Anda di halaman 1dari 46

MATERI USBN BAHASA JAWA

SMK N 2 YOGYAKARTA

Aksara Jawa
Aksara urip (caraka)

Aksara mati (pasangan)

Sandhangan Aksara Jawa


a. Sandhangan swara
No Sandhangan Wujud Tuladha
i...... Pitik : pitik\
1 Wulu : (i)

u......
2 Suku : (u)
Tuku buku :tukubuku

e........ Sepet : sepet\


3 Pepet : (ê)

[...... Ember : [a[mB/


4 Taling :(è,é)

Sate : s[t

[.....o Soto : [so [to


5 Taling tarung :
(o)

x Reresik : xxsik\
6 Pa ceret : (rê)

X Lemari : Xmri
7 Nga lelet : ( lê)

b. Sandhangan Panyigeg wanda


No Sandhangan Wujud Tuladha

/...... Warga anyar : w/gav/


1 Layar : (-r)

. =..... disangga bareng : fis=gbx=


2 Cecak : (-ng)

. h....... gajah : gjh


3 Wignyan : (-h)

Bapak : bpk\
4 Pangku :(-kons)
......\
c. Sandhangan Pambukaning wanda
No Sandhangan Wujud Tuladha

Priyayi: p]iyyi
1 cakra : (kons+r)
..... .]

... }..... kreteg : k}teg\


2 keret : (kons+
rê)

.... -.... kadya : kf-


3 Pengkal : (-h)

WACANA :
Kaserata latinipun!

a. bpkSmPunW|zu

2. mculLiXmhpteglLn\

3. zenm\kLs[mnD=ai=zxpn\
UNGGAH-UNGGUH

Unggah-ungguh inggih menika tata-pranataning basa miturut lenggahing tata krama.Unggah-


ungguh ugi saged dipunwastani undha usuking basa (tingkataning basa adhedhasar
anggenipun ngginakaken). Tiyang ingkang badhe ngetrepaken unggah-ungguh boten badhe
uwal saking tata krama. Tata krama awujud solah bawa, tindak-tanduk lan patrap nalika
sesambetan (komunikasi) dhateng sinten kemawon.

Supados satunggaling tiyang anggenipun micara/gineman selaras kaliyan unggah-ungguhipun


kedah nggatosaken:
1. Sinten ingkang gineman (ngrumaosi pribadinipun ingkang gineman)
2. Sinten ingkang dipunajak gineman.
3. Sinten uatawi menapa ingkang dipunginemaken.
4. Wekdalipun rikala gineman
5. Papanipun rikala gineman
6. Swasana rikala gineman.

Ing jaman rumiyin unggah-ungguhing basa kapantha kados ing ngandhap menika:

- Ngoko Lugu
I. Basa Ngoko - antya basa
- Ngoko andhap
- basa antya

- Madyangoko
II. BasaMadya - Madyakrama
- Madyantara

- Mudhakrama
- Kramantara
III. Basa Krama - Wredhakrama
- Krama Inggil
- Krama Desa
IV. Basa Bagongan lan Basa Kedhaton.

Ing jaman samenika sampun kathah para sarjananing basa kagungan penggalihan ngringkes
unggah-ungguh basa namung dados kalih perangan, inggih menika:

- Ngoko Lugu
I. Basa Ngoko
- Ngoko Alus

- Krama Lugu (Andhap)


II. Basa Krama
- Krama Alus (Inggil)

Basa Ngoko Lugu


Ginanipun kangge gineman:
1. Tiyang sepuh dhateng putra, wayah, menapa dene dhateng lare anem sanesipun.
2. Dhateng sesaminipun, kanca sepantaran, tuladhanipun lare kaliyan kancanipun.
3. Pangageng dhateng tiyang sangandhapipun, tuladhanipun juragan dhateng baturipun.
4. Panguda rasa (gineman kaliyan pribadinipun piyambak).
Tuladhanipun Ngoko Lugu:
Ginemanipun lare kaliyan kancanipun.
Anjani : Pus, aku bok kokajari garapan matematika wingi kae. Aku wingi kuwi durung
dhong.
Puspa : Ya gene kok bisa ora dhong, aja-aja wingi kowe ora nggatekake.

Basa Ngoko Alus


Basa menika kaginakaken dening tiyang ingkang sampun supeket (akrab) nanging tasih
nggadhahi raos ngurmati dhateng ingkang dipunajak gineman, umpaminipun antawis
sesaminipun kanca nyambut damel ing kantor, sesaminipun kanca sekolah, lsp.
Tuladhanipun Ngoko Alus.
Ginemanipun satunggaling tiyang kaliyan kanca sakantor.
Pak Imam : Pak Panjang, nuwun sewu. Panjenengan mau wis dhahar apa durung?
Pak Panjang : Aku ta, lha yen aku ya durung mangan. Apa panjenengan arep mbayari aku
jajan neng warung.

Basa Krama Lugu


Ginanipun kangge gineman:
1. Dhateng sesamining kanca ingkang dereng supeket (akrab).
2. Tiyang sepuh dhateng tiyang ingkang langkung enem, ananging ingkang dipunajak
gineman wau sinaosa enem nanging wajib kinurmatan.
3. Tiyang ingkang nggadhahi kalenggahan(drajat pangkat) inggil dhateng andhahanipun,
ananging andhahanipun wau yuswanipun langkung sepuh utawi wajib kinurmatan.
4. Tiyang ingkang gineman priyayi luhur lan ingkang dipunajak gineman tiyang limrah
ingkang sampun sepuh yuswanipun utawi wajib kinurmatan.
Tuladhanipun Krama Lugu.
Ginemanipun Pak Ketua RT dhateng para pemudha ing parepatan (pepanggihan pemuda)
Adhik-adhik sedaya kula ing ngriki ngaturaken panuwun dhateng sampeyan sadaya dene
sampun purun dugi ing pepanggihan menika.

Basa Krama Inggil:


Ginanipun kangge gineman:
1. Tiyang ingkang gineman dereng tepang kaliyan ingkang dipunajak gineman, lan ingkang
dipunajak gineman wau ketingal langkung sepuh utawi tiyang ingkang kagungan pangkat
inggil.
2. Tiyang ingkang gineman langkung enem yuswanipun tinimbang ingkang dipunajak
gineman, lan ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
3. Tiyang ingkang gineman langkung cendhek drajat pangkatipun tinimbang ingkang
dipunajak gineman, utawi ingkang dipunajak gineman wajib kinurmatan.
Tuladhanipun Krama Inggil.
Ginemanipun wayah(putu) dhateng eyangipun:
Wisnu :Kados pundi Mbah gerahipun, sampun dhangan menapa dereng? (Krama Inggil)
Eyang : Rasane kok durung iki. Miturut kowe kepriye Le, supayane simbah cepet mari?
(Ngoko Lugu)
Wisnu : Makaten kemawon Mbah, ing mangke simbah kula dherekaken tindak dhateng
Puskesmas, kersanipun dipunpriksa dening Pak Dhokter. (Krama Inggil)
Berita Berbahasa Jawa
1) Materi Fakta
Teks minangka prastawa atur kanthi paugeran kohesi, koherensi, intensionalitas
akseptabilitas, informativitas, situasionalitas, intertekstualitas (de Beaugrande dan
dressler, 1981)
Ragam analisis teks berita inggih menika Analisis isi kuantitatif.semiotik, wacana,
framing
Tujuan analisis teks berita inggih menika kangge mangertosi isi (content) menapa
ingkang kaemot ing salebetipun isi dokumen. Ingkang dipunanalisis inggih menika
dokumen cetak ugi visual (surat kabar, radio, televisi, grafiti, iklan, film, surat pribadi,
buku, kitab suci, lan selebaran).
Tuladha Teks Berita
(Salam Pambuka)
Assalamualaikum Wr.Wb
Sugeng enjing
(Pambuka)
Para Pamirsa pepanggihan malih wonten ing pawartos basa Jawi
Kawaosaken dening dening Roro Sunyi
Keris

(Isi Pawartos)

Keris,duwung utawi curiga saged ampuh mboten namung amargi dipundamel saking
unsuripun wesi waja,nikel kadangkala dipuncampur unsuripun sela meteorid ingkang
dhawah saking angkasa, nanging ugi cara damelipun dipunkantheni,lampah tirakat
dening Empu ingkang damel keris kanthi panyuwunan tartamtu dhumateng Gusti
Ingkang Maha Kuwaos.Saengga keris nggadhahi kekiyatan magis ingkang saged
ngedalaken pangaribawa supados mengsah ajrih lajeng nungkul.Keris ingkang
dipunagem minangka rerenggan jangkepipun ageman temanten kakung khas
Jawa.Keris kalawau rinengga kanthi sekar sinebat “Kolong Keris” nggadhahi makna
supados tiyang sampun ngantos nggadhahi watek brangasan, sesongaran, sewenang-
wenang, kumalungkung utawi adigang, adigung, adiguna.

