Anda di halaman 1dari 2

Nama : Dhezon Pamungkas

Kelas : VIII B
No Absen : 11

Pawartos Basa Jawi

Panghargyan Pengetan Dinten Kamardikan

Tigangewu warga pereng merapi Desa Sukorini, Kecamatan Manis Renggo, Klaten,
tumut krido jalan sehat kamardikan Indonesia 73 tahun. Lare-lare ngantos lansia katingal
greget mahargya pengetan dinten kamardikan samangkih kangge kawigatosanipun warga,
panitia nyaosaken bebingah maniko piranti bale wisma lan piranti sekolah. Kepala Desa
Sukorini, Siswanto, mratelakaken jalan sehat lan lomba mars lagu kamardikan dipungelar
minoko rerangken pengetan kamardikaan Republik Indonesia ingkang kaping 73 tahun ing
tingkat desa. Puncakipun badhe dipungelar ing pungkasan wulan Agustus kanthi
dipunregengaken pangelaran kethoprak lan jathilan. Kejawi kangge nglipur warga krido
kasebat ugi dados kalodangan kangge memetri budaya adiluhung tilaranipun leluhur maneko
lomba dipungelar kanthi nuwuhake nasionalisme lan patriotisme. Warga kejawi warga Desa
Sukorini, warga padukuhan Krosok, Desa Ngrundul, Kecamatan Kebon Arum, Klaten
mahargyo pengetan dinten kamardikan kanthi nggelar maniko lomba antawisipun balap
karung estafet, bal-balan terong, lomba makan krupuk lan lomba lari klereng.

(Palaporan saking Klaten, Jawa Tengah, Purwanto, Jogja TV)

Sumber : Jogja TV
Wekdal : 19.20 WIB
Dinten : Senin Kliwon, 13 Agustus 2018

Pitakon Pawartos

1. Apa (What)
Pitakon : Menapa ingkang dipuntindhakaken warga pereng merapi Desa
Sukorini, Kecamatan Manis Renggo, Klaten?
Wangsalan : Warga pereng merapi Desa Sukorini, Kecamatan Manis Renggo,
Klaten, tumut krido jalan sehat kamardikan Indonesia 73 Tahun.
2. Kapan (When)
Pitakon : Kapan puncakipun panghargyan pengetan dinten kamardikan badhe
dipungelar?
Wangsalan : Puncakipun panghargyan pengetan dinten kamardikan badhe
dipungelar ing pungkasan wulan Agustus kanti dipunregengaken
pangelaran kethoprak lan jathilan.
3. Dimana (Where)
Pitakon : Wonten pundi warga nggelar maniko lomba?
Wangsalan : Maneka lomba dipungelar wonten Desa Sukorini, warga padukuhan
Krosok, Desa Ngrundul, Kecamatan Kebon Arum, Klaten
4. Siapa (Who)
Pitakon : Sinten mawon ingkang dherek panghargyan pengetan dinten
kamardikan?
Wangsalan : Lare-lare ngantos lansia katingal greget mahargya pengetan dinten
kamardikan samangkih kangge kawigatosanipun warga.
5. Mengapa (Why)
Pitakon : Kados pundi krida panghargyan pengetan dinten kamardikan
dipunwontenaken
Wangsalan : Kejawi kangge nglipur warga krido panghargyan pengetan dinten
kamardikan ugi dados kalodangan kangge memetri budaya adiluhung
tilaranipun leluhur maneko lomba dipungelar kanthi nuwuhake
nasionalisme lan patriotisme
6. Bagaimana (How)
Pitakon : Kados pundi panitia dhateng nyaosaken bebingah dumatheng para
warga?

Wangsalan : Panitia nyaosaken bebingah maniko piranti bale wisma lan piranti
sekolah.

Anda mungkin juga menyukai