Sasban
Sasban
Ing
antarane kabudayan-kabudayan kang maneka warna kasebut, ana kang awujud naskah teks tulis, kang
kasebut minangka naskah.
Tembung mantra asale saka basa sansekerta yaiku manir kang cundhuk saka tetembungan kang ana
sajrone kitab Veda, mantra uga kena dimangerteni minangka serapah, jampi.
Mantra minangka sawijine karya sastra kang diwarisna dhumateng wong-wong kang berhak, uga salah
sawijine tumindak awujud simbolik kang isih dipercaya dening bebrayan minangka kabutuhan tambahan
sawise kauripan agama kang dilakoni kanthi tumemen.
Anane kabutuhan tumrap mantra minangka warna kang macaki kauripan sabendina, ora uwal saka
kepriye tata carane kanggo adhaptasi tumrap kahanan alam lan kepriye pawongan kang nglakoni bisa
nguwatake kanthi spiritual sajrone hubungan kanthi kasil sajrone sektor pangupajiwa.
Mantra biyasane digunakake nalika wektu lan panggonan tartamtu kang duweni tujuwan kanggo
nuwuhake aji-aji utawa kabisanan tartamtu tumrap wong kang nggunakake utawa ngucapake mantra
kasebut.
Mantra umume dikuwasani dening pawongan tartamtu, kayat dhukun utawa pawang udan.
Mantra diperang dadi 7 bageyan, yaiku jampe (jampi), rajah (tetembungan pambuka jampi), ajian (jampi
aji kakuwatan), lan pelet (guna-guna).
Mantra kalebu sastra umume uga duweni bentuk, fungsi lan makna.
Mantra minangka ekspresi manungsa diyakini bisa ngowahi kahanan amarga bisa nuwuhake kadigdayan
gaib, estetiik, lan akeh mistis.
(3) arupa geguritan sing isi lan konsepe nggambarake kapercayan sawijine bebrayan ing wayah kuwi.
(5) mantra diantuk kanthi cara gaib, kayata keturuan, impen, utawa bisa diwarisi saka peguron kang
dimelui..
(6) mantra ngandut rayuan lan printah