Para Pamirsa, sutresna budaya.


(Isi Pawartos)

Wonten cariyos nalika Harya Penangsang kanthi ngasta keris nama keris Kyai Setan
Kober mengsah Danang Sutawijaya kanthi Tombak Kyai Plered. Padharan Harya
Penangsang kenging Tombak Kyai Plered saengga ususipun mbrodhol medal saking
padharanipun. Lajeng Harya Penangsang ngalungaken ususipun ing pendhok
kerisipun,nanging ketiwasan amargi mboten saged ngendhaleni raos muntab, kepingin
males tumindakipun Sutawijaya, saengga Harya Penangsang kesupen ndudut
kerisipun kesupen menawi kalawau sampun dipunkalungi usus.Harya Penangsang
gugur dening pusakanipun piyambak, amargi ususipun pedhot kepronggol kerisipun.
Cariyos punika andadosaken pepiling bilih tiyang punika kedah sareh, ening,
waspada, mboten grusa-grusu. Saengga sesekaran inggih punika kembang kolong
keris nglambangaken ususipun Harya Penangsang, wonten malih pemanggih bilih
tiyang kedah ngatos-atos supados mboten cilaka kados Harya Penangsang.

(Panutup)
Para Pamirsa,
Sinartan purnaning waosan teks pawartos basa Jawi mugia tetep manunggal wonten
ing Radio Teladan FM.10 kanthi sesarengan mirengaken acara salajengipun inggih
menika ”Giyaran Kethoprak Mataram.”Sugeng midhangetaken sarta nuwun.

(Salam Panutup)
Sugeng Enjing
Wassalamualaikum Wr.Wb.

2) Materi Konsep

Teknik Maos Pawartos

Maos pawartos kalebet jinis maos (membaca nyaring)


Pamaos pawartos kedah migatosaken lafal, intonasi, kedaling lathi, tatapan paningal,
lan unggah-ungguh ingkang leres.
a. Lafal(Wicara)
lafal inggih menika caranipun tiyang ngedalaken swanten basa.
Saderengipun ngedalaken tembung-tembung asing , pamaos pawartos kedah mbikak
kamus kagem mangertosi caranipun ngedalaken swanten saha mangertos bab
maknanipun. Maos kanthi intonasi ingkang trep sarta lafal ingkang jelas
Pamaos kanthi teteh/ fasih, andhal, titi,teliti saben tembung, frase, klausa, saha
jeda.Menawi munggel ukara kanthi trep boten badhe nyebabaken lepat tafsir/seling
surup.

b. Intonasi(Wirama)
intonasi inggih menika andhap inggilipun lagu ukara ingkang nyebabaken beda
makna.
c. Kedal kanthi teteh(Wicara)
Sesambetan kaliyan volume swanten saha rindhik cepetipun(Wicara)
Maos teks pawartos kedah migunaaken swanten gandem lan cetha.

d. Tatapan mata/ekspresi (Wiraga)


Saged ngraketaken komunikasi kaliyan pamirsa.Kedah konsentrasi nanging luwes.
Menawi kasorot kamera kedah fokus mriksani kamera.
e. Solah Bawa (Wiraga)
Kedah sopan santun saha sikep merbawani.
Menawi maos kanthi lenggah utawi jumeneng kedah tegak saha mriksani lurus ing
ngajeng.
f. Artikulasi (Wicara)
Artikulasi mliginipun a,i,u,e,o,c,k,r,s,t,th,d,dh kedah jelas saha kanthi paugeran
EYD (ejaan yang disempurnakan)
g. Volume (Wirama)
Maos kanthi sora utawi rindhik gumantung wiyar ruwangan saha microfon.
h. Tekanan Tembung (Wirama)
Menawi maosaken pawartos ingkang wonten tembung basa asing
Belanda,Inggris,Arab lan sapanunggilipun kedah nyetiteaken bab tekanan
maosipun.
i. Tempo (Wirama)
Maos kanthi cepet utawi alon dipuntrep aken kaliyan teks ipun.

3) Materi Prinsip
Ingkang kalebet ciri-ciri inggih kedah dipungatosaken maosaken teks pawartos Basa
Jawi ing televisi inggih punika......
a) Intonasi caraning ngendika kadosta inggil andhaping swanten
b) Dinamikaning pangandikan
c) Ngetrepaken busana lan rias.
d) Mangertosi isinipun
teks pawartos.
e) Artikulasi kapireng cetha
f) Pelafalan A,I,U,E,O,T,TH,D,DH,C,J,R
g) Jeda utawi punggelan ukara
h) Tempo utawi cepet alon swanten
i) Swanten kapireng leng
j) Boten ngagem dhialek ingkang mboten trep
k) Eye contack paningal kedah ketingal gesang
l) Pasuryan mboten rongeh ananging ketingal merbawani.
m) Solah bawa saha tindak-tanduk ingkang trapsila.
n) Nggadhahi mental,kapitadosan dhiri pribadi ingkang tatag,tegen mboten wigah-
wigih.
4) Prosedur
Penanaman konsep teknik membaca teks pawartos basa Jawi dari berbagai media
cetak dan media elektronik.
GEGURITAN

Geguritan menika saking tembung gurit ingkang tegesipun seratan. Geguritan menika
salah satunggaling asil kabudayan Jawi modern. Sinten kemawon saged ndamel
geguritan. Nganggit geguritan menika saged ngandharaken pengalaman pribadi utawi
gambaran kawontenan ing masarakat, utawi pagesanganipun tiyang ing alam donya
miturut jamanipun.
Geguritan wujudipun langkung mardika tinimbang tembang. Nganggit geguritan
boten prelu ngginakaken paugeran ingkang gumathok kados wonten ing tembang, pramila
geguritan saged dipunwastani puisi bebas.
Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan (4W) inggih menika :
1. Wicara : pocapan cetha, leres, jelas, tegas, boten bindheng, boten blero.
2. Wirama : minggah mandhapipun swanten, lirih saha seronipun swanten (irama)
3. Wirasa : ngraosaken salebeting manah ing geguritan (susah, semangat,
nelangsa)
4. Wiraga : ekspresi /patrap (sikep, obahipun badan, lan pasemon (rai).

Tuladha Geguritan
OMAH

Rikala Aku lelungan…….


Adoh ……… tumuju papan liyan
Sing dakeling-eling kapan aku
Bali mulih menyang omah……….

Omah …..
Papan panggonan kanggo mulih
Papan panggonan kanggo ngenam penggalih
Papan panggonan kanggo ngarih-arih
Sakehing penggayuh kang lagi digalih

Omah …….
Sanadyan wujude amung prasaja
Sing baku bisa kanggo nata ayeming nala
Ora kudu mewah, njegregeg magrong-magrong
Kang bisa gawe merining liyan

Omah ……..
Digawe ora kudu nganggo dredah
Ora kudu nganggo sawiyah-wiyah
Apa maneh kudu nganggo njarah rayah
Apa iya bisa digawe berkah?

