Anda di halaman 1dari 2

Kepingin Sedekah

Joko saiki wis nyambut gawe ing kantor pelabuhan. Gajine cukup gedhe,nanging olehe
tugas mesti adoh, suwene limang taun lan kadang bisane mulih mung 6 wulan sepisan. Kadang
uga setaun sepisan, riyayay Idul Fitri blas ora tau mulih jalaran mesti oleh tugas ing posko
transportasi laut. Saiki dheweke wis pindah tugas ing Semarang, dadi bisa mulih seminggu
sepisan. Saben mulih Joko mesti ngajak ibu lan adhi-adhine dolan utawa mangan ing njaba.
Jarene arep nyaur utang amarga ora bisa nyenengake keluarga rikala diwenehi tugas sing adoh
mau.

Ing sawijining dina ing wayah sore,Joko ngajak ibu lan adhi-adhine metu mangan ing
salah siji warung ana pinggir dalan. Warunge Bu Sum pancen wis terkenal enak ayam penyet lan
sambel bawange. Ora salah yen iki mesti rame panggonanne. Sawise Joko sak keluarga mlebu
ing warung, kahanane grimis banjur udan deres. Ing njero warung wis ana wong telu ya lagi
ngenteni pesenan. Joko banjur pesen 4 porsi kanggo dheweke,ibune, lan 2 adhine.

Nalika ngenteni pesenan, Joko nyawang ibune lagi nglamun kaya mirsani sesuatu. Joko
banjur takon marang ibune.

“Lagi asik mirsani napa tha buu?”

“Oalah lee, kae lo delengen ana wong lanang ing njabane warung lagi anguk-anguk. Klambine
klebus lan kadhemen.”

“Inggih bu, lha terus pripun?”

“Ndeleng bapak kuwi kok mesakke banget ya le. Wis ngene wae, pesenno sego pitik sak porsi
maneh.Itung-itung kanggo sedekah, lan syukur amarga kowe diparingi rejeki akeh saka Gusti
Allah.”

“Inggih buu, kula matur bakule rumiyin.”

Ora let suwe, bakule teka nggawakake pesenan sing cacahe lima kuwi. Sing papat
diladekke marang Joko lan keluargane. Banjur Bu Sum takon

“Bu, niki sing setunggal dibungkus?”

“Mboten bu, mriki beta mriki.” Sega sing sak piring mau banjur ditampani karo ibune Joko lan
diulungake marang wong lanang sing ing njaba warung mau.

“Mangga Pak, dhahar niki kalih ngunjuk the anget kersane mboten kadhemen.Mboten sah
menggalih, mangkih putra kula sinh mbayar sekalian badhe sedekah.”

Wong lanang mau nampani sega mangu-mangu, karo bola-bali nyawang Bu Sum.
Mirsani kuwi,ibune Joko tanggap sega mau banjur diaturke Bu Sum.
“Bu nyuwun tulung niku dhahare diaturake bapak niku,mangkih putra kula sing mbayar.Menawi
mboten kersa,dibungkus mawon ben saget diasta kondur. Mesakke bu, sampun sepuh wis udan
kok kesah-kesah,mboten enten sing ndherekke.”

Bu Sum ujug-ujug ngguyu ngekek. “Lho alah bu, lha tiyang niki lo bojo kula,ben dinten teng
mriki ngrencangi kula sadeyan ngantos rampung.Yen nedhi nggih mangkih mboten sah dijajakke
jenengan.”

Krungu jawabane Bu Sum,ibune Joko mung bisa mlongo. Wong sing ing kana uga
ngguyu kabeh. Joko banjur ngandhani ibune. “Oalahh buk buk, ibu niku kok mboten taken-taken
rumiyin. Bakule kok dijajakke, dadi sungkan marang Bu Sum hehehe.”

Anda mungkin juga menyukai