Anda di halaman 1dari 2

Ir.

Soekarno

Dr. (HC) Ir. Sukarno (Surabaya, 6 Juni 1901 - Djakarta, 20 Juni 1970), asma aslinipun Kusno
Sosrodihardjo,[1] inggih menika présidhèn kapisan Republik Indonésia ingkang mengku jabatan
periode 1945–1966.[2] Panjenenganipun kagungan peran wigatos kanggé mardikakaken bangsa
Indonésia saking panjajahan Walanda.[3] Présidhèn Sukarno menika ingkang kagungan gagasan
ngenani Pancasila amargi panjenenganipun ingkang sepisanan nyetusaken konsèp ngenani dasar
negara Indonésia menika lan panjenenganipun piyambak ingkang maringi nama Pancasila.[3]
Panjenenganipun menika Proklamator Kamardikan Indonésia (sesarengan kaliyan Mohammad Hatta)
ingkang dumados tanggal 17 Agustus 1945. Présidhèn Sukarno kagungan paraban Bung Karno. Bung
Karno dipungantos déning Soeharto.

Proklamasi Kamardikan Indonesia Jumat, 17 Agustus 1945 Taun Masehi, utawa 17 Agustus 2605
miturut taun Jepang, utawa 17 Ramadan 1365 Taun Hijriah diwacakaké déning Ir. Soekarno sing
didhampingi déning Drs. Mohammad Hatta ing Dalan Pegangsaan Wétan 56, Jakarta Pusat. Prosès
kanggo nggayuh proklamasi iki ora gampang. Sadurungé wis dibentuk sawijining panitia panyelidik,
banjur ganti jeneng dadi panitia persiapan, sing diadani déning pamaréntah Jepang. Ing pungkasan
Perang Donya II yaiku tanggal 12 Agustus 1945, Marsekal Terauchi wis ngandaraké marang Soekarno,
Hatta lan Radjiman yèn pamaréntah Jepang bakal énggal mènèhi kamardikan marang Indonesia lan
proklamasi kamardikan bisa dilaksanakaké jroning sawetara dina, gumantung cara kerja PPKI.
Nanging para pemuda Indonésia wis ora sranta, saéngga kedadéyan Prastawa Rengasdengklok yakuwi
'penculikan' Soekarno saperlu didhesek supaya énggal ngumumaké kamardikan.

Ing tanggal 6 Agustus 1945 sawijining bom atom ditibakaké ing sadhuwuring kutha Hiroshima Jepang
déning Amérika Sarékat sing wiwit mudhunaké moral semangat tentara Jepang ing saindhenging
jagad. Sedina sawisé kuwi Badan Penyelidik Usaha Persiapan Kamardikan Indonesia BPUPKI, utawa
"Dokuritsu Junbi Cosakai", ganti jeneng dadi PPKI (Panitia Persiapan Kamardikan Indonesia) utawa
disebut uga Dokuritu Junbi Inkai jroning basa Jepang, kanggo luwih negasaké kepinginan lan angkah
nggayuh kamardikan Indonesia. Ing tanggal 9 Agustus 1945, bom atom kaloro ditibakaké ing
sadhuwuring Nagasaki saéngga nyebabaké Jepang nyerah marang Amérika Sarékat lan sekutuné.
Momèn ini pun dimanfaataké déning Indonesia kanggo mroklamasèkaké kamardikané.

Soekarno, Hatta minangka pimpinan PPKI lan Radjiman Wedyodiningrat minangka mantan ketua
BPUPKI dimaburaké menyang Dalat, 250 km ing sisih wétan segara Saigon, Vietnam kanggo ketemu
Marsekal Terauchi. Ana kabar yèn pasukan Jepang pinuju ana ing jurang kakalahan lan bakal
mènèhaké kamardikan marang Indonesia. Sauntara kuwi ing Indonesia, ing tanggal 14 Agustus 1945,
Sutan Syahrir wis krungu warta liwat radhio yèn Jepang wis nyerah marang Sekutu. Para pejuang
gerilya siap-siap mroklamasèkaké kamardikan RI, lan nulak bentuk kamardikan minangka hadiah
Jepang.
Ing tanggal 12 Agustus 1945, Jepang liwat Marsekal Terauchi ing Dalat, Vietnam, ngandaraké marang
Soekarno, Hatta lan Radjiman yèn pamaréntah Jepang bakal énggal mènèhi kamardikan marang
Indonesia lan proklamasi kamardikan bisa dilaksanakaké jroning sawetara dina, gumantung cara kerja
PPKI.[1] Senadyan mangkono Jepang ménginaké kamardikan Indonesia ing tanggal 24 Agustus.