Omah ……..
Sing digawe ora kudu mewah
Berkah amarga dadi lambang kamulyan
Berkah amarga bisa njunjung drajat
Ora nglelara atine rakyat

Romaluatis
Panjebar Semangat No.21
21 Mei 2011, Hlm.40

Latihan Nulis Geguritan


Geguritan iku wujud puisi Jawa modhern kang tembung-tembunge singkat, mentes, bisa
nggunakake purwakanthi, nanging ora nganggo paugeran metrum kaya dene geguritan.
Miturut Endraswara (2003: 224-229), amrih bisa nulis puisi/geguritan kanthi becik, bisa
migunakake enem (6) laku minangka tuntunan mekarake kreativitas, yaiku :
1. Nglatih tanggap sasmita, yaiku nglatih ‘kepekaan diri’ kang bisa katindakake kanthi
seneng nggatekake kahanan sakiwa-tengene, seneng mbandhingake kahanan, lan
sapiturute.
2. Nangkep ilham, ilham ing kene bisa ditegesi cahya kang bisa
3. Ngetokake tembung pisanan minangka tembung kang bisa nuntun tembung-tembung
sateruse. Satembung mau bisa didawakae kanthi menehi pitakonan apa, sapa, piye,
kapan, lan ing papan ngendi. Kanthi mangkono satembng mau bisa nglairake embrio-
embrio kang bisa ditulis sauger isih komprehensif, koheren, lan kohesif.
4. Ngolah tembung, bisa katindakake kanthi nyusun tembung-tembung kang kawetu
saka ilham mau.
5. Menehi vitamin ing tembung-tembung mau. Yen tembung-tembung mau karasa
durung wangun lan durung pas, bisa diwenehi kagunan basa ‘the art of literature’
(purwakanthi, wangsalan, entar, pepindhan, paribasan, lsp)
6. Nyeleksi tembung bisa katindakake kanthi mikirke sapa kang bakal maca/konumen,
kaya ngapa kang dibayangke, sabanjure bisa nngganti tembung-tembung kang kurang
mathis mu sadurunge dibundhel utawa rampung. Kanthi mengkono, kaajab bisa
tuwuh geguritan kang prasaja nanging mentes isine lan narik kawigaten dening
pawongan kang maca.

Nalika nulis geguritan bisa kabiji saka :


1. Runtute tembung lan ide, prayoga menawa ana estetika (purwakanthi, wangsalan,
parikan, lsp)
2. Logika lan kreativitas kang ngemot makna.
3. Ing saben larik ana gayutan makna karo irah-irahane.

Amrih geguritn dadi becik, ana sauntara cara sing bisa ditindakake, yaiku (1) nemokake
gagasan/idhe luwih dhisik (‘momen puitk’ utawa bab sing endah lan nabet ati); (2)
nyelarasaken antarane wujud lan isine geguritan (ana gayutane sing endah lan laras antarane
wosing-rembug karo carane mbablasake wosing-rembug; (3) mujudake geguritan sing cetha
ancase (dudu guritan sing jelas kekarepane) lumantar ceplesig anggone mbabar; (4)
ngatonake dayane pribadhi penggurit lan bias nuduhake asli reriptane; (5) bids nuduhake yen
riptane iku unik (beda karo liyane); (6) bias njembarake wawasane sing padha maca tumrap
gumelaring urip ing madyaning jagad (gawe pepadhang muring padha gelem mikir prakara
becik).
MACAPAT

Tembang/sekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran


tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken nganggé kagunan swanten
(Padmosoekotjo,1960: 25). Macapat menika sekar tradhisional ing tlatah Jawa. Macapat
ugi mrathah wonten ing kabudayan Bali, Madura, saha Sunda. Menawi dipuntingali
saking kérata basa, macapat menika tegesipun maca papat-papat. Maosipun sekar
macapat pancèn wonten ingkang rinakit saben sekawan wanda (suku kata). Nanging
boten sedaya gatra sekar macapat saged kawaos papat-papat. Sekar menika kinten-kinten
tembé kémawon wonten ing pungkasaning jaman Majapahit saha wiwitan wali sanga
nyepeng kuwasa. Nanging menika ugi dèrèng mesthi, amargi boten wonten ingkang
gathuk saged mesthèkakén. Macapat kathah dipunanggé ing sapérangan Sastra Jawa
Tengahan lan Sastra Jawa Énggal. Menawi dipunsandhingaken kaliyan Kakawin,
paugeran-paugeran utawi metrum ing sekar macapat langkung gampil. Kitab-kitab jaman
Mataram Énggal, kadosdéné Wédhatama, Wulangrèh, Serat Wirid Hidayat Jati,
Kalatidha, saha sanès-sanèsipun dipunrakit nganggé sekar macapat. Paugeran-paugeran
menika wonten ing:
• Guru gatra : cacahing wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
• Guru wilangan : cacahing wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
• Guru lagu : tibané swara ing pungkasaning saben gatra.
Panyekaring tembang macapat menika temtunipun kedah kaselarasaken kaliyan titilaras
(notasi), laras, saha pathetipun gamelan. Déné urut-urutanipun sekar macapat menika sami
kaliyan lampahing manungsa saking jabang bayi abang dumugi tumekaning pejah.
Mungguh urut-urutanipun sekar, kadosta mekaten:
• Maskumambang. Gambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing kandhutan
ibunipun, dèrèng kawruhan jalèr utawi èstri. Mas tegesipun dèrèng ningali
kakung utawi èstri, kumambang tegesipun gesang ngambang wonten ing kandhutan
ibunipun.
• Mijil. tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi èstri.
• Sinom. tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigati
kanggenipun tiyang anom supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun.
• Kinanthi. Saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang ateges dipuntuntun
supados saged mlampah ngambah panguripan ing alam ndonya.
• Asmarandana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (jalèr saha èstri
saha kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat Ilahi.
• Gambuh. Saking tembung jumbuh/ sarujuk ingkang ateges bilih sampun jumbuh/
sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha jaler ingkang sami-
sami nggadahi raos tresna wau, ing pangangkah supados sageda gesang bebrayan.
• Dhandhanggula. Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen, menapa
ingkang dipungayuh saged kasembadan. Kelakon gadhah sisihan/ kulawarga,
gadhah putra, gesang cekap kanggé sakulawarga. Pramila menika tiyang
ingkang saweg bungah/ bombong penggalihipun, saged dipunwastani sekar
dhandhanggula.
• Durma. Saking tembung darma/ wèwèh. Tiyang bilih sampun rumaos kacukupan
gesangipun, banjur tuwuh raos welas asih marang kadang mitra sanèsipun
ingkang sawe nandhang katresnan, pramila banjur tuwuh raos kekarepan darma/
wèwèh marang sapadha-padha. Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking
piwulangipun agami saha watak sosialipun manungsa.
• Pangkur. Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu
angkara murka. ingkang dipunpenggalih kekarepan tansah wèwèh marang sapadha-
padha.
• Megatruh. Saking tembung megat roh utawi pegat rohipun/ nyawanipun, awit
sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan mring Sang Maha Kawasa.
• Pocung. Bilih sampun dados layon/ mayit banjur dipunbungkus mori putih utawi
dipocong sadèrèngipun kasarèkaken.
Tabel Sekar
Guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu tembang macapat
NO Jenengé Tembang Guru wilangan
Guru Guru Lagu
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
1. Maskumambang Gatra
4 12i 6a 8i 8a
2. Pocung 4 12u 6a 8i 12a
3. Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o
4. Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o
5. Mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6u
6. Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i
7. Asmaradana 7 8i 8a 8e/o 8a 7a 8u 8a
8. Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i
9. Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
10. Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
11. Dhandhanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
CARIYOS PENGALAMAN
Wujud pengalaman
 Nyenengake
 Nyusahake
 Ngisinake
 Njengkeli
 Ngguyokake
Teknik cerita pengalaman
 Kreatif
 Ngrekayasa supaya nyengsemake ati
 Intonasi
 Tempo pengucapan
 Nggatekake sapa sing dicritani
 Gaya bahasa / teknik tutur (idhiolek)
Crita pengalaman lumrahe awujud narasi.
Titikan utawa ciri-ciri narasi:
 Mangsuli pitakonan “apa kang dumadi?”
 Arupa crita bab kedadeyan utawa pengalaman
 Ngunggulake tindak-tanduk utawa tumindak
 Anane susunan kronologi
 Ngemu unsur konflik
 Ngandhung estetika
Jinising narasi ngenut tujuwane
 Narasi informatif: duwe tujuwan paring informasi kanggo nambahi wawasan
 Narasi ekspositorik: duwe tujuwan paring informasi kanggo ngunggulake sajiwining
tokoh
 Narasi artistik: duwe tujuwan nuwuhake pangangen-angen/ imajinasi
 Narasi sugestif: duwe tujuwan paring piwulang/ amanat
Unsur instrinsik ing crita narasi:
 Tema: dhasaring crita narasi kang pokok
 Alur/plot: tata urut-runtuting kedadeyan sajroning crita
 Latar/setting: papan, wektu, swasana ing crita
 Paraga lan wewatekane: sipat, tindak-tanduk paragane
 Pitutur/amanat: pesen kabecikan lumantar crita
 Teknik pandeleng pengarang (point of view): teknik pandeleng wong kapisan (O1)
utawa wong katelu (O3)
Tata cara ngripta crita pengalaman
 Ngrumusake tema kang cetha
 Nemtokake sapa kang tinuju, yaiku sapa sing dicritani
 Nemtokake pengalaman kang bakal dicritakake
 Nggawe watesan kang kudu dicritakake lan ora perlu dicritakake
 Ngrancang kronologi
 Nyusun cengkorongan/ kerangka karangan
 Mekarake crita pengalaman
PRANATACARA

