Anda di halaman 1dari 3

MURNI SI ANAK DURHAKA

Ing desa ono omah sing praseja. Omah iki di dunungi dening kaluwarga cilik.
Kaluwarga iki kalebu Bapak,Ibu, lan bocah sing arane Murni. Mrni yaiku bocah sing ora
gelem ngurmati wong tua.
Ing siji wengi,nalika sinau Murni krungu swara wong watuk. Swara watuk iku teko
soko Ibune sing mriang lan Murni dadi resah.
Ibu : “Uhuk..uhuk..”
Murni :”Ibu iki iso meneng po ora? Aku sek sianu iki lo.(Murni mangkel)
Ibu :”Hualah nduk,Ibu iki lagi Mriang,kok yo kon meneng.” (Karo swara lirih)
Murni :”Nek watuk yo maring dokter to! Mbrebeki wong wae!”
Bapak Teka ngampiri Ibu lan Murni sing lagi ribut iku
Bapak :”Enek opo to iki,kok rame temen,kok yo ra isin karo tonggone.”
Murni :”Ibu iki lo pak mbrebeki wong wae!”
Bapak :”Husssh....Ngomong karo wong tuwa iku ra oleh mbentak-mbentak ngono
Kui! Ayo nyuwun ngapuro maring ibu!”
Murni :”Moh! Ibu sing salah! Kudune Ibu sing nyuwun ngapuro maring aku! (karo
nada Mangkel Karo ngadek lan ninggalake Ibu lan Bapak)
Bapak :”Astaghfirullah..Nduk Nduk,”(Ngelus elus dada)
Ibu :”Wes wes pak,sabar mawon.”
Bapak :”Iyo bu.”
Esuke Murni mbengok mbengok neyluk Ibu lan Bapak mergane sepatune Murni Ora
ana.
Murni :”Pak Buk,endi to sepatuku!
Ibu :”Ibu ora ngerti nduk,wingi nang ndi nduk?
Murni :”Pokoke Ibu kudu nggoleti nganti ketemu.”
Nuli Bapak teka
Bapak :”Mur! Siti karo Karjo wis teka iki lo!.”
Murni :”Ibu! Sepatune gawanen rene! Bapak endi sangune? (karo tergesa gesa)
Bapak :”Bapak ora nduwe duwit nduk.”
Murni :”Bapak Iki piye to.Bapak iki kewajibane kudu nggolet duwit kanggo anak
anake!”
Ibu :”Nduk iki sepatune.”(karo nggawa sepatu)
Murni : (njiot sepatune)
“Jo,Ti ayo budal”
Murni,Siti,lan Karjo mlaku menyang sekolah. Ning dalan cah telu kuwi guneman.
Siti :”Murni,kowe ora oleh kasar marang bapak lan ibumu.”(radha nesu marang
Murni)
Murni :”Karep ku to!urip uripku,yo opo kowe ngatur!”
Karjo :“Bocah durhaka koe Mur! Ayo tinggalke bocah durhaka iki!”
Karjo lan siti mlaku ninggalke Murni.Teko sekolahan bel muni,kabeh murid padha
neng jero kelas.Guru guru padha mlebu kelas.
Bu Guru :”Assalamualaikum.”
Murid :”Wa’alaikum sallam bu guru.”
Bu Guru :”Seniki onten sing mboten mangkat?”
Murid :”Mboten Onten bu.”
Bu Guru :”PR sing wingi ato dikumpulake! Sing mboten nggarap maju!’
Murni langsung maju merga ora nggarap PR.
Bu guru :”nangapa kowe ora nggarap,mur?”
Murni :”Wonten gangguan bu.”
Bu Guru :”Gangguan nopo malih?”
Murni :”Ibu watuk watuk mawon,kulo dadi mboten fokus.”
Siti nyela percakapan.
Siti :”Murni niku gaweane mbentak mbentak wong tuwane lo bu!”
Bu Guru :”Opo Iyo,Mur?”
Murni :”Kulo mbentak,amarga ibu kenyih.”
Bu Guru :”Astaghfirullah.. Mangke sakwise pelajaran ibu,Murni melu ibu marang
Kantor.”
Murni :”Nggeh,bu.”
Bel istirahat muni.Kabeh Murid metu saka kelase dewek dewek.Murni nuli pergi
Menyang kantore Bu guru.
Murni :”Assalamualaikum.”(karo ngetuk lawang kantor lan mlaku menyang Bu guru)
Bu Guru :”wa’alaikum sallam.
Murni :”Wonten nopo,Bu?
Bu guru :”Lungguh kene,Mur!nopo bener kowe mbentaki ibumu?”
Murni :”Eee..nggih bu.”(nada gagap)
Bu Guru :”Ngono kui ora oleh mur! Marang wong tuwa iku kudu sopan!”
Murni :”Nggih bu.”
Bu Guru :”sesuk meneh ojo dibaleni maning,yo?”
Murni :”Nggih bu,kulo mboten mbaleni malih.”
Telpon ning kantor muni,Kring..Kring..Kring..Pak Guru ngangkat telpone
Pak Guru :”assalamualaikum. Niki sinten nggih?”
Bapak :”wa’alaikumsallam. Niki bapake Murni.”
Pak guru :”wonten nopo,pak?”
Bapak :”Murni di kengken dhateng rumah sakit angsal,pak?”
Pak Guru :”Angsal mawon,Wonten Nopo sih pak?”
Bapak :”Niku.. Ibune Murni sakit.”
Pak Guru :”ooo..nggeh pak,Mangke kulo kalih Murni teng rumah sakit.”
Bapak :”Matur nuwun pak.”
Pak Guru :”nggih pak,sami sami.”
Murni lan Pak guru dhateng rumah sakit niliki Ibune Murni.Sangantine teng rumah
Sakit. Murni langsung nemoni bapake nang ngarep UGD.
Murni :”Pak...Ibu teng pundi?”
Bapak :”Neng njero.”
Dokter mbukak lawang.
Murni :”Pripun bu dokter keadaanipun ibu?”
Dokter :”Ibu gadah penyakit jantung.”
Bapak :”Astaghfirullah.” (Kaget)
Saksampune Bapak,Murni,Lan Pak Guru krungu penyakite Ibu. Lajeng ibu nimbali
Bapak sing teng njaba.
Ibu :”paaak....Bapaaakk..”
Bapak :”Ono opo to bu?”
Ibu :”Pak,tulung jagikaken omah lan Murni,aku wis ora kuwat.”
Bapak :”Iyo bu.”
Bapak mbiantu Ibu ngucapkake Laaillaha ilallah. Lajeng Bu Dokter ngecekake detak
Jantunge Ibu.Jebulna Ibu Meninggal dunia.Dokter teras nutupake mata Ibu.
Dokter :”Innalillahi wainalillahi roji’un.”
Murni :”Ibu...Ibuu...”(Karo nangis)
Bapak :”Sabar yo nduk”(nangis juga)
Esukke Murni Lan Bapak kesah menyang kuburane Ibu.
Murni :Pak,Kulo nyuwun pangapurane.”(Sedhih)
Bapak :Iyo Nduk,Bapak apuntenaken,dadio bocah sing manut marang wong tuwa.”

*TAMAT*

Anda mungkin juga menyukai