Anda di halaman 1dari 2

3Tema : Pendidikan karater melalui gerakan pramuka

Assalamualaikum wr, wb

Salam Pramuka...... !!!

Dhumateng ngarsanipun bapak – ibu pembimbing ingkang kinurmatan, saha kanca –


kanca anggota pramuka ingkang kulo tresnani, langkung rumiyen kita sesarengan ngaturaken
raos syukur alhamdulillah kunjuk gusti Allah SWT ingkang sampun paring rahmat saha
nikmat dhumateng kulo ngi panjenengan sedaya.

Keparenga kulo matur sekedhik wonten ngarsa panjenengan sedaya babagan


piwucalan karakter ing kegiatan pramuka ingkang wajib dipun lampahi ing sekolahan.

Pramuka minangka kegiatan ekstra kurikuler ing sekolahan jumbuh sanget kaliyan
piwucalan karakter bangsa, amergi norma- norma pendidikan karakter sami kaliyan norma-
norma ing dasa darma saengga trep sanget menawi lumantar kegiatan ekstrakurikuler
pramuka pendhidikan karakter punika kawujud.

Ingkang kalebet piwucalan karakter antawisipun religius, jujur, toleransi, disiplin,


kerja keras, kreatif, mandiri, demokratif, raos kepingin mangertos, semangat kebangsaan,
tresna tanah air, peduli lingkungan, peduli sosial lan tanggung jawab, sedaya wau sampun
lumebet wonten norma – norma dasa darma.

Kanca- kanca pramuka ingkang kulo tresnani menawi kita sedaya saged
nggulawentah lan ngamalaken dasa darma wonten gesanging masyarakat, insya Allah kita
saged dados generasi mudha ingkang nggadahi kapribaden tangguh kangge ngadhepi
tantangan ewahipun pagesangan lokal, nasional lan global.

Para rawuh ingkang bagyamulya mekaten atur kulo wonten ngarsa panjenengan
sedaya, menawi kathah kalepatanipun kulo nyuwun samodra pangaksami.

Wassalamualaikum wr.wb

Salam Pramuka !!!


Uruta Gerakan PBB SD

1. Siap Grak
2. Lencang kanan grak + Tegak grak
3. Maju Jalan + Jalan ditempat grak + Hadap kiri berhenti grak
4. Lencang Kanan grak +Tegak grak
5. Hormat grak + Tegak grak
6. Ketua Group Laporan
7. Istirahat Ditempat Grak + Siap Grak
8. Hormat Grak + Tegap Grak
9. Setengah lengan lencang kanan grak + Tegap grak
10. Lencang kanan Grak + Tegap Grak
11. Berhitung
12. Hadap Kanan Grak + Lencang Depan Grak +Tegak grak
13. 2 langkah ke kiri jalan + 2 langkah ke kanan jalan
14. Hadap Kiri Grak + Jalan Ditempat Grak + Berhenti Grak
15. 3 Langkah kedepan jalan + 3 Langkah ke belakang jalan + 3 Langkah Ke kanan jalan
+ 3 Langkah ke kiri jalan
16. Hadap Kiri Grak 2x
17. Serong kiri grak 2x
18. Hadap Kiri Grak
19. Balik Kanan Grak + Maju Jalan +Berhenti grak
20. Balik Kanan Maju jalan + Berhenti Grak
21. Laporan
22. Lencang kanan Grak + Kepada Pembina Pramuka Hormat grak + tegap grak
23. Hadap Kanan maju jalan

Anda mungkin juga menyukai