A. Pangertosan Pranatacara
Pranatacara inggih menika tiyang ingkang kadhapuk mranata lan nglantaraken
lampahing satunggaling acara supados rancag lan runtut.
B. Jinising Pranatacara
Kanthi mekaten, jinisipun pranatacara saged kabedakaken dados warni sekawan, inggih
menika:
1. Pranatacara kanthi cara apalan
Pranatacara menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pranatacara langkung
rumiyin lajeng dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis
kaliyan teks kala wau.
2. Pranatacara kanthi cara maos naskah utawi teks
Pranatacara kanthi maos naskah utawi teks menika pranatacara kanthi mbekta naskah
lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken.
3. Pranatacara kanthi cara dadakan utawi impromptu
Pranatacara cara dadakan menika cara pranatacara ingkang boten kanyana-nyana
saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pranatacara
kanthi dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pranatacara ngaten
kemawon. Mila, piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan
kersa dados pranatacara. Sangunipun cara Pranatacara dadakan menika kedah trampil
ing pamicara saha kathah pengalaman lan seserepan.
4. Pranatacara kanthi cara ekstemporan
Pranatacara cara ekstemporan inggih menika pranatacara kanthi ngasta cathetan alit
minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken.
Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-
aturaken.
C. Sangunipun Sesorah
1. Patrap utawi sikep
Patrap utawi sikep rikala Pranatacara kedah nedahaken tata krami utawi trapsila,
inggih menika solah bawa utawi tindak-tanduk ingkang prasaja, menapa wontenipun,
boten dipundamel-damel. Mimik utawi ewahing pasuryan katingal sumringah
anengsemaken amargi swasananipun swasana remen. Ebahing perangan badan ugi
kaginakaken kangge nambahi gesanging pangandikan, upaminipun: njlentrehaken
kanthi raos semangat makantar-kantar tamtu kemawon astanipun juru pamedhar sabda
ngetingalaken raos semangat upaminipun kanthi ngepel asta. Ing upacara pangrukti
layon sasaged-saged ngetingalaken raos sedhih utawi ndherek ngraosaken duhkita.
2. Busana lan ngadi sarira
Nalika nindakaken ayahan Pranatacara, busananipun lan ngadi sariranipun pamedhar
sabda kedah dipunlarasaken kaliyan kawontenan. Menika jumbuh kaliyan paribasan
“ajining sarira saking busana”. Liripun, ing salebeting pasamuan sampun ngantos
karana busana ingkang boten trep (‘norak’) ndadosaken asor prabawanipun; uger
saweg dados punjering kawigatosan tumraping para rawuh.
3. Basa lan sastra
Basa menika minangka pirantos utawi sarana lelantaran, sesambetan, utawi lung-
tinampen kaliyan para tamu ingkang mirengaken. Mila, basanipun boten basa dakik-
dakik, ingkang tetembunganipun boten dipunmangertosi ing akathah. Salajengipun,
basa ingkang gampil dipuntampi utawi basa komunikatif tuwin trep utawi pas ing
panganggenipun kedah migatosaken:
a. sinten ingkang gineman
b. sinten ingkang dipunajak gineman
c. sinten ingkang dipunginemaken
d. swasana nalikanipun gineman
e. sami mangertosi ingkang dipunginem.
Dados, kirang trep menawi anggenipun nindakaken Pranatacara mligi ngginakaken
basa apalan, langkung sae mangertosi kabetahan saha swasana nalikanipun saweg
pangandikan, saged mulur mungkret ngengeti swasana, wekdal, lan kabetahanipun.

(Kabesut sakingTuntunan Pranatacara saha Paniti Laksana dening Drs. Sutardi


Atmasandjaja, kanthi ewah-ewahan sawetawis)

Sipat-Sipating Pranatacara miturut ancas utawi tujuan:


1. Pranatacara pambagyaharja
2. Pranatacara mamitaken jenazah
3. Pranatacara ngarahaken sawijining bab ing pakempalan
4. Pranatacara ngresmekaken (madegipun papan pangibadahan, tetenger, lsp.)
5. Pranatacara pamedhar sabda
6. Pranatacara palapuran (ing pakempalan, organisasi koperasi, lsp.)
Sipat-Sipating Pranatacara miturut isi lan basa:
1. Pranatacara ringkes lan prasaja
2. Pranatacara rowa lan rinengga
3. Pranatacara popular
4. Pranatacara ilmiah
5. Pranatacara mligi utawi umum

Cengkorongan pranatacara:
1. Salam pambuka
2. Atur puji syukur dhateng Gusti Allah
3. Atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. Wedharing gati utawi wosing medhar sabdha (isining Pranatacara)
5. Atur nyuwun pangapunten (tumrap ingkang kagungan karsa)
6. Panutuping atur/ salam

D. Gladhen katrampilan
Gladhen katrampilan tumraping pranatacara ing antawisipun:
1. Olah jiwa, ing olah jiwa menika ateges olah prana (napas) lan ngeningaken cipta.
2. Olah swara
a. Logat, cara nyuwantenaken tembung. Logat ingkang kaanggep baku inggih
menika logat Ngayogyakarta lan Surakarta.
b. Kedal lan pocapan. Kedaling lathi kedah cetha, saged ngucapaken a, i, u, e, o
kanthi cetha lan saged mbedakaken pangucapan antawisipun ta lan tha, da lan dha.
c. lagu (wirama), membat mentuling swanten, sora lan lirihipun swanten, rindhik lan
rikatipun pangandikan.
3. Olah raga
Menggahing pranatacara prayogi nindakaken gladhen ingkang sinebut olah raga
sapta-MA
a. magatra : bleger lan wewujudan
b. malaksana : luwes, boten ingah-ingih
c. mawastha : jejeg, boten kendho/dhoyong
d. maraga : boten rongeh/gumeter
e. malagawa : enthengan, trengginas
f. matanggap : tanggap swasana (susah, seneng)
g. mawwat : ngentasi karya
4. Olah basa lan sastra, inggih menika pilihan tembung, purwakanthi, sekar, pepindhan,
wangsalan, lsp.
CERITA CEKAK
Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, menika salah satunggaling wujud
prosa naratif fiktif. Miturut sujarahipun cerkak menika wiwitanipun saking tradhisi cariyos
lisan ingkang wisuwur. Perangan cekak saking cariyos-cariyos menika punjeripun saking
perangan naratif ingkang kaaturaken wonten ing kalodhangan ingkang cekak.

