.
Dodi : Geneya kok kudu minggir?
Allan : (mobil mandheg, banjur ngrogoh sak
clanane banjur ngetokake dompet sing dhuwite
kandel banjur diselehke ing ngarepe Dodi) Iki
wangsulane!
Dodi : Oh…!!! (Dodi mangerteni maksude Allan)
35.
Bu linda : yen gae brownis ilu bahane apa wae ?
Bu Ana : panjenengan apa arep ..... brownis, ta
bu ?
Bu linda : Iya bu
Tembung sing bener kanggo njangkepi pitakone
bu ana saengga dadi basa ngoko alusyaiku :
mundhut
I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang
kokanggep bener!
1. Nuwun,
Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Bapak ibu
guru miwah staf karyawan-karyawati SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang kula urmati. Boten katalumpen
kadang-kadang kula siswa-siswi SMA Negeri 3 Jatiwangi ingkang winantu ing karaharjan.
Minangka murwakani atur kula, mangga sami ngaturaken puji dalasan syukur dhumateng
ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kula lan panjenengan kaparingan wekdal
ngrawuhi pengetan dinten Kartini, kanthi kawilujengan, kasarasan, miwah kabahagyan.
Pratelan ing nginggil peranganipun tanggap wacana ingkang dipunwastani …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
2. Ningali saking kawontenan ingkang kados mekaten, para wnita mliginipun remaja putri kedah cancut
taliwanda tumut menggalihaken drajating wanita, sampun ngantos dipunanggep lelemeran. Wanita
kedah nggadhahi kagunan ingkang nedhahaken bilih wanita inggih saged damel aruming bangsa.
Gempilan sesorah ing nginggil saged kalebetaken dhateng perangan …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
3. Bapak ibu lan tamu undhangan ingkang kula urmati, kula kinten cekap semanten atur kula, kirang
prayogi menawi kula kathah-kathah matur wonten ngarsa panjenengan sedaya. Sakathahing atur,
kula nglenggana kathah kekirangan, pramila sedaya kekirangan kala wau nyuwun pangapunten
sakageng-agengipun. Nuwun.
Perangane tanggap wacana ing ndhuwur kang diarani …
a. purwaka basa d. salam pambuka
b. surasa basa e. pambagya harja
c. wasana basa
4. Wawancara kang ditindakake wartawan (nanging saka sawijining media) kanthi khusus
karo interviewee, kang jumbuh karo prekara tinamtu ing papan kang wis karembug bebarengan
antarane wartawan lan kang diwawancarai, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
5. Wawancara kang ditindakake kanthi ora khusus, mung kepeneran wae, ora ana jan-janan luwih
dhisik karo interviewee. Umpamane wawancara marang pejabat kang lagi lumaku tumuju ana ing
montore arep bali, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
6. Wawancara kang ditindakake kanggo nggoleki katrangan, konfirmasi, utawa
panemuinterviewee babagan sawijing masalah utawa prastawa, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
7. Wawancara kanggo nggoleki data gegandhengan karo dhiri pribadi lan panemuinterviewee. Pawarta
kang diasilake awujud profil interviewee, ing antarane identitas diri, lelakon uripe, lan panemu-
panemune kang ana kaitane karo prekara aktual utawa prekara kang cundhuk karo profesine, diarani
…
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
8. Wawancara kang ditindakake wartawan ngubungi sadhengah interviewee kang mapane pisah, kang
antarane siji lan sijine ana gegandhengane karo pawarta kang bakale ditulis, diarani …
a. Wawancara Berita d. Wawancara sambil lalu
b. Wawancara Pribadi e. Wawancara kliling
c. Wawancara Eksklusif
9. Setitekna geguritan iki!
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih
I.
1. A 11. C 21. B 31. B 41. D
2. B 12. D 22. A 32. B 42. E
3. C 13. E 23. C 33. D 43. A
4. C 14. A 24. D 34. D 44. D
5. D 15. B 25. E 35. A 45. E
6. A 16. D 26. A 36. A
7. B 17. D 27. E 37. B
8. E 18. A 28. C 38. C
9. B 19. A 29. C 39. A
10. B 20. A 30. A 40. B
II.
1. Kawicaksanan guru.
2. a. Dhandhanggula
b. Asmaradana
3. Ngelmu iku kelakon kanthi sinau, nanging pancen kelakone kudu direwangi rekasa luwih dhisik
(kawicaksanan guru)
4. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kapetang dolanan tradhisional ingkang sampun cures.
Dolanan punika saemper dolanan pong-pong bolong lan gula ganthi. Ing jaman kawuri, dolanan
punika asring dipunparagani lare-lare estri, nanging lare-lare jaler ugi kathah ingkang remen dolanan
punika. Dolanan uri-uri anjang-anjang widadari kairingan tetembangan. Pramila punika, dolanan
tradhisional punika kaperang dolanan ingkang nggladhi babagan kawasisan ngracik ukara lan milih
tembung. Dolanan punika ugi nggladhi pasrawungan tumrap lare-lare.
5. –
?p]vt[aobh[am=slnWekÒ|
tete[pHorbisvnDe[tHobh[alkumu
p_kuh[attnnLnKan[nHorkuww
zuvJrbLege/[rwujufLnHwkM|.