Anda di halaman 1dari 1

Klasifikasi ABC

Wong dodolan kuwi mesti ngelakoni sing jengene segmentasi, mbuh sadar mbuh ora.
Segmentasi kuwi bagi-bagi komponen sing nyambung karo dodolane dadi rong kategori
utowo luwih akeh. Tujuane biasane, bedo kategori bedo cara dodolane.

Contone segmentasi, kadang ono sing bagi pelanggane dadi loro, pelanggan sing gampang
karo sing angel. Sing angel iki pokoke ono wae jalukane, wes rebyek pokoke. Conto liyane
ono sing bagi dagangane dadi loro, laris karo ora payu. Ngono kuwi sing jengene
segmentasi.

Nah, salah siji carane gawe segmentasi kuwi nganggo klasifikasi ABC. Koyo sing tak contoni
kuwi mou, dagangan sing laris mlebu kategori A, sing biasa wae mlebu kelompok B, terus
sing ora payu mlebu grup C. Soale, seringkali dodolan sing A iki, senajan itungan barange
kuwi-kuwi tok, tapi akeh batine, iso nganti 80% soko keseluruhan. Sewalike, kelompok C iki,
seringkali wuakeh jenise, tapi ora pati akeh batine.

Nah, nek wes dibagi-bagi dadi ABC ngono kuwi (dudu merk kecap lho ya), kuwe iso bedakno
caramu dodolan. Misale sing C ora usah di stok, dipesenno wae neng distributor nek ono
sing pesen. Sing B di stok sak cukupe, terus sing A di stok sing akeh.

Ngono kuwi contone segmentasi, khususe klasifikasi ABC. Mugo-mugo ono manfaate.

Anda mungkin juga menyukai