Unsur-Unsur Karya Sastra Prosa Cerkak


Cerkak nggadhahi kalih unsur inggih menika:
1. Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik inggih menika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak.
Ingkang kalebet unsure intrinsik:
a. Tema iggih menika undering cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken
undering cariyos.
b. Latar (Setting) inggih menika panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing
salebetipun cerkak. Cariyos menika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, kapan
kadadosanipun saha swasana sarta kahanan menika kadadosan.
c. Alur (Plot) inggih menika reroncening kadadosan ingkang wonten ing salebeting
cariyos.
Alur kaperang dados 3 inggih menika:
1) Alur maju inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutanipun manut
kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi
cariyosipun tansah lumampah majeng.
2) Alur mundur inggih menika reroncening kedadosan ingkang urutan
kadadosanipun boten miturut urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang
lumampahipun mundur.
3) Alur campuran inggih menika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur
mundur
1) Resolusi inggih menika perkawis sampun saged karampungaken.
d. Watak inggih menika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten
ing cariyos, bab watak menika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih menika:
1) Pacelathon paraga
2) Gegambaraning paraga
3) Gegambaraning blegeripun paraga
e. Nilai (amanat) inggih menika piweling ingkang badhe kaaturaken dening panganggit
lumantar cariyos.
2. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih menika unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun
cariyos, ananging nggadhahi pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos menika.
Unsur ekstrinsik menika:
a. Nilai – nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b. Latar belakang gesangipun panganggit
c. Kahanan sosial rikala cariyos menika dipundamel
BUSANA KEJAWÈN
GAGRAG NGAYOGYAKARTA

Busana kejawèn punika ngewrat saliring pralambang utawi pralampita, utaminipun


tumrap tiyang Jawa ingkang asring ngginakaken. Busana kejawèn pepak sanget piwulang
ingkang sinandi, pepak piwulang – piwulang luhur. Piwulang salebeting busana kejawen
punika minangka piwulang ingkang wonten gayutipun kaliyan tumindak manungsa ing
ngalam donya, amrih saged laras antawisipun jagad alit lan jagad ageng. Gagayutaipun
kaliyan sambetipun manungsa setunggal lan manungsa sanèsipun, punapadéné antawisipun
manungsa lan Gusti Ingkang Akarya Jagad.
A. Wandaning Busana Kajawèn Tumraping Kakung
Parabot wujud wandaning busana kakung, ing antawisipun :

Ngayogyakarta Surakarta
1. Iket, punika minangka sarana panutuping sirah, iket / udheng mengku piwulang
supados manungsa punika sageda ngiket raos gunggung dhiri / umuk, mila ingkang
puniket punika sirah, jer sirah punika papanipun sedaya pakarti pengangen – angening
manungsa.
2. Rasukan, minangka titahing Gusti Ingkang Akarya Jagad manungsa kedah ngrasuk
utawi ngracut kapitadosan agami.
a. Rasukan Kakung Gagrag Ngayogyakarta.
 Surjan Sembagi, utawi ugi asring winastan surjan kembangan, punika sejatosipun
busana ingkang mligi dipunagem déning Sampéyandalem Ingkang SinuwunSri
Sultan Hamengkubuwana ingkang jumeneng nata, lan ugi Sri Paduka Kangjeng
Gusti Adipati Pakualam ingkang jumeneng nata. Ananging adatipun ugi
kaginakaken ing upacara pawiwahan.

 Surjan Lurik, surjan lurik ingkang limrah kaginakaken kawula Ngayogyakarta ing
padintenanipun.

 Pranakan biru lurik telu papat, busana punika minangka busana dhines tumraping
abdidalem Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat.
 Atéla, wujuding busana kadosdéné jas kanthi werni polosan, adatipun busana
punika dipunagem déning para abdidalem apangkat bupati sapanginggil nalika
pisowanan salebeting kraton.

b. Rasukan Kakung Gagrag Surakarta.


 Atéla, wujudipun kadosdéné jas wingking dipunkrowok, adatipun awarni
cemeng, dipunagem déning siswa pawiyatan lan abdidalem kraton Surakarta
nalika sowan kraton.

 Beskap, wujudipun kados atéla nanging mawi benik / kancing kanan kéring,
warani cemeng adatipun kaginakaken kanggé among tamu sajawining kraton,
lan beskap ingkang boten cemeng ingkang ngagem sentadalem apangkat KRA
lan KRAT.
 Sikepan, busana punika mligi kaagem déning abdidalem, sentanadalem
apangkat KGPH, KPH, KP, KRMH, KRA lan KRAT ing acara pisowanan
ageng kraton.

 Langenarjan, busana ingkang kaagem déning KGPAA Mangkunegara


sakulawangsa manawi pinuju sowan kraton.
 Temantèn kakung nalika badhé kaijab qabulaken.
 Panghargyan panggih mantèn ing sajawining kraton.

3. Benik, ingkang wonten kiring lan kanan mengku piwulang bilih salebeting
nindakaken samubarang perkawis, sageda kapenggalih kanthi premati, sampun dados
kapitunanipun tiyang ngakathah.
4. Lonthong / stagèn / kendhit, menawi cara Ngayogya prayoginipun menawi dereng
apangkat riya sapanginggil ngagem ingkang polos boten mawi seratan cindé.
Babagan warni nyumanggakaken, lan werninipun lonthong polos kajumbuhaken
kaliyan pelet udheng (kemada).
5. Kamus / Sabuk lan Timang

6. Keris, Dhuwung, Curiga, parabot panjangkep busana kakung ing gagrag


Ngayogyakarta punika wonten tiga, inggih punika keris ingkang mawi warangka :
a. Warangka wulan tumanggal, wandanipun saèmper wulan ingkang tumanggal
(sabit), warangka punika rumiyin kaagem déning Pangéran Mangkubumi (HB
I).

b. Warangka Gayaman,

Ngayogyakarta

Surakarta
c. Warangka Branggah

7. Jarit, menawi cara Ngayogya pojokan batikkan ingkang awarni pethak (sèrèt) wonten
njawi, déné cara Sala wonten lebet.
a. Wiron limrah, wiron limrah inggih punika wiron ingkang kadamel lajeran
seretipun jarit limrah.

b. Wiron éngkol, wiron ingkang kadamel ngeluk / ngéngkol, adatipun wiron


punika kaginakaken déning para abdidalem manawi pinuju sowan wonten
kraton, utawi wiron padintenan salebeting kraton.
c. Wiron sala, wiron ing busana kajawèn gagrag Sala sèrètipun boten
katingalaken kados ing gagrag busana Ngayogya.

8. Cenéla, ugi winastan selop,

B. Wandaning Busana Kajawèn Tumraping Putri


1. Sanggul lan Kerudung (hijab), tumraping busana putri ingkang tanpa hijab, sanggul
ingkang kaginakaken ing gagrag Ngayogyakarta inggih punika sanggul tekuk,
wondéné tumrap putri ingkang sampun krama saged ngginakaken paes kembang.

2. Rasukan kebaya, rasukan kebaya ingkang limrah kaginakaken ing busana gagrag
Ngayogyakarta inggih punika kebaya tangkepan (kartinian), sanès kuthu baru, sinaosa
ingkang ngagem punika mawi hijab. Wondéné kebaya kuthu baru punika adatipun
mawi tambahan sléndhang.
a. Kebaya tangkepan (kartinian)

b. Kebaya kuthu baru

3. Lonthong / stagèn, lonthong utawi stagèn kaginakaken kanggé ngencengi sinjang.


Boten mawi paugeran kadosdéné lonthong utawi stagèn ing busana kakung.
4. Jarit / sinjang, sami kaliyan busana kakung, namung bèntenipun wiron putri kadamel
langkung alit, lan dhawahing sèrèt sinjang wonten ing siring kiwa.

