Anda di halaman 1dari 1

ATUR PANAMPI

Dhumateng panjenenganipun Bp Subono, ingkang piniji hangembani wuwus, minangka duta saraya sulih sarira
saking panjenenganipun Bp. Johanes Maria Vianey Slamet sekalihan garwa, ingkang pantes katuran sagunging
pakurmatan.

Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit mradapa
keparengipun Bp. AM.Bimo Supriyanto sarimbit garwa, kula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi
menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bp. Johanes Maria Vianey Slamet
sekalihan, lumantar panjenenganipun Bp. Subono.

Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa
pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadan karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten
pringga bayaning marga.

Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun Bpk. Johanes Maria Vianey
Slamet sarimbit ingkang badhe dados kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha
sami-sami.

Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula tampi kanthi suka bingahing manah, ing
salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten ngarsanipun Bp. AM Bimo Supriyanto sekalihan, Boten
kekilapan panjenenganipun Bp. AM. Bimo Supriyanto sekalihan, namung ngaturaken agenging panuwun
menggah sadaya peparingipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan
dhumateng Bp. AM. Bimo Supriyanto sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi
darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

Amung semanten panampi saking Bp. AM, Bimo Supriyanto sekalihan, lumantar kawula. Hambok bilih menawi
wonten kuciwaning bojakrami, anggen kula nampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih
samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak-ganyuking
wicara, cawuh kisruhig paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kupat janure
klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.
Matur Nuwun

Anda mungkin juga menyukai