Anda di halaman 1dari 3

Cerita Pendek Bahasa Jawa: Kucing Sing Pinter Ngalembana

Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning
pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing
dadi kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi
modal wulune sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa
ngrebut empal saka anak thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.

"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit
cecak. Apa tho rahasiane?

Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng
wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.

Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh

"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso
mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?

Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi
ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.

Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.

"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae
ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"

Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi.
Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba
mau, banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi.

Mbokne rumangsa dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika
dialembana dening sosok kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).
Cerita Pendek Bahasa Jawa: Andong lan Laler Cilik

Jaman mbiyen ana andong nggawa momotan jambu kluthuk lagi mlaku saka Selarong arep
menyang Pasar Bantul. Jaman iku dalane isih gronjal-gronjal digawe saka watu durung ana
aspal. Nalika andong lagi liwat dalan sing kebak wedi, ana laler cilik mencok ning nduwure
andong. Bareng karo mencoke laler, lakune andong malik rindik. Ora amarga kabotan laler,
nanging amarga rodane kepater dening wedi sing mbleder ning ndalan.

Nanging rindike andong tumrap laler dianggep amarga kapencokan deweke.


“Wah andong iki dadi mlakune alon-alon, mesti merga jarane kabotan awakku” pikire si laler
kanthi ati bungah rumangsa paling abot sak donya.
“Sapa sing iso nandingi abote awakku, ora ana kewan liya sing luwih abot timbang aku!”.

Sakwise sakwetara mencok ning andong, laler banjur jeleh terus mabur meneh. Nalika Laler
mabur, andonge pas liwat dalan sing ora ana wedine. Dadi lakune andong malik cepet maneh. Si
Laler kang gegeden rumongso tambah yakin menawa deweke abot tenan. “Weladalah, tak
tinggal sedilit wae, andonge langsung biso mlaku banter. Wah, nek ngono aku iki abot temenan
ya!” celatune si laler.

Laler banjur mikir, manawa deweke mencok ning andong karo ngobahke sewiwine mestine si
andong bakal mlaku luwih banter amarga kasurung dening obahe sewiwi. Laler trus nyoba
mencok maneh ning andong karo ngobahke sewiwi. Dumadakan andong malik mlayu banter
banget ngedap-edapi. Laler kaget banget ngantek awake kontal saka andong. Untunge deweke
iso mabur sakdurunge tiba ning lemah.

Sajatine andong mau iso mlayu banter banget amarga dalane ndronjong, Dadi lumrah menawa
mlakune luwih banter wong diewangi gravitasi bumi. Nanging lelakon itu agawe Laler dadi
tambah ge-er. Trus mbengok-mbengok marang jarane andong.. ‘Sorry, sorry Kang Jaran, aku
salah ngukur kekuatanku. Anggonku ngobahke sewiwi sajake kebanteren, dadi andongmu
mlakune banter banget. Sorry ya, sesuk maneh anggonku ngobahke sewiwi rindik wae”. celatune
Laler kanthi ati mongkok (Undil Okt 09).
http://duniashinichi.blogspot.com/2009/10/andong-lan-laler-cilik.html

Anda mungkin juga menyukai