5. Cenéla
SESORAH
A. Pangretosan Sesorah
Sesorah utawi pidhato limrah kasebat medhar sabda. Sesorah tegesipun micara utawi
medhar sabda, nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing
sangajenging tiyang kathah.
B. Jinis Sesorah
Jinisipun pidhato utawi sesorah saged kabedakaken dados warni sekawan, inggih
menika:
1. Sesorah kanthi cara apalan
Sesorah menika dipunayahi kanthi damel seratan teks pidhato langkung rumiyin
lajeng dipun-apalaken tembung-tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan
cathetan. Cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen
utawi ajar.
2. Sesorah kanthi cara maos naskah utawi teks
Sesorah kanthi maos naskah utawi teks menika juru pamedhar sabda saestu mbekta
naskah pidhato lajeng dipunwaos sawetahipun, boten dipun-apalaken. Sesorah kanthi
cara menika gadhah ancas supados boten mlenceng saking tujuwan sakawit, boten klentu
saha wekdalipun winates.
3. Sesorah kanthi cara dadakan utawi impromptu
Sesorah cara dadakan menika cara pidhato ingkang boten kanyana-nyana
saderengipun. Menawi satunggaling paraga badhe dipun-aturi ngayahi pidhato kanthi
dadakan ing sawijining acara mila lajeng dipun-aturi pidhato ngaten kemawon. Mila,
piyantun ingkang kapiji kedah ingkang sampun bêkèn lan padatan kersa medhar sabda.
Sangunipun cara sesorah dadakan menika kedah trampil ing pamicara saha kathah
pengalaman lan seserepan.
4. Sesorah kanthi cara ekstemporan
Sesorah cara ekstemporan inggih menika juru pamedhar sabda ngasta cathetan alit
minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipunngendikakaken.
Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng babagan ingkang badhe dipun-
aturaken. Ing salajengipun salebeting sesorah dipunrembakakaken kanthi pamanggih-
pamanggih enggal ingkang salaras kaliyan swasana utawi keperluan.

C. Sangunipun Sesorah
1. Wicara/ Basa
Basa kedah dipunpilih ingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising
acara, sarta suwasana. Basa ingkang dipunpilih ingkang gampil dipuntampi tiyang sanes,
prayoginipun ngginakaken tembung-tembung lan ukara ingkang prasaja. Salajengipun,
wicaranipun utawi pangucapipun kedah cetha. Umpaminipun anggenipun ngucap a, i, u,
e, o lan saged mbedakaken pangucapan antawisipun ta lan tha, da lan dha.
2. Wirasa
Wirasa tegesipun kedah saged nyurasa sarta mangertosi kanthi saestu menapa ingkang
dipunngendikakaken nalika sesorah.
3. Wirama
Tegesipun kedah saged ngatur wiramaning swara, inggih menika lirih soranipun, alon
cepetipun, andhap inggilipun utawi intonasinipun swara. Nalika sesorah kedah
mbudidaya sampun ngantos kados tiyang maos utawi apalan.
4. Wiraga
Tegesipun kedah saged nyocogaken ebahipun sarira kaliyan punapa ingkang nembe
dipunwedharaken. Nalika sesorah prayoginipun mantep, teteg, mirsani dhateng sedaya
tamu, asta ngapurancang, nanging tetep luwes lan boten kaku.

D. Ancasipun Sesorah
Tiyang sesorah, temtu nggadhahi ancas ingkang gumathok, inggih menika:
1. Wursitawara, ular-ular, wasita wara, tetembungan kangge mastani sesorah
ingkang ancas lan isinipun ngandharaken bab kautaman, pitutur, lan
sapiturutipun.
2. Sesorah lan medhar sabda, tetembungan punika kangge mastani ingkang
sipatipun umum tumraping olah pangandikan sangarsaning tiyang kathah.
3. Atur pambagyaharja, tetembungan kangge mastani sesorah ingkang ancas lan
isinipun nanggapi aturing pambagyaharja.
4. Tanggap wacana, tetembungan kangge mastani sesorah ingkang ancas lan
isinipun nanggapi aturing pambagyaharja.
5. Atur pawartos, umpaminipun sesorah ing rapat-rapat, promosi barang, lsp.
6. Atur panglipur, umpaminipun ing adicara sripah, atur saking pambela sungkawa,
sesorah ing ngajengipun tiyang ingkang nembe nampi musibah bebendu alam,
lsp.
7. Pangajak, umpaminipun sesorah ing panyuluhan-panyuluhan. Sesorah ingkang
saged nuwuhaken kapitadosan pamiarsa dhateng menapa ingkang
dipunandharaken saha kanthi ikhlas nindakaken menapa ingkang sampun
dipunmangertosi.
E. Rantaman Sesorah
1. Pambuka
a. Salam pambuka
b. Atur pakurmatan
c. Atur puji syukur
2. Surasa (isi)
3. Wasana
a. Wigatining atur (kesimpulan)
b. Pangajeng-ajeng
c. Atur pangapunten
d. Salam panutup

Tuladha Teks Sesorah:

Sesorah Pepisahan Saking Wakil Kelas XII


Assalamualaikaum Wr. Wb. Salam
pambuka
Kawilujengan saha kabagaswarasan mugya tansah kajiwa kasarira
dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula.

Ingkang satuhu kinurmatan, Kepala Dinas Pendidikan dan


Atur
Olah Raga Kabupaten Sleman, Kepala SMA Negeri 11 Sembada, pakurmatan
Muspika kecamatan Sembada, Bapak/ibu para rawuh dalasan kanca-kanca
ingkang bagya mulya.

Saderengipun sumangga kula dherekaken monjukaken puja-puji syukur


wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan saha Atur puji
rahmat, satemah ing wekdal menika kula panjenengan saged kempal ing syukur
papan kalenggahan menika saperlu hangrawuhi adicara wisuda purna siswa
saha tutup tahun palajaran 2012/2013 kanthi pinayungan bagas waras
nir ing rubeda.

Bapak ibu para rawuh ingkang dahat kinurmatan,


Boten karaos bilih kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun ngangsu kawruh wonten
ing SMA Negeri 11 Sembada ingkang kinasih menika. Salajengipun ing kalodhangan
menika, kepareng kula minangkani sesulihipun kanca-kanca kelas XII badhe ngaturaken
tetembungan saking telenging manah, sadangunipun kula sakanca ngangsu kawruh wonten
ing SMA Negeri 11 Sembada menika.
1. Kula sakanca ngaturaken agunging panuwun kanthi ikhlasing manah dhumateng bapak
Kepala sekolah, minangka manggalaning pra Dwija SMA Negeri 1 Sembada, bapak
saha ibu dwija dalasan karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang sampun kersa
nggula-wenthah kula sakanca kanthi raos sih katresnan, kacihna kanthi panggula- Surasa
wentah kados ing kawah candradimuka menika kula sakanca saged nglampahi Ujian (isi)

Nasioanal saha Ujian Sekolah kanthi sae.


2. Kula sakanca ngaturaken agunging samudra pangaksami dhumateng bapak Kepala
Sekolah, bapak ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada mbok bilih
sadangunipun kula sakanca dipungula-wenthah ing kawah candradimuka menika
kathah kalepatan arupi atur ingkang boten mranani, trapsila ingkang boten tata, lan
saweneh kawontenan ingkang boten mantesi, saestu sepisan malih kanthi andhap
asoring manah kula sakanca nyuwun lumunturing sih pangaksama.
3. Kula sakanca ugi nyuwun tambahing donga pangestu saking bapak ibu dwija dalah
karyawan saha rayi kula ingkang samenika lenggah wonten ing kelas sedasa saha
sewelas. Mugi-mugi kula sakanca saged nglajengaken wonten pawiyatan ingkang
langkung inggil malih saha saged nggayuh gegayuhan ingkang dados pangimpen kula
sakanca. Amin.

