Anda di halaman 1dari 1

Pangembangan Model 70:20:10

Ning nggon donyo pangembangan lan latihan, ono sing diarani pangembangan model
70:20:10. Kuwi maksude pitung puluh persen ngelmu sing mok ngerteni soal penggawean,
mok ngerteni soko nyambut gawe langsung. Rong puluh persene soko kekancanan lan
rembukanmu karo kanca-kanca kerjomu. Terus sing sepuluh persen kuwi soko acara latihan
sing biasane diadakno neng njero kelas.

Terus maksude piye? Yo nek kuwe saiki kerjo, ojo ngarep kuwe paham masalah kerjaanmu
mok soko diklat tok. Kuwe yo kudu gelem srawung karo konco-konco neng kantor. Terus
sing paling penting kuwe pas kerjo kuwi karo disinauni, diapalno opo dicatet.

Nek kuwe saiki dadi bos, ojo ngarep anak buahmu langsung iso kerjo cuma modal mok
melukno latihan. Kudu mok weki kesempatan ngerjakno penggawehan sing deweke
mungkin durung terlalu iso ngerjakno, ben sinau maksude. Terus nek kadang-kadang do
jagongan ojo langsung mok sengeni, nek bahas masalah kantor yo apik tho.

Anda mungkin juga menyukai