Rong dina sabanjuré, wektu Soekarno, Hatta lan Radjiman bali menyang tanah air saka Dalat, Sutan
Syahrir ndhesek supaya Soekarno énggal mroklamasèkaké kamardikan amarga nganggep asil patemon
ing Dalat minangka tipu muslihat Jepang, amarga Jepang sawektu-wektu wis kudu nyerah marang
Sekutu lan kanggo nyelaki anané perpecahan jroning kubu nasionalis, antara sing anti lan pro Jepang.
Hatta nyritakaké marang Syahrir bab asil partemon ing Dalat. Soekarno durung yakin yèn Jepang
pancèn wis nyerah, lan proklamasi kamardikan RI wektu iku bisa ndadèkaké wutahing getih sing akèh,
lan bisa duwé akibat fatal yèn para pejuang Indonesia durung siap. Soekarno ngélingaké Hatta yèn
Syahrir ora duwé hak mroklamasèkaké kamardikan amarga iku haké Panitia Persiapan Kamardikan
Indonesia (PPKI). Sauntara kuwi Syahrir nganggep PPKI arupa badan gawéyan Jepang lan proklamasi
kamardikan déning PPKI mung ateges 'hadiah' saka Jepang (sic).

Ing tanggal 14 Agustus 1945 Jepang nyerah marang Sekutu. Tentara lan Angkatan Laut Jepang isih
kuwasa ing Indonesia amarga Jepang wis janji bakal mbalèkaké kakuwasan ing Indonesia marang
Sekutu. Sutan Sjahrir, Wikana, Darwis, lan Chaerul Saleh krungu kabar iki liwat radhio BBC. Sawisé
krungu desas-desus Jepang bakal bertekuk lutut, golongan muda ndhesak golongan tuwa supaya
énggal mroklamasèkaké kamardikan Indonesia. Nanging golongan tuwa ora kepingin kesusu lan ora
gelem ana wutah getih nalika proklamasi. Konsultasi diayahi jroning wangun rapat PPKI. Golongan
muda ora nyetujoni rapat iku, ngèlingi PPKI iku sawijining badan sing dibentuk déning Jepang.
Golongan muda kepingin kamardikan saka usaha bangsa kita dhéwé, dudu pawèwèh Jepang.

Soekarno lan Hatta nekani panguwasa militer Jepang (Gunsei) kanggo konfirmasi ing kantoré ing
Koningsplein (Medan Merdeka). Ananging kantor kasebut kothong.

Soekarno lan Hatta bebarengan Soebardjo sabanjuré lunga menyang kantor Bukanfu, Laksamana
Muda Maeda, ing Dalan Medan Merdeka Utara (Rumah Maeda ing Jl Imam Bonjol 1). Maeda
nyambut kerawuhan rombongan iki kanthi ucapan slamet wis kasil ing Dalat. Sinambi njawab yèn
dhèwèké durung nampa konfirmasi sarta isih nunggu instruksi saka Tokyo. Samulihé saka Maeda,
Soekarno lan Hatta énggal nyiapaké patemon Panitia Persiapan Kamardikan Indonesia (PPKI) ing jam
10 pagi 16 Agustus ésuké ing kantor Jalan Pejambon No 2 kanggo ngrembug sing magepokan karo
persiapan Proklamasi Kamardikan.

Sedina sawisé kuwi, gejolak tekanan sing ménginaké pengambilalihan kakuwasan déning Indonesia
tansaya ndadra, dilancaraké déning para pemuda saka manéka golongan. Rapat PPKI ing 16 Agustus
jam 10 ésuk ora dilaksanakaké amarga Soekarno lan Hatta ora teka. Peserta rapat ora ngerti yèn wis
kedadéyan prastawa Rengasdengklok.

Prastawa Rengasdengklok

Para pemuda pejuang, klebu Chaerul Saleh, Sukarni, lan Wikana sing kobong semangat heroismené
sawisé dhiskusi karo Ibrahim gelar Datuk Tan Malaka sing kagabung jroning gerakan pendhem
kélangan kasabaran, lan ésuk umun=umun tanggal 16 Agustus 1945 bebarengan Shodanco Singgih,
salah siji anggota PETA, lan pemuda liya, nggawa Soekarno (karo Fatmawati lan Guntur sing isih
umur 9 bulan) lan Hatta, menyang Rengasdengklok, sing sabanuré misuwur minangka prastawa
Rengasdengklok. Tujuané yakuwi supaya Ir. Soekarno lan Drs. Moh. Hatta ora kapengaruhan déning
Jepang. Jroning patemon kuwi para pemuda ngupaya ngyakinaké Soekarno yèn Jepang wis takluk lan
para pejuang wis siap kanggo nglawan Jepang, kanthi résiko apa waé.

Anda mungkin juga menyukai