Ing wusana, kanthi tulusing manah kula sakanca namung saged ndherek dedonga Pangajeng-
mugi-mugi SMA Negeri 11 Sembada langkung misuwur saha dados pawiyatan ajeng

ingkang migunani dhumateng bebrayan ageng ing tlatah Ngayoyakarta. Amin.

Atur
Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur
pangapunten
awit saking kiranging seserepan kula ngengingi basa, sastra saha subasita,
kula nyuwun sih samudra pangaksami. Nuwun.

Salam
Wassalamualaikaum Wr. Wb. panutup
ARTIKEL

1. Pangertosan Artikel
Artikel inggih menika satunggaling karya jurnalistik ingkang wosipun gudhari
satunggaling prekawis ing masarakat. Karya menika kaserat dening para ahli, para freelance
(tiyang ingkang asring nyerat ing medhia nanging boten kaiket medhianipun), saged ugi para
wartawan. Anggenipun mahyakaken gagasan langkung kathah subjektifitas utawi seserepan
saha pengalaman panyeratipun piyambak. Karya jurnalistik jenis menika ing ariwarti
lumrahipun mlebet wonten kolom artikel /opini. Umpaminipun artikel bab: pralambang
kabudayan, upacara adat, kesenian, lsp.

2. Jinising seratan
a. Cariyos (narasi)
nyariosaken satunggaling kawontenan, barang, tatacara, lan sanes-sanesipun.
Tuladhanipun: dongeng, fabel, legenda, mite, lsp.
b. Gegambaran (deskripsi)
nggambaraken kawontenaning barang, swasana, kedadosan, lsp. Tuladha: seratan bab
papan wisata Goa Kiskenda, Pantai Glagah.
c. Paparan (Eksposisi)
Ngandharaken utawi maparaken satunggaling maksud ancas utawi samubarang
sanesipun. Tuladhanipun: caranipun damel tempe, gula aren, gula semut, lsp
d. Penggalihan (Argumentasi)
nggandharaken gagasan-gagasan ingkang dipunkantehni katrangan-katrangan,
dhedhasar pawadan-pawadan kangge nyaruwe, nampik menapa nggiyataken
penggalihan. Tuladhanipun: Pangaribawanipun formalin ing Bakso, Nglestantunaken
budaya Jawi, lsp.
e. Ajakan (Persuasi)
seratan ingkang wosipun ngajak-ajak tiyang sanes supados tuwuh kayakinanipun
satemah sarujuk saha nyengkuyung gagasanipun ingkang nyerat. Tuladha: Iklan,
pengaosan agami, lsp.

3. Caranipun nyerat artikel:


1) Nemtokaken tema utawi topik ingkang badhe kaserat (prayoginipun topik ingkang
enggal)
2) Nemtokaken medhia menapa lan pundi ingkang badhe mahyakaken karya menika
(awit saben medhia gadhah paugeran piyambak-piyambak)
3) Nemtokaken irah-irahan
4) Pados bahan-bahan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan tema, langkung sae
dipunkantheni gambar utawi foto.
5) Damel cengkorongan artikel, saben cengkorongan dipunracik wosipun
6) Mekaraken cengkorongan dados seratan ingkang wetah
7) Basa ingkang dipunginakaken ringkes lan mentes.
8) Ukaranipun prasaja, nanging runtut supados pamaos boten bingung.
9) Antawisipun tema, irah-irahan, lan isi kedah sambung.
10) Boten ajrih, lingsem, mutung menawi seratan ingkang dipunkintun ing medhia boten
saged kapacak.

Tuladha cengkorongan artikel upacara adat tingkeban


No. Cengkorongan Wos
1. Pambuka  Menapa ingkang kasebat upacara adat tingkeban saha
menapa ingkang njalari wontenipun upacara tingkeban
 Upacara tingkeban minangka paugeranipun tiyang
gesang ing bebrayan

2. Isi  Ngrembag bab upacara tingkeban mliginipun lampahing


upacara
3. Panutup  Dudutan kanthi cara nanduraken raos handarbeni
tumrap lestantunipun kabudayan Jawi
Kejawi urut-urutan ing nginggil, babagan ingkang kedah dipungatosaken ugi inggih punika:
a. Kertasipun ingkang sae
b. Basanipun ingkang baku saha sae
c. Ukaranipun runtut
d. Seratanipun cetha
e. Pamilihing tembung ingkang mentes
f. Temanipun manunggal
SERAT JAWI

Layang utawi nawala inggih menika basa ingkang dipunaturaken nganggé seratan
utawi salah satunggaling piranti komunikasi ingkang awujud seratan. Miturut basa, wos,
sipat saha asalipun, layang saged kaperang dados sekawan, inggih menika :
a. Surat (layang) resmi,
b. Surat ( layang ) dinas,
c. Surat ( layang) niaga,
d. Surat (layang) pribadhi.
Layang resmi, dinas, lan niaga temtunipun ngagem paugeran ingkang gumathok
gegayutan kaliyan kedinasan. Beda kaliyan layang pribadi. Layang pribadhi menika
wujudipun kadosdéné layang limrahipun. Ingkang dados pratandhanipun menawi layang
menika kalebet layang pribadhi inggih menika pigunanipun. Tegesipun layang wau
dipunginakaken pribadhi marang pribadhi saha wosipun ngrembag perkawis pribadhi utawi
sanès perkara kadinasan. Pramila saking menika basa ingkang dipunginakaken ing layang
pribadhi langkung longgar. Kajenganipun basa ing layang pribadhi boten kaiket dening
paugeran-paugeran ingkang baku nanging namung kaiket dening peprenah antawisipun
ingkang ngintun layang saha ingkang dipunkintun layang. Nanging basanipun layang
pribadhi saged ngoko saged ugi krama gumantung kalungguhanipun tiyang ingkang
dipunkintuni serat. Menawi ingkang dipunkintun layang menika kanca sapadha - padha utawi
paprenahé langkung anem, layang saged dipunserat nganggé basa ngoko. Ananging bilih
ingkang nampi layang peprenahipun langkung sepuh utawi inggil kalungguhanipun,
prayoginipun layang kalawau dipunserat nganggé basa krama.
Sanajan layang pribadhi gadhah kalodhangan babagan basa saha perkawis ingkang
dipunrembag, layang pribadhi boten kenging nilar subasita saha tata krama. Layang pribadhi
ugi kedah kaserat kanthi cetha, gampil dipunmangertosi dening ingkang nampi layang.
Kanthi kados mekaten layang wau boten ndadosaken bingung saha kesalahpahaman,
utamanipun kanggé ingkang nampi layang.
A. Wujuding Serat Jawa
Wujud serat Jawa menika manéka warni antawisipun:
1. Serat Ulem (Undangan)
Serat ulem inggih menika serat ingkang isinipun atur dhumateng tiyang sanès,
amargi badhé kagungan hajat/kersa. Ingkang dipunkintuni uleman supados rawuh
wonten ing wekdal saha papan ingkang sampun katemtokaken. Tuladha serat ulem
inggih menika:
a) tanggap warsa (ulang tahun)
b) tasyakuran
c) supitan
d) serat ulem mantu, lsp.
2. Serat kitir
Serat kitir inggih menika serat ingkang isinipun cekak aos, menapa perlunipun
kémawon. Tuladhanipun telegram, memo, lsp.
3. Serat lelayu
Serat lelayu inggih menika serat ingkang isinipun kabar sedanipun tiyang.
4. Serat iber-iber
Serat iber-iber inggih menika serat ingkang isinipun kabar pribadi, bab ingkang
dipunandharaken saged menapa kémawon.
B. Péranganipun Serat Jawi
Serat Jawi ingkang ganep nggadhahi pérangan utawi bagian antawisipun:
1. Satata Basa, (serat katujokaken) alamatipun serat saged kaserat ing pojok tengen
utawi kiwa ing inggil.
2. Adangiyah, tembung pamuji rahayu upaminipun:
a. Rinengga sagunging pakurmatan.
b. Tansah winantu suka basuki.
c. Katentreman lan karahayon
d. Winantu ing bagya mulya.
e. Sembah sungkem.
3. Purwaka, nelakaken pawarta kaslametanipun ingkang ngintun serat saha pangajeng-
ajeng supados ingkang dipunkintun serat ugi slamet.
4. Surasa Basa, wosipun serat, kekajenganipun serat.
5. Wasana Basa, pungkasaning layang, tuladhanipun:
Cukup seméné dhisik liya wektu disambung maneh.
6. Titi Mangsa, nelakaken wekdal panyeratanipun serat. Tuladha: Parakan, 21 Agustus
2008
7. Peprenahan, asalipun serat saking sinten, tuladha:
a. Saking ingkang putra
b. Bapakmu ing omah
c. Adhimu saka paran, lsp
8. Tapak Asma / Tandha Asma, Tanda tangan ingkang damel serat.
9. Asma Terang, asma terang ingkang damel serat.

Tuladha serat

Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)


Jln. Aip Mungkar Parakan
Temanggung.
Sembah sungkem, (2)

Kanthi lumantaring serat punika, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing
Semarang tansah ginanjar wilujeng nir ing sambékala. Menggah panyuwun kula dhumateng
gusti Allah SWT, mugi-mugi kawontenanipun Bapak saha Ibu ugi mekaten. Amin. (3)
Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta
sampun kula tampi rikala dinten Minggu kapengker. Arta punika sampun kula ginakaken
kanggé prabéya sekolah. Tirahanipun kanggé nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping
kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhé tes semesteran. Pramila kula nyuwun
tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi
biji ingkang saé, amin. (4)
Ing wusana cekap semanten rumiyin serat kula, sanès wekdal dipunsambet malih.
Menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun
lumunturing samudra pangaksami. (5)
(6) Semarang, 26 Nopember 2008
(7) Saking ingkang putra
(8)
(9) Hadi Prawira

Adangiyah Nelakaké, Unggah-ungguhing Layang.


1. Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa, utawa menyang sapadha-padha kang perlu
diajèni.
2. Salam taklim, marang sedulur enom, utawa menyang sapepadhané.
3. Ingkang salam, marang sedulur enom kang perlu diajèni, amarga pangkaté luwih dhuwur.
4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang wong enom kang diajèni.
5. Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang anak putuné dhéwé utawa sing karengkuh
kaya anaké dhéwé.
6. Ingkang sembah, saka wong cilik marang para luhur, nadyan pangkaté padha.
7. Ingkang sembah sungkem, saka wong enom marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.
8. Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom marang wong tuwané dhéwé, umpamane :
Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang kakungé.
9. Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang diajèni (dibektèni), umpamané: marang
ipéné kang kaprenah tuwa.
10. Sembah sujud, saka kawula marang Gustiné Pamuji, umpamané: karengga sagunging
kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan, kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja,
lan sapituruté. Iku kabèh, satemené mung owah-owahan saka kang kasebut ing dhuwur
mau. Amarga ana pakèwuhé anggoné arep nandukaké unggah-ungguh.

a. Tuladha Serat Ulem Wisudhan


Sleman, 21 Agustus 2011
Katur
Panjenenganipun Bapak Drs. Subagyo Sastra W.
Ing Bantul
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun, kanthi puja puji hastuti, sinartan sagunging pakurmatan, lumantar serat menika
keparenga kula angrerantu rawuh panjenengan wonten ing:
Dinten : Jum’at Legi
Titimangsa : 01 September 2011
Wanci : Tabuh 09.00 WIB
Papan : Gedung Grha Sabha Pramana Bulaksumur
Adicara : Wisudha Pawiyatan Pranatacara tuwin Pamedhar Sabda Yayasan Kirti
Sanggyaning warga Panitya miwah Pengurus Yayasan Kirti atur gunging panuwun awit
saking kawigatosan saha rawuhipun panjenengan.
Nuwun,
Wassalamu’alaikum Wr.Wb.
Pangarsa Yayasan

Ki Pramana Sabda Gaotama


b. Tuladha Ulem Pawiwahan

Nambut sisahaing akrami:

Dra. NIKEN NASTITI


KRT. Tedjaningrat

Kaliyan

Drs. MARYAN UTAMA


Letkol Sumaryan

Akad Nikah:
Kemis Kliwon,
14 September 2011
Pukul 09.00 enjing,
ing griya Jl. Madukismo 123
Ngayogyakarta

Ngayogyakarta, 1 September 2011


Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan
panggih/dhaupipun anak kula pengantèn kekalih, mbénjing ing:
Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 14 Desember 2011
Pukul : 19.00 [pitu sonten]
Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh saha paring berkah pangèstu, kula ngaturaken agunging
panuwun sanget. Nuwun.
Salam taklim,
KRT. Tedjaningrat Kekalih

c. Tuladha Serat Prajanjen


Ingkang tandha tangan ing ngandhap menika, kula Raden Mas Antawiryana, pensiunan guru
SD Negeri Karangnangka, Sidaluhur, Sidamukti, Wanasaba, gegriya ing Dhusun
Karangnangka, Kalurahan Sidaluhur, Kecamatan Sidamukti, Kabupaten Wanasaba, Jawa
Tengah, aprajanji:
1. Wiwit surya kaping 1 Januari 2009 kula ngakeni ngenggeni dalemipun sedherek R.
Gunasatata ing kampong Karangpajaten Kalurahan Sidamulya, Sidamukti, Wanasaba.
2. Kula sagah nyukani arta pasewan kathahipun Rp. 2.000.000,-(kalih yuta rupiyah)
ingkang sawetawis kathahipun kalih atus seket ewu rupiah sampun kula aturaken
minangka pratandha dados (uang muka) rikala surya kaping 20 Desember 2009.
Wondene kirangipun ingkang sayuta pitung atus seket ewu rupiah badhe kula
aturaken ing surya kaping 28 Desember 2009.
3. Upami ing surya kaping 28 Desember 2009 menika kula mboten saged ngaturaken
arta jangkepipun menika wau (angka 2), anggen kula badhe nyewa kaanggep batal
saha arta ingkang sampun kula aturaken sampun dados hakipun sadhèrèk Gunasatata.
4. Sasampunipun kalh taun kaetang saking surya kaping 1 Januari 2004, griya kasebat,
hakipun dados kagunganipun sadherek Gunasatata saha kula mboten hak ngenggeni
malih.
Wanasaba, 24 Desember 2011
Kula ingkang tandha tangan
Raden Mas Antawiryana
Anyekseni:
Lurah Desa Sidaluhur
Drs. Danuwiyan

d. Tuladha Serat Ulem Supitan

Supitan:
1. BAGUS WARSANA
2. BAGUS WARDAYA

Gresipun:
Jumuah Wage, 28 November 2011
Pukul 09.00 enjing
ing Dokter Supit Padmasuri
Jl. Krapyak Ngadiwinatan

Ngayogyakarta, 1 November
2011
Nuwun wiyosipun,
Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing syukuran
supitipun anak kula jaler kekalih, mbenjing ing:
Dinten : Minggu Wage [malem Jumuah Legi]
Tanggal : 10 Desember 2009
Pukul : 09.00 enjing
Papan : Gedung Serbaguna Kecamatan Mantrijeron Ngayogyakarta
Wasana awit keparengipun rawuh saha berkah pangestu, kula matur sanget nuwun.

Salam taklim,
Sela Darmaji Kekalih

e. Kitir Lelayu
Innalillahi wa inna ilaihi roji’un

Sampun tinimbasaha sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr.
Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2011 pukul 11.50 siyang, Bapak/embah
sutresna:

KI MANGKUSASMITA
(Yuswa 80 taun)

Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang
Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2011 pukul 14.00

Ngayogyakarta, 24 Desember 2011

Ingkang duhkita
*Nyi Mangkusasmita (garwa)
*Brayat Mangkutana, SH. (putra)
*Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
*Brayat Sumargana (raka)
*Brayat Parengkuan (rayi)

Anda mungkin